BAHAN AJAR
UNGGAH-UNGGUH BASA
https://jbbudaya.jogjabelajar.org/artikel/tata-krama-di-lingkungan-keluarga
Kangge Fase E/ Sem. Ganjil
SMAN 2 Banguntapan
Nuning Kushandini
MAHASISWA PPG DALJAB
KATERGORI 2
ELEMEN : Menulis
01 CAPAIAN PEMBELAJARAN (CP)
Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan,
akrriatihs,adnaantakruepaetisfadnatrei rutnuglisgauhn-tuukngbgeurbhKaDbgaKasEiaTt.RuAjuManPILsAecNara logis,
-
02 Kriteria Ketercapaian Tujuan pembelajaran:
1.Siswa dapat menerapkan undha usuk basa dengan
tepat.
2.Siswa dapat mengartikan kata-kata sukar dari contoh
percakapan dengan unggah-ungguh basa.
3.Siswa dapat mengidentifik asi undha usuk basa dari
contoh percakapan.
4.Siswa dapat membuat percakapan dengan unggah-
ungguh basa yang tepat di lingkungan sekolah.
PANGERTOSAN UNGGAH-UNGGUH BASA
Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning
basa miturut lenggahing tata krama
(Poerwadarminta, 1939:443). Andharan kasebut
gadhah makna bilih tiyang ingkang ngginakaken
unggah-ungguh basa, menawi wicanten utawi
sesambetan kaliyan tiyang sanes, basanipun temtu
badhe dipunarah-arah, dipuntata kanthi netepi
pranataning subasita, paugeraning tata susila murih
saged damel reseping manah lan minangka tandha
ngajeni dhateng tiyang sanes. Awit saking menika
unggah-ungguh basa raket sanget gegayutanipun
kaliyan tata krama. Kejawi saking menika, unggah-
ungguh basa ugi saged dipunwastani undha usuking
basa (tingkataning basa adhedhasar anggenipun
ngginakaken).
UNDHA-USUK BASA JAWA
Miturut Harjawiyana (2021) mratelakaken bilih nalika
jaman kejawen undha usuk basa Jawi gesang ngrembaka,
ngantos wonten mawarni-warni jinisipun. Liripun basa
ngoko lan krama taksih dipunwijang-wijang lan menawi
kagarba dados 6 (enem) jinis inggih menika basa ngoko,
madya, krama desa, krama, krama inggil, lan basa
kedhaton.
Salajengipun tumrap masarakat Jawi ing jaman samenika
undha usuk basa kasebut dipunraosaken sampun boten
cocog, boten lumampah malih, lan lajeng boten
dipunginakaken.
Pramila undha usuk basa ing jaman samenika dipunprinci
dados 4 (sekawan) inggih menika ngoko lugu,
ngoko alus, krama lugu lan krama alus/inggil.
Panganggening Undha -Usuk Basa
Panganggening Undha -Usuk Basa
Teks Pawicantenan
Kawaosa tuladha teks pawicantenan ing andhap
punika!
Saking waosan ing inggil menika katemtokna undha-
usuk basa ingkang dipunginakaken!
Teks Pawicantenan
Kawaosa tuladha teks pawicantenan ing andhap
punika!
Saking waosan ing inggil menika katemtokna undha-
usuk basa ingkang dipunginakaken!
Cara Damel Teks Paceltahon
1.Nemtokaken Tema
2.Nemtokaken paraga
3.Damel cengkorongan cariyos/ skenario
4.ngrakit tetembungan dados ukara-ukara
pacelathon
Para siswa kanthi kelompok, kadamela teks
pacelathon ingkang kedadosanipun wonten
salebeting pawiyatan kanthi ngginakaken
unggah-ungguh basa ingkang trep!
DUDUTAN
1.Unggah-ungguh basa inggih menika tata
pranataning basa miturut lenggahing tata krama.
2.Undha-usuk basa inggih menika tingkataning
basa adhedhasar anggenipun ngginakaken.
3.Undha-usuk basa kaperang dados 4 inggih
menika, ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, saha
krama alus/inggil.
RELEVANSI
1.Unggah-ungguh basa kedah dipunlestantunaken
kawontenanipun.
2.Jaman samenika senadyan sedaya sampun sami
majeng, nanging anggenipun tumindak kedah tetep
dipunjagi. Supados wonten raos ngajeni dhateng
sanesipun.
3.Pasinaon bab unggah-ungguh basa menika wigati
sanget, amargi minangka kupiya kangge
nglestantunaken saha damel para mudha jaman
samenika tetep mangertos kados pundi anggenipun
tumindak saha wicanten ingkang trep.
KAPUSTAKAN
Damarjati, Triwik. 2017. Wibawa Kelas X. Yogyakarta:
Dinas Pendidikan, Pemuda, dan Olahraga DIY.
Harjawiyana, S. Haryana dan Drs. Th. Supriya. 2021.
Marsudi Unggah-ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius
Hamzah, Lukman dkk. 2022. Sarita Diktat Basa Jawa Kelas
X. Yogyakarta: CV Sinar Pengetahuan