The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by nuningkushandini12, 2022-11-10 22:34:37

PPL 3 Media Tembang Macapat.pptx

PPL 3 Media Tembang Macapat.pptx

Tembang
Macapat

2022/2023

Kangge Kelas XI Semester Ganjil

Dening: Nuning Kushandini

SMA Negeri 2 Banguntapan

Kompetensi Dasar

3.4 Menganalisis tembang macapat Durma.

4.4 Menampilkan cakepan tembang macapat Durma karya sendiri.

Indikator Pencapaian Kompetensi

3.4.1Peserta didik dapat menganalisis aturan dan isi tembang macapat
Durma. (C4)
3.4.2Peserta didik dapat membuat parafrase dari tembang macapat
Durma. (C6)
3.4.3Peserta didik dapat menguraikan ajaran moral dalam tembang
macapat Durma. (C4)
3.4.4Peserta didik dapat mencoba membaca titi laras tembang
macapat Durma. (P3)

4.4.1Peserta didik dapat mencipta cakepan tembang macapat Durma
sesuai aturan tembang. (C6)
Peserta didik dapat menampilkan tembang macapat Durma karya
sendiri. (P3)

Tujuan Pembelajaran

Melalui model pembelajaran problem base learning,
setelah menyimak powerpoint video tembang macapat
Durma:

1.Peserta didik dapat menganalisis aturan dan ajaran
moral tembang macapat Durma dengan tepat.

2.membuat parafrase tembang macapat Durma dengan
tepat.

3.membaca titi laras tembang macapat dengan tepat.
4.mencipta syair dan menampilkan tembang macapat

Durma dengan tepat.

minSeginngitkeaamn??tbiyarang

Peta Kompetensi Paugeran & MaTceampNabgta?rnipgta
Watak MaNcaepmabCta?anrga
TJeiMnmiasbcaanpgat?
Tembang
TeMmacbaapnagt? Macapat?

Penilaian Awal Pembelajaran

https://forms.gle/vKK
rAT2XehuKmh4A7

Tuladha Tembang Macapat

https://www.youtube.com/watch?v=RHypWucoWZE

Tembang Macapat

Tembang/ sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning
basa mawi paugeran tartamtu (gumathok) ingkang
pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan
swanten (Padmosoekotjo wonten ing Triwik Damarjati,
2017:31)

Jinis Tembang Jawa

Tembang Gedhe Tembang Cilik
(kakawin) (Macapat)

Tembang Tengahan
(kidung)

Tembang Macapat

Tembang macapat yaiku tembang cilik kang duwe
aturan/metrum/paugeran kang gumathok.

Macapat menika jarwadhosok saking tembung maca
lan pat, bilih tegesipun maos lan papat utawi
anggenipun maos saben gatranipun kapunggel 4
wanda 4 wanda.
macapat saking tembung maca lan mat. Mat saking
tembung Walandi maat "wirama" . Dados macapat
ateges maca kanthi maat, kanthi wirama lan rasa.

Jinising Jinising tembang
Macapat:
Tembang Macapat
1. Maskumambang
Jinisipun tembang macapat wonten 2. Mijil
11. Wondene urutanipun sekar 3. Kinanthi
macapat menika nggambaraken 4. Sinom
lampahing manungsa saking jabang 5. Asmaradana
bayi dumugi tumekaning pejah 6. Gambuh
(Damarjati, Triwik: 2017). 7. Dhandhanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Paugeran Tembang Macapat

1. Guru gatra
2. Guru lagu

3. Guru wilangan

Paugeran Tembang Macapat

1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris
saben sapada(bait) tembang.

Bener luput, ala becik lawan begja Guru Gatra???
Cilaka mapan saking
Ing badan priyangga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati-ati

Sakeh durgama
Singgahan den eling

Paugeran Tembang Macapat

1. Guru Wilangan inggih menika cacahing wanda
(suku kata) saben setunggal gatra.

Bener luput, ala becik lawan begja Guru
Guru wilangan = 12 Wilangan???

Cilaka mapan saking

Paugeran Tembang Macapat

1. Guru lagu inggih menika dhawahipun swanten
(vokal) ing pungkasaning gatra.

Bener luput, ala becik lawan begja Guru Lagu???
Guru lagu = a

Cilaka mapan saking

Paugeran & Watak Tembang Macapat



Cara Damel parafrase

Parafrase inggih menika nggancaraken tembang utawi
nggantos dhapukan ukara-ukaranipun tembang dados ukara

gancaran/limrah (Indonesia: puisi dados prosa).
Lampahipun inggih menika:

mangertosi tegesipun tetembungan ingkang dados dhasar
pandhapukipun tembang menika. Saged mawi link
https://sastra.org/leksikon.
Ukara tembang ingkang kaiket wewaton baliswara kedah
dipunudhar, liripun dados gancaran, dhapukanipun
tetembungan kedah dipunwalik. Tuladhanipun, gatra
tembang kinanthi ing gatra wiwitan “Anoman malumpat
sampun” dipunewahi dados Anoman sampun malumpat.

Menawi wonten tembung kawi utawi Jawa Kina
kedah dipunjarwakaken mawi tembung limrah.
Menawi migunakaken tembung garba, garbanipun
kedah dipunudhari.
Samangsa prelu kangge nglarasaken ukara
supados boten dados ukara ingkang wagu, para
siswa saged mbucal ugi nambahi tembung-tembung
sanesipun lan saged ngirangi menapa nambahi
ater-ater lan panambang menawi dipunraos prelu.
Kedah nggatosaken wewaton panganggenipun
pada ing ukara-ukara gancaran inggih jumbuh
ukara ingkang kedah dipunsigeng, ukara pitakon,
ukara pakon lan sanesipun.

Sasampunipun nyemak materi bab tembang macapat,
sumangga para siswa nindakaken :

1.Kadamela kelompok ingkang wosipun 6 siswa.
2.Para siswa kasuwun nganalisis paugeran tembang

macapat Durma.
3.para siswa damel parafrase/ gancaran saking

cakepan tembang macapat Durma.
4.Para siswa ngudhari piwulang (pesan moral)

saking tembang macapat Durma kasebut lajeng
dipunpadosi relevansinipun kaliyan kawontenan
jaman samenika.

(Saged mbikak LKPD)

Gladhen

Sumangga para siswa sami nggarap soal ing
andhap menika kanthi mandhiri.

https://forms.gle/KDk
dPZk1aX5oGceB8

Dudutan

1.Tembang Macapat wonten 11 jinisipun.
2.Tembang macapat gadhah paugeran inggih

menika guru gatra, guru lagu, saha guru wilangan.
3.Menawi badhe nyerat cakepan tembang macapat

kedah nggatosaken pauegranipun, nemtokaken
tema, milih tembung ingkang endah.
4.Saben tembang macapat menika gadhah piwulang
ingkang sae tumrap pagesangan.

Matur Nuwun


Click to View FlipBook Version