Kelas VII Semester Genap Bahan Ajar Bahasa Jawa Wiji Budi Lestari Cerita Wayang Ramayana "Kidang Kencana " MTsN 1 Cilacap
W Wayang kuwi apa ya? J ujude kaya apa ya? inise apa wae ya? 1
Pangerten wayang Wayang kuwi asale saka tembung wod kang nduwe teges pada karo tembung “ wewayangan ” nanging ora nganggo rerimbagan dwipurwa lan panambang –an. Wayang kuwi wewayangan/gambaran watak lan jiwaning manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan dhiri pribadhine manungsa. Wayang biasane dipentasaken nganggo boneka kang wujud 2 dimensi lan 3 dimensi, lumrahe katon endah lan ana wewayangane, kang dilakokake dening dhalang kanthi diiringi gamelan. Sejarah wayang Wayang dikenal dening masyarakat Jawa wiwit taun 700 Saka/778 M. Crita wayang kang ngrembaka ana ing Jawa kuwi nduwe punjer saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang wis diadaptasi karo budayane wong Jawa. Wayang dipentasake dening dhalang kang diiringi gamelan slendro lan pelog. 2
Sejarah wayang Miturut pamanggihe Satoto kanthi adhehasar luwih saka sawijining dhata, bilih sejarahe wayang kaya ing ngisor iki: Wayang wis ana awit Jaman Airlangga (980 Saka/1028M), wiwit abad IX SM ing kraton Kediri wis ana pagelaran wayang Wayang kuwi migunakake boneka saka kulit kang inukir Wayang kuwi dipentasake/diproyeksikakae ana ing kelir Dhalang nglakokake peran paraga watak sing diwujudake ana ing wayang (wataking paraga) Wayang nalika semana wis ngrembaka amarga akeh masyarakat kang seneng Abad XII SM pagelaran wayang wis mignakake gamelan kanggo ngiringi Pagelaran Wayang mligine wayang kulit wis dadi sarana panglipur masyarakat Jawa Pangertene wayang wis ngerti. Sejarahe wis ngerti. Terus.....jinis-jinise wayang apa wae ya? 3
Jenis-jenise wayang Wayang Purwa Wayang Purwa uga asring sinebut wayang kulit. Wayang iki salahsawijining wayang Jawa kang digawe saka welulang (kulit kewan kayata lembu, kebo, lan sapanunggalane). Ceritane kajupuk saka kakawin Ramayana lan Mahabharata Wayang Beber Wayang iki digawe saka kain utawa welulang kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan ngandharake siji cerita, menawa wis rampung, beberan kuwi digulung lan dibeber cerita sabanjure. Wayang iki digawe nailika jaman Majapahit. Wayang Klithik Wayang klithik kuwi uga sinebut wayang krucil. Wayang iki kagawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. Wayang iki duwe ciri khas yaiku yen ditanggap ora nganggo gedhebog tancepane nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Carita kang kerep ditanggapke ya iku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait. Wayang Golek Wayang golek uga kawentar kanthi jeneng wayang Tengul. Wayang iki digawe saka kayu lan disandhangi kaya denen manungsa. Sumber cerita wayang golek kajupuk saka sejarah, kayata cerita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, lan sapanunggalane. Wayang Gedhog Wayang gedhoh wujude meh padha karo wayang kulit. Wayang iki digawe kurang luwih taun 1400-an. Sumber cerita wayang gedhog kuwi nyritakake ratu ing Tanah Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri lan sapanunggalane. Wayang iki saiki mung bisa ditemokake ing museum. 4
Wayang Menak Wayang menak digawe saka kayu kang digawe persis kaya dene manungsa. Cerita ana ing wayang menak iki babagan dakwah islam, kadosta Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi. Wayang Wong Wayang wong yaiku wayang kang diparagakake dening manungsa lan ana tariane. Sumbering cerita wayang iki padha kaya wayang kulit, yaiku saka kakawin Ramayana lan Mahabharata. Paguyuban wayang wong kang kondhang yaiku Ngesthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta), Barata (Jakarta). Wayang Kancil Wayang Kancil ugi kawentar kanthi jeneng wayang Dupara. Wayang iki digawe saka welulang (kulit kewan kaya dene lembu, kebo, lsp). Cerita ing wayang iki nyeritake cerita kancil. Wayang Wahyu Wayang wahyu yaiku wayang kang digawe dening Bruder L. Timotius Wignyosubroto, FIC. tanggal 2 Februari 1960, sumber carita wayang saka Alkitab utawa Injil. Wayang iki kanggo nyiarake agama Katolik marang sadhengah umat ing Tanah Jawa. Wayang Jemblung Wayang jemblung yaiku wayang kang digawe saka kayu lan disandhangi persis kaya manungsa. Wauang iki sumebar ana ing laladan pesisir lor Jawa, kayata Blora lan Cepu. Cerita kang dicritakake wayang jemblung kuwi babagan Cacad kaya kethoprak. 5
Saiki aku wis ngerti jinisjinise wayang. Saiki aku arep sinau Cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana, jumbuh karo materi pelajaran Basa Jawa kelas 7 6
Ramayana iku asale saka basa Sansekerta Ramayana, yaiiku saka tembung Rama lan Ayana sing tegese Lakuning Rama ana ing sawijining crita epos/kepahlawanan saka tanah India kang dianggit dening Resi Walmiki. Crita Ramayana iki ing kasusastran Jawa wujude kakawin Ramayana kang migunakake basa Jawa Kuna. Kakawin Ramayana iki kawujud saka 7 (sapta) kandha/kitab, yaiku : Balakandha Isine nyritakakae Prabu Dasarata ing Ayodya sing duwe garwa telu, yaiku Kosalya, Kekayu, lan Sumitra. Saka garwa mau banjur peputra Rama, Bharata, Laksmana, lan Satrughna. Banjur Sang Rama kasil menang sayembara lan nggarwa Dewi Sinta, putri Prabu Janaka. Ayodyakandha Isine ngenani nglembarane Rama ana ing alas Dhandhaka bareng karo Dewi Sinta lan Laksamana amarga saka panjaluke Dewi Kekayi. Prabu Dasarata seda marga wis tuwa lan Bharata ora gelem dijumenengake raja malah banjur nyusul Rama ing alas Dhandhaka. Rama wegah bali menyang kraton, pungkasane Bharata kapeksa dadi ratu makili Rama. Aranyakanhda Isi ceritane Rama, Sinta, lan Laksmana ing tengah alas lara lapa nglembara nganti Sinta kesengsem kidang kencana banjur didhusta dening Rahwana lan perange antarane Jatayu karo Rahwana. Kiskindhakandha Perangan iki nyritakake ketemune Rama karo Sugriwa, lan perang kakang adhi antarane Sugriwa karo Subali. Amarga pambiyantune Rama, Sugriwa bisa menang banjur nyawiji kanggo nglurug perang mungsuh Rahwana ing Ngalengka. Sundarakandha Isine bala wanara andhahane Sugriwa mbangun kreteg kanggo liwat prajurit saka dharatan Indhia nyabrang segara tekan Alengka. Banjur Rama ngutus Anoman dadi sisik melik menyang Ngalengka. Anoman kecekel banjur diobong nanging bisa slamet bali sowan dhateng Rama. Yuddhakandha Ing perangan pungkasan iki, nyritakake perang gedhe antarane Rama sing dibantu dening Sugriwa sabalane mungsuh Rahwana lan prajurit raseksa. Amarga saka pambiyantune Wibisana, adhine Rahwana sing katundhung lunga, Rama bisa menangake paperangan Rahwana tumekaning pralaya. Rama lajeng bali bareng Dewi Sinta 7
Ayok saiki kenalan karo paraga wayang Ramayana "Kidang Kencana " 8
Dewi Sinta kuwi garwane Prabu Ramawijaya saka Pancawati. Kasatriyane Dewi Sinta saka nagara Manthili. Dewi Sinta kuwi putrane Prabu Janaka. Dheweke dipercaya mingangka titisane Batari Sri Widowati garwane Batara Wisnu. Dewi Sinta nduweni sipat setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, lan narima. Kadigdayane yaiku ora bisa kobong ing geni. Dasanamane Dewi Sinta yaiku Dewi Janaki. Paraga Wayang Crita Kidang Kencana Ramawijaya Ramawiyaja kasatriyane ana ing Pancawati. Gamane yaiku panah Gunajiwa. Rama kagungan sipat bela kautaman, belani tumindak leres, njejegaken perkawis kanthi adil, ngayomi para brahmana lan kawula. Garwane Ramawijaya aran Dewi Sinta kang asale saka Manthili. Dasanamane Ramawijaya yaitu Ramayana, Ramaragawa, Ramacandra, Rawadewa lan Raguputra. Ramawijaya iki putrane Prabu Dasarata raja ing Ayodya lan ibune yaiku Dewi Kusalya. Rama ugi nduweni papat sedulur kang beda ibu yaiku Leksmana saka Permaisuri Dewi Sumitra, Bharata, Satrugna, lan Dewi Kawakwa saka Permaisuri Dewi Kekayi. Ramawijya karo Dewi Sinta uga nduwe putra loro kang aran Lawa lan Lusya. Dewi Sinta Laksmana Laksmana kuwi rayine Prabu Ramawijaya saka ibu Dewi Sumitra. Kasatriyane ana ing nagara Girikastuba. Laksamana kuwi minangka kesatria brahmacari utawa kswatria kang ora kawin (ora nduwe garwa). Aji-aji utawa gaman kang diduweni Laksmana yaiku Jemparing Naracabala, Panah Banuwasta, Rajah Kalacakra, lan mantra Kalacakra. Laksaman nduweni watak kang jujur, bekti dhateng sedherek sepuh, santosa ing tekad, tansah bela ingkang leres, jejegaken prekawis kanthi adil, seneng ngayomi lan paringpitulungan marang wong liya kang sengasar lan kaaniaya. Dasanamane yaiku Widagwa, Sumitratmaja. Dasamuka kuwi nduweni dasanama Rahwana, wis-rawaputra, Sukesiputra, lan Dasawanda. Kasatriyane ana ing nagara Alengka. Gaman utawa ajiajine yaiku pedhang mentawa utawa pancasona. Kadigdayane yaiku angel mati jalaran siahipun ana sepuluh lan ora bisa mati. Watake Dasamuka iki nduweni watak kang angkara, sumongah sasorangan, wengis, kejem, lan licik. Dasamuka iki putra saka Resi Wirsawa kaliyan Dewi Sukesi putrine Prabu Sumali ing Alengka. Dasamuka nduweni sedulur telu kang aran Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka, lan Wibisana. Dasamuka 9
Kalamarica wujude raseksa kang mapan ing alas Dhandhaka. Dheweke minagka sawijining patihe Dasamuka saka nagara Alengka. Kalamarica iki kang malih dadi kidang kencana nalika Dasamuka arep ndhusta Dewi Sinta ing alas Dhandaka. Nalika kuwi, Kalamarica ora gelem ngestokaken dhawuhe Dasamuka, ananging dheweke arep dipateni yen ora manut marang Dasamuka. Kamangka Kalamarica banjur gelem ambiyantu Dasamuka malih dadi kidang kencana kang endah banget. Kalamarica/Kidang Kencana Jatayu kuwi wujude manuk kaya dene manuk Garuda kang gedhe banget lan bisa ngomong kayadene manungsa. Jatayu kuwi putra kaping telu saka Resi Briswara kang isih titisan langsung saka Dewi Brahmanistri, putri Batara Brahma. Jatayu nduweni telung sedulur kandhung yaiku Garuda Harna, Garuda Brihwan, lan Sempati. Jatayu kuwi kanca rakete Prabu Dasarata raja ing nagara Ayodya. Ana ing cerita Ramayana, Jatayu iki kang bakal nulungi Dewis Sinta nalika didhusta Prabu Rahwana ing alas Dhandhaka. Jatayu Anoman Anoman kuwi wujude wanara kang wulune putih ananging bisa ngomong lan nduweni tata krama kaya dene manungsa. Dasanamane Anoman yaiku Anjani Putra, Bayudara, Kapiwara, Palgawa Seta, Maruti, Ramanda, Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Maruta, Prabancana, lan Resi Mayangkara. Kasatriyane ana ing Kendhalisada. Gaman kang diduweni Anoman yaiku Aji sepiangin, aji pameling, lan aji mundri. Kadigdayane yaiku yen mlaku kaya angin, gampang mangerteni yen dibutuhaken, lan kekuwatan tangane ngedap-edapi. Watake Anoman yaiku santosa ing tekat, jujur, kendel, bekti lan setya dhateng Gusti. Sarpakenaka kuwi adhine Prabu Dasamuka utawa Rahwana. Kasatriyane ana ing Alengka. Sarpakenaka putrine Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi. Sarpakenaka nduwe garwa Ditya Karadusana, Wirupaksa, Animpraba, Pratamadagni, lan Wilugangga. Wengis, kejem, srakah, lan lemeran kuwi mawu watake Sarpakenaka. Kadigdayane yaiku trengginas lan ora nduwe rasa wedi. Banjur, aji-ajine Sarpakenaka yaiku kuku asta kang mawa wisa. Sarpakenaka 10
Indrajit Indrajit dasanamane yaiku Megananda. Kasatriyane ana ing nagara Bikukungpura. Gaman utawa aji-ajine Indrajit awujud panah Wijalita kang saged ngetokake latu, panah rante Wimahanasta kang bisa ngetokake wisa, lan panah Nagasapa kang bisa dadi sawer maewu-weu utawane aji sirep. Kadigdayane yaiku nduweni kekuwatan kanggo nelukaken ratu-ratu jajahan, bisa mabur, lan nyipa kembarane akeh banget nganti maewu-ewu. Indrajit nduweni sipat sumonggah sasorangan, kendel, lan santosa ing tekad. Garwane yaiku Dewi Sumbagawati lan Dewi Indraningrum. Kumbakarna kasatriyane ana ing Panglebur gangsa. Kumbakarna iku nduweni watak jiwa kasatriyan, jujur, mbelani tumintak apik, lan ngrungkepi pertiwi. Kadigdayane yaiku bisa numpes bala wanara lan gamane yaiku gedhog menga sarta pethakgelak sakethi. Dasanamane Kumbakarna yaiku Arya Lemburgangsa. Kumbakarna Dewi Trijatha Dewi Trijatha kuwi kasatriyane ana ing Alengka. Dewi Trijatha putrine Raden Wibisana lan Dewi Tirtawati. Watake yaiku setya bekti dhateng guru lan Gusti, tanggungjawab, mbelani tumindak bener, lan kautaman. Dewi Trijatha kagarwa Kapi Jembawan lan nurunaken Jembawati. Dewi Trijatha iki kang ngancani Dewi Sinta nalika ana ing kraton Alengka sawise didhusta dening Rahwana. Wibisana minangka putra ragil saka Wirsawa lan Kaikesi. Wibisana kuwi adhine Prabu Rahwana. Wibisana kagungan garwa yaiku Betari Tirwati lan nduweni putra Dewi Trijata lan Bisawarna. Ana ing Cerita Wayang Ramayana, Wibisana ora mbala kangmase Rahwana ananging mbela Ramawijaya Wibisana 11
Bareng wis ngerti paragane wayang, ayok diwaca ceritane wayang Ramayana kanthi lakon Kidang Kencana 12
Kidang Kencana Kocap kacarita sawise nglakoni paukuman 15 taun, Rama, Sinta lan rayine yaiku Laksmana tekan tengahing alas Dhandhaka. Ana ing alas padha leren sawetara wektu, awit ngrasakake sayah. Ora watara suwe ana kledhange kidang kang ulese cumlorot kuning pindha emas, mula aran kidang kencana. Sinta rumangsa kepranan atine kepengin banget bisa nduweni kidang kencana. Gandheng panjaluking garwa kang banget ditresnani, Rama enggal-enggal ngoyak kidang kencana. Ananging sadurunge, meling marang adhine yaiku Laksamana supaya njaga mbakyune yaiku Sinta. "Lesmana tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake sliramu. Aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhwekekan!" "Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, ngatos-atos kangmas." Mangkono ature Laksmana. Lumayune kidang banter banget ora nyana wis tekan tengahing alas kang gung liwang liwung, peteng ndhedhet lelimengan. Ora watara suwe Rama ngerti kumlebate kdiang. Ageage Rama menthang gandhewa, kidang banjur kapanah kena awake. Eloke lelakon kidang mau malih rasesksa aran Kalamarica kang njreit karo ngrerintih, sambat-sambat ngrasakake lara. Sinta ngira menawa swara iku swarane Rama kang kelaran amarga nemu bebaya ing tengahing alas. Sinta banjur dhawuh marang Lasmana supaya nulungi Rama. "Dhimas kae swarane kangmasmu kang lagi nampa bebaya, enggal paranana, tulungana kangmasmu dhimas." Mangkono ature Sinta marang Laksmana. "Nyuwun pangapunten Kakangmbok, menika sanes swantenipun Kangmas Rama. Menika swanten priyantun sanes." Mangkono ature Laksmana. Laksmana asung pemut menawa iku dudu swarane Rama. Ananging, Sinta tetep puguh lan percaya menawa iku mau swarane Rama. Wusana, Laksmana nuruti dhawuhe Kakangmbok Sinta, banjur nyusul Rama menyang tengah alas. Beda kang cinarita, Rama bali arep nemoni Sinta lan Laksmana, ana tengahing dalan kepethuk Laksmana banjur wong loro bebarengan bali menyang papane Sinta. Saeba kagete Rama lan Laksmana jebul Sinta ora ana. Banjur, padha nggoleki ana ing ngendi dununge Sinta. Ora wetara suwe ing tengah dalan Rama lan Laksmana kapethuk Jathayu kang awake kebak tatu. Rama ngira yen Jathayu nyidra Sinta. Ananging, Jathayu crita menawa dheweke mentas nulungi Sinta sing diglandhang dening Prabu Rahwana ratu ing nagara Alengka. 13
Saka cerita Kidang Kencana mau, jebul akeh tembung sing ora takngerteni. Coba ditegesi bareng-bareng, mesthi bakal gampang. 14
Nyilakani, nglarani, nyolong Tembung-tembung Angel lan Tegese Tembung Teges Kocap Rayi Sayah Kepranan atine Garwa Mbedhag Gendhewa Dhawuh Swanten Asung pemut Puguh Dunung Nyidra Kacarita, kaucap Adhi Kesel Tertarik, kesengsem Sisihan, bojo Ngoyok, mburu Panah Prentah, omongan Swara Ngemutake, ngelingake Teteg, mantep Paran, panggonan 15
Kira-kira unsur ceritane ana apa wae ya? 16
Unsur Instrinsik ing Cerita Tema Tema yaiku gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh Alur/Plot Alur Maju : crita urut saka wiwitan tekan pungkasan Alur Mundur : crita kang dicritakake nggambarake biyen-biyene/urutan critane saka mbiyen tekan saiki Alaur Campuran : crita kang dicritakake campuran urutane saka maju lan mundur Setting/Latar Wektu : wingi, dina , jam, taun, lan sapanunggalane Papan : panggonane ana ngendi, tuladhane ana alas, pasar, kutha, njero omah, lan sapanunggalane Swasana : nudhuhake kahanane, tuladhane sedhih, nrenyuhake, nengsemake, nggegirisi, lan liyan-liyane Paraga lan Penokohan Protagonis : paraga utama kang watake apik Antagonis : paraga kang watake ala Tritagonis : paraga kang netral utawa dadi pambiyantu antarane protagonis lan antagonis Amanat Amanat yaiku pesen kang arep diaturake marang pamaos cerita Cara Mawas/Sudut Pandang Cara mawas utawa sudut pandang yaiku dununge panulis ing carita wong kapisan, wong kapindho, lan wong katelu 17
18 Cara Nulis Ringkesan Cerita Nalika arep nulis ringkesan cerita, kudu nggatekake perangan-perangan kaya ing ngisor iki : Maca lan mahami teks cerita Nulis ide pokok paragraf Nulis nganggo basane dhewek Ringkes lan nggunakake ukara efektif Diwaca lan ditliti malih asiling ringkesan wis urut apa durung
Daftar Pustaka Suyono. 2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas VII. Klaten : CV Sahabat Priyantono & Sawukir. 2014. Marsudi Basa lan Sastra Jawa Kanggo SMP lan MTs Kelas VII. Jakarta : Erlangga https://drive.google.com/file/d/1HeTosPUNPOnFVIdw6E23QpKNcOuNvCN/view https://www.kompasiana.com/rahmanwe/5aa32d36cbe52315f61b44f2/waya ng-golek-mahabudaya-yang-tak-lekang-oleh-waktu (Diakses tanggal 07 Juni 2023. 22.51 WIB) https://www.suaramerdeka.com/hiburan/048366090/kisah-pewayanganmengenal-tokoh-gunawan-wibisana-adik-rahwana-yang-berpihak-padarama (Diakses tanggal 07 Juni 2023, 22.15 WIB) https://pameranbersama.ranggawarsitamuseum.id/wayang-kancil/ (Diakses tanggal 07 Juni 2023. 22.10 WIB) 19