BAHAN AJAR
BUSANA JAWA
GAGRAG
NGAYOGYAKARTA
https://keepo.me/lifestyle/pakaian-adat-yogyakarta/
Kangge Kelas XI Semester Ganjil
SMA NEGERI 2 BANGUNTAPAN
Dening: Nuning Kushandini
MAHASISWA PPG DALAM JABATAN
KATEGORI 2
KOMPETENSI DASAR (KD)
KD PENGETAHUAN KD KETERAMPILAN
3.1.MEMAHAMI PEMAKAIAN DAN 4.1.PRAKTIK PEMAKAIAN
PENGGUNAAN SERTA PEMAKNAAN
BUSANA JAWA GAGRAG
DAN PENGGUNAAN BUSANA
NGAYOGYAKARTA.
JAWA GAGRAG
NGAYOGYAKARTA.
INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI (IPK)
3.1.1 MENENTUKAN BAGIAN BAGIAN BUSANA
4.1.1 PRAKTIK MENGENAKAN BUSANA JAWA
JAWA GAGRAG NGAYOGYAKARTA. (C3) GAGRAG NGAYOGYAKARTA. (P3)
3.1.2 MENGURAIKAN TATA CARA PEMAKAIAN
4.1.2 MENANGGAPI PEMAKAIAN BUSANA
BUSANA JAWA GAGRAG NGAYOGYAKARTA. (C4) JAWA GAGRAG NGAYOGYAKARTA. (P2)
3.1.3 MENGURAIKAN MAKNA YANG TERKAN-
DUNG DALAM SETIAP BAGIAN BUSANA JAWA
GAGRAG YOGYAKARTA. (C4)
TUJUAN PEMBELAJARAN
Melalui model pembelajaran problem base learning, pendekatan scientific
diskusi dan tanya jawab peserta didik dapat menentukan bagian,
menguraikan tata cara pemakaian, menguraikan makna, praktik
memakai, dan menanggapi pemakaian busana Jawa gagrag
Ngayogyakarta.
PETA KOMPETENSI
Busana Jawa
Busana Kakung Gagrag
Gagrag
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta
Busana Putri Gagrag
Makna Filosofi
Ngayogyakarta Perangan Busana Jawa
gagrag Ngayogyakarta
Praktik Busana Jawa
Gagrag
Ngayogyakarta
Faktual
Panganggening busana Jawi
ing adicara pasanggiri basa
Jawi ingkang
dipunwontenaken dening Dinas
Kebudayaan.
https://eksposisinews.com/disbud-kota-yogyakarta-
gelar- kompetisi-bahasa-sastra-aksara-jawa-
anjayeng-bawana
Busana Jawi asring dipunagem
saben dinten Kamis Pahing ing
sekolah utawi instansi wonten
daerah Ngayogyakarta.
hhttps://www.instagram.com/p/CKS5EpMM5c
-/? igshid=YzA2ZDJiZGQ=
Kasemaka video ing
andhap menika!
https://www.youtube.com/watch?
v=0r9PiD7lTJc
Konseptual
Busana Jawa Gagrag Ngayogyakarta
Busana utawi ageman minangka pralambang jatining
dhiri tumrap tiyang ingkang ngginakaken. Ing unen-unen
basa Jawi kangge panganggo dadiya sarana tegesipun
panggage busana menika kajawi mligi kangge
kasarasaning awak ugi kangge mangun jatining dhiri
satunggaling bangsa. Wonten malih ing unen-unen
busana rasa bawa ingkang tegesipun bilih busana punapa
kemawon ingkang rumaket ing badan miturut empan
papaning acara mesthi kemawon ndadosaken solahbawa
ingkang beda. Busana nemtokaken solah bawa. Ajining
raga saking busana, tiyang Jawa kedah saged
nggatosaken bab menika supados tansah dipunajeni
dening tiyang sanes. Sandhangan lahir manungsa
kawastan ing unen-unen ajining raga saka busana.
Tegesipun bilih raga saget dipunajeni utawi dipun aosi
manawi manungsa menika tansah njagi busananipun.
Busana Jawa Kakung Gagrag
Ngayogyakarta
Ageman Jawi dados pepenget tumrap sok sintena kemawon ingkang
angrasuk busana Jawi kedah mangertos werdi sarta trep-trepanipun.
Kejawi menika ugi mangertos babagan makna sinandhi ingkang sumimpen
wonten ing ageman Jawi. Kajawi njagi saking asrep lan benter, ageman
mracihnani dununging kasusilan sarta kaprajan, ingkang sampun
lumampah kanthi turun temurun ing Karaton Jawi.
Peranganipun busana Jawi kakung ingkang dipunangge ing
Ngayogyakarta ing wekdal sakmenika, saking nginggil dumugi ngandhap
kanthi urut kados ing ngandhap menika:
1.Udheng / Iket / blangkon
Udheng basa ngokonipun iket utawi dipunsebut blangkon menawi sampun
dados kantunangagem. Udheng anggenipun mangangge dipuniras.
Tegesipuniket ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng
dipunubedaken kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah ingkang
dipunwastani Udheng Jebehan. Iket / udheng minangka sarana
panutuping sirah, ingkang mengku piwulang supados manungsa sageda
ngiket raos gunggung dhiri / umuk, mila ingkang puniket menika sirah, jer
sirah menika papanipun sedaya pakarti pengangen – angening manungsa.
2. Rasukan
minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad manungsa kedah ngrasuk
utawi ngracut kapitadosan agami. Surjan manut andharan saking K.R.T
Jatiningrat TepasDwarapura Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kapethik
saking istirah siraa + jan ingkang ateges pelita utawi ingkang paring
papadhang. Surjan ugi asring winastan rasukan “takwa”. Jinising rasukan
tumrap kakung gagrag Jogjainggih menika:
Surjan Sembagi, utawi asring winastan surjan kembangan, menika
sejatosipun busana ingkang mligi dipunagem déning Sampéyan Dalem Ingkang
SinuwunSri Sultan Hamengkubuwana ingkang jumeneng nata, lan
ugi Sri Paduka Kangjeng Gusti Adipati Pakualam ingkang jumeneng nata.
Ananging adatipunugi kaginakaken ing upacara pawiwahan.
Surjan Lurik, surjan lurik ingkanglimrah kaginakaken
kawulaNgayogyakarta ing padintenanipun.
Surjan Polos inggih menika corekipun samar, saged kaginakaken ing
adicara-adicara mirunggan sajawining kadhaton.
Pranakan biru lurik telu papat,busana menika minangkabusana dhines
tumrapingabdidalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.
Atéla, wujuding busana kadosdéné jas kanthi werni polosan, adatipunbusana
menika dipunagem déning para abdidalem apangkat
bupati sapanginggil.
3. Sinjang /Dodot
Sinjang basa ngokonipun inggih menika “jarik” utawi “jarit” lan sewek (Jawi
Wetan). Dene basa kramanipun inggil inggih menika “nyamping”. Jarik
ngemu teges “aja serik” tegesipun boten pareng meri tumraping liyan.
Jarik minangka kain bathik ingkang dipunagem kanthi kaubedaken ing
badan nutupi jaja sak pangandhap. Dene watesipun suku ing nginggil
polok. Kain bathik ingkang kaagem nyampingan utawi sinjang kalawau,
saestu arupi wohing pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun
wiwit jaman kina.
4. Lonthong
Lonthong menika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken
tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod
temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel,
benangipun tenun agal, mila radi kaken. Setagen katutup lonthong, namung
setunggal sap. Ulesipun warni-warni, wonten ingkang cemeng,ijem, pethak,
naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangkenipun setagen menika
badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal saking
njawi.
5. Sabuk
Sabuk menika ageman ingkang dipunagem kangge nutupi setagen. Ancasipun
supados stagen boten ketingal. Kajawi menika sabuk ugi badhe dipunagem
kangge nyengkelitaken dhuwung ing sawingkingipun badan.
6. Kamus, Timang lan Lerep
Ingkang dipunwastani kamus menika awujud setut ingkang kadamel saking
bakalan kain bludru. Wiyaripun watawis 5 cm. Dene panjangipun watawis
120 – 150 cm. Kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel
saking bubatipun kapal (rambut jaran). Bongkotipun epek dipunpasangi
“timang”utawi gesper ingkang dipunangge nyandhet
ubetipun epek. Dene “lerep” kangge nlesepaken tirahaning epek supados
mboten kumlewer. Timang sartalerep limrahipun kadamelsaking “kuningan”
ingkang rinenggaukiran.
7. Dhuwung
Basa ngokonipun dhuwun inggih menika keris. Dene basa krama inggilipun
inggih menika wangkingan. Dhuwung wujudipun sanjata tumrap tiyang Jawi
ingkang adi luhung. Kawastanan adiluhung amargi sadonyamboten wonten
tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi
telaten, sabar sarta enepingmanah.
Dhuwung sawenehing gaman ingkangkadamel saking campurantosan,
pramila wonteningkang mastani ”tosan aji”. Wangunipun tipis panjang. Dene
cepenganipun dipunwastani ukiran. Wangunipun wonten ingkang jejeg (leres)
wonten ingkang ngolat-ngolet ingkang ugi dipun wastani “luk”. Dhuwung
manawi mboten dipunginakaken kedah dipunlebetaken ing wadhahipun.
Wadhahipun keris asring dipunwastani “warangka”.
8. Cenela utawi selop
Tembung cenela menawi dipunothak – athik gathuk inggih menika saking
tembung canthelana jroning nala. Cenela dipunagem ing sikil mengku teges
supados manungsa tansah sujud manembah marang Gusti .
Busana Jawa Putri Gagrag Ngayogyakarta
Piranti wujud wandaning busana putri, ing
antawisipun :
1. Sanggul saha Kerudung (hijab)
tumraping busana putriingkang tanpa hijab, sanggul
ingkangkaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta
inggih menika sanggultekuk, wondéné tumrap putri
ingkangsampun krama sagedngginakaken paes
kembang.
2. Rasukan kebaya tingkeban utawi kartinian
minangkarasukan kebaya ingkanglimrah kaginakaken
ing busana gagrag Ngayogyakarta, sanès kuthu
baru, sinaosa ingkang ngagem menika mawi hijab.
3. Stagèn
kaginakaken kanggé ngencengi sinjang.
Supadoskenceng, pangageming sinjangdipun
setageni. Tumrap kakung ngubet mangiwa, putri
ngubet manengen.Boten mawi paugerankadosdéné
lonthong ing busanakakung.
4. Jarit / sinjang
Sami kaliyan busana kakung, namung bèntenipun
wiron putri kadamel langkungalit, lan dhawahing
sèrèt sinjang wonten ing siring kiwa.
5. Cenéla/ Selop
Cenela putri adatipun wonten solipun ingkang radi
dhuwur saha wonten rerengganipun.
Tata Cara Miru Jarik
Miru inggih menika tata cara damel wiron utawi lempitan tetumpukan ing
salah satunggaling pucuking jarik. Piranti ingkang dipunbetahaken nalika miru
jarik saha ngagemipun inggih menika 1) jarik 2) penjepit kertas,3) tali/rafia, 4)
stagen/lonthong. Kedah migatosaken motifipun mliginipun motif
lereng,gurdha, makara, wahyu sampun ngantos kuwalik amargi
mangaribawani dhateng miru lan pangagemipun. Perangan jinising wiron jarik
inggih menika:
Wiron Jogja kakung seretipun pethak ing sisih kiwa saha agengipun kirang
langkung tigang driji. Ujung ingkang dhawah lebet dipun wiru langkung alit
(2 nyari), 3-5 wiron. Pangagemipun, ngubet mangiwa, wiron dhawah ngajeng
puser. Lerek kakung dipunwastani “sabetan asta tengen”. Swiwi Gurda
ngablak minggah saha lerek kakung saking tengen mandhap
mangiwa. Ujung sinjang ingkang dhawah njawi dipun wiru.
ukuran wiyar 2,5 – 3 nyari, cacah 7 – 9 wiron, gumantung panjanging
sinjang lan agenging badan ingkang badhe ngagem, seret sinjang pun
katingalaken. Menawi lereng/parang, nalika dipunagem, kasawang saking
ngajeng, lereng sinjang sami kaliyan dhoyonging dhuwung (klabang
pinipit) saking tengen mangiwa (kakung). Menawi kasawang saking
wingking cros
kaliyan dhoyonging dhuwung klabang pinipit
Wiron Jogja putri seretipun pethak ing sisih tengen saha agengipun kirang
langkung kalih driji. Pangagemipun ngubet manengen. Menawi lereng/parang,
nalika dipun agem, kasawang saking ngajeng, lereng sinjang cros kaliyan
lereng sinjang kakung. Lerek putri dipunwastani “sabetan asta kiwa”. Lerek
putri saking kiwa mandhap manengen. Ujung ingkang dhawah njawi dipun wiru
ukuran 1,5 – 2 nyari, ujung ingkang
dhawah nglebet boten dipun wiru.
Wiron engkol inggih menika wiron ingkang kadamel ngeluk/ ngengkol,
biasanipun kaginakaken dening para abdi dalem manawi pinuju sowan
wonten kraton.
Wiron Sala inggih menika wiron ing busana kajawen gagrag Sala seretipun
boten katingalaken. Wiron menika ngginakaken jarik gagrag sala
ingkang wernanipun soklat utawi soga.
Wiron sapit urang inggihmenika wiron kang asring dipunginakaken prajurit
utawi para pambeksa.
Tata Cara Miru Jarik
Miru inggih menika tata cara damel wiron utawi lempitan tetumpukan ing
salah satunggaling pucuking jarik. Piranti ingkang dipunbetahaken nalika miru
jarik saha ngagemipun inggih menika 1) jarik 2) penjepit kertas,3) tali/rafia, 4)
stagen/lonthong. Kedah migatosaken motifipun mliginipun motif
lereng,gurdha, makara, wahyu sampun ngantos kuwalik amargi
mangaribawani dhateng miru lan pangagemipun. Perangan jinising wiron jarik
inggih menika:
Wiron Jogja kakung seretipun pethak ing sisih kiwa saha agengipun kirang
langkung tigang driji. Ujung ingkang dhawah lebet dipun wiru langkung alit
(2 nyari), 3-5 wiron. Pangagemipun, ngubet mangiwa, wiron dhawah
ngajeng puser. Lerek kakung dipunwastani “sabetan asta tengen”. Swiwi
Gurda ngablak minggah saha lerek kakung saking tengen mandha
mangiwa. Ujung sinjang ingkang dhawah njawi dipun wiru ukuran wiyar 2,5
– 3 nyari, cacah 7 – 9 wiron, gumantung panjanging sinjang lan agenging
badan ingkang badhe ngagem, seret sinjang pun katingalaken. Menawi
lereng/parang, nalika dipunagem, kasawang saking ngajeng, lereng sinjang
sami kaliyan dhoyonging dhuwung (klabang pinipit) saking tengen mangiwa
(kakung). Menawi kasawang saking wingking cros kaliyan dhoyonging
dhuwung klabang pinipit
Wiron Jogja putri seretipun pethak ing sisih tengen saha agengipun
kirang langkung kalih driji. Pangagemipun ngubet manengen. Menawi
lereng/parang, nalika dipun agem, kasawang saking ngajeng, lereng
sinjang cros kaliyan lereng sinjang kakung. Lerek putri dipunwastani
“sabetan asta kiwa”. Lerek putri saking kiwa mandhap manengen. Ujung
ingkang dhawah njawi dipun wiru ukuran 1,5 – 2 nyari, ujung ingkang
dhawah nglebet boten dipunwiru.
Wiron engkol inggih menika wiron ingkang kadamel ngeluk/ ngengkol,
biasanipun kaginakaken dening para abdi dalem manawi pinuju sowan
wonten kraton.
Wiron Sala inggih menika wiron ing busana kajawen gagrag Sala
seretipun boten katingalaken. Wiron menika ngginakaken jarik gagrag sala
ingkang wernanipun soklat utawi soga.
Wiron sapit urang inggihmenika wiron kang asring dipunginakaken prajurit
utawi para pambeksa.
Makna Filosofis Busana Jawa
Kasemaka tatacara pangageming busana Jawa
ing andhap menika!
Busana Putri
https://www.youtube.com/watch?v=cCOmfLeapk8
Busana Kakung
https://www.youtube.com/watch?v=0r9PiD7lTJc
DUDUTAN
1.Busana Jawa menika salah satunggaling tilaran budaya
leluhur ingkang kedah dipunlestantunaken.
2. Busana Jawa gagrag Ngayogyakarta dipunbedakaken
dados busana kakung saha busana putri.
3. Perangan busana Jawa kakung kadosta blangkon/iket,
surja, lonthong, kamus timang, dhuwung, sinjang, saha
canela.
4. Dene perangan busana putri inggih menika sanggul,
kebaya tangkepan, stagen, sinjang, saha canela.
5. Saben perangan busana Jawa menika wonten makna
filosofinipun piyambak ingkang taksih trep menawi
dipunginakaken ing jaman samenika.
6. Nalika badhe ngagem busana Jawa, kedah nggatosaken
paugeran panganggenipun supados saged trep.
RELEVANSI
1.Nalika wekdal tartamtu mliginipun saben Kamis Pahing,
ing Ngayogyakarta sampun dipunwontenaken aturan
kangge ngagem busana Jawa gagrag Ngayogyakarta ing
wekdal kasebut. Pangajabipun supados busana Jawa
menika tetep lestantun, saged dipunmangertosi saha
saged damel remen para mudha anggenipun
nglestantunaken busan Jawa.
2. Kathah piwucal luhur ingkang saged dipunpendhet saking
makna filosofis busana Jawa. piwucal kasebut taksih trep
dipunginakaken ing jaman samenika.
KAPUSTAKAN
Setya Amrih Prasaja & Umi Kuntari.2019. WIBAWA: Wiyata Basa Jawa Kelas
XI. Yogyakarta: Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa
Yogyakarta.
Hayanto, Nur dkk.2022. LKS SARITA: Sarining Tata Basa Jawa. Yogyakarta:
CV Sinar Pengetahuan
ttps://www.youtube.com/watch?v=cCOmfLeapk8
ttps://www.youtube.com/watch?v=cCOmfLeapk8