GEGurITAN Kelas IX MTsN 1Cilacap
Apa kuwi geguritan?
PANGERTENE GEGURITAN Geguritan asale saka tembung lingga "gurita" yaiku owah-owahan saka tembung "gerita". Tembung "gurita" iku asale saka tembung lingga "gita" kang nduweni teges tembang utawa syair. Miturut kamus, geguritan yaiku salah sawijining karya sastra Jawa kang awujud saka rasa ing ati kang diungkapake kaliyan penyair utawa panganggit nganggo basa kang duwe irama, rima, bait, lan cakepan kang nduweni arti utawa makna ing lirik geguritane. geguritan uga kawujud saka pangrasaning ati lan pikirane panganggit. Ana ing basa Indonesia, geguritan diarani puisi.
Kepiye titikane geguritan?
Titikan Geguritan Nduweni pathokan/aturan geguritan kayata nduweni guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan Nduweni makna/arti ing cakepane (lirik) Nduweni basa kang endah lan menthes Jeneng pengarange/panganggite ana ing sangisore irah-irahaning geguritan
STRUKTUR GEGURIT AN STRUKTUR GEGURIT AN
Struktur Fisik Geguritan pamilihing tembung (diksi) pengimajinasian lelewaning basa purwakanthi
Struktur Batin Geguritan Tema gagasan baku kang dadi dhasaring geguritan Swasana swasana batin pamaos sawise maca geguritan
JOURNAL DATE: Nada Sikap batin penganggit kang arep diekspresikake marang sing padha maca. Tuladhane : seneng, susah, sedih, nyindhir, lsp Amanat Pepeling/pesen kang pengin diandharake panganggit kanggo wong kang maca utawa ngrungokake
Ciri Basane Teks geguritan MAKE H A P P E N
Pilihane tembung kang endah, mentes lan mantesi, upamane: ”Tak ukir gurit kang merak ati”. Sing nduwe teges nulis geguritan kang gawe atine bungah, lan sapanunggalane Migunakake tembung Kawi, upamane: ”Tak ukir gurit kang merak ati”. Tembung gurit iku tembung kawi, kang nduwe teges, kidung, tembang, utawa tulisan Rinakit kanthi tipografi kang jumbuh karo isi, pesan moral, lan gagasan kang diandharake. Migunakake wirama lan basa rinengga 1. 2. 3. 4.
Basa rinengga kang ana ing geguritan, utawa ing tembang macapat biasane wujud tembung saroja, upamane: tembung edipeni, gemah ripah, ayem tentrem, lan sapanunggalane. Uga ana purwakanthi, kayata ati karep ananging bandha cupet (purwakanthi guru swara), kados bapak ibu kang wus paring asah, asih, asuh (purwakanthi guru sastra), asung bekti, bektine kawula marang Gusti (purwakanthi guru basa) BASA RINENGGA
Jinising Geguritan
GEGURITAN GAGRAG LAWAS Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan sing isi kaiket karo paugeran tartamtu, biasane ditulis ing pupuh-pupuh tembang. Geguritan iki uga kalebu tembang utawi lelagon kang nganggo purwakanthi guru swara
TITIKAN GEGURITAN GAGRAG LAWAS Diwiwiti kanthi tembung "Sun gegurit" Nganggo pathokan/aturan (guru lagu, guru wilangan, guru gatra) Biyasane kadapuk saka sekawan gatra lan migunakake purwakanthi guru swara Basane menthes lan endah ana aran pangripta/panganggit Cacahing gatra/larik ora ajeg, ananing sithik-sithike papat Cacahing wanda (suku kata) saben gatra/larik kudu padha akehe Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut
TULADHA GEGURITAN GAGRAG LAWAS Bapak Saha Ibu Sun gegurit Bapak Saha Ibu Pengorbanan saha katresnanmu Mboten pedhot paring lakuning wektu Awujud cahyaning lintang wonten langkit biru Tanpa panjenengan Krasa luwih abot anggen kula mlampahj Menawi wonten tumindak kula ingkang lepat Panjenengan tulung paringi kula nasihat
GEGURITAN GAGRAG ANYAR Geguritan gagrag anyar yaiku geguritan kang ora kaiket dening paugeran tartamtu. Biasane geguritan iki wis migunakake basa Jawa jaman saiki. Saben pada (bait) ana ing geguritan iki ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhing swara (persajakan). Pangrita/panganggit mardika (bebas) anggone medharake karep.
Titikan Geguritan Gagrag Anyar Ora kaiket guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan Surasa/isi geguritan menthes lan padhet Basane endah Ngandhut piwulang, kritik, protes, pangareparep, lan liya-liyane
Pamitku Marang Alumniku Tuladha geguritan gagrag anyar dening : Aries Irianti Bapak lan Ibu guru sarta kanca-kancaku Ana ing pungkasaning pawiyatan iki tak ukir gurit kang merak ati Amarga werna-werna kaendahan Wis tak lakoni ing sekolahan iki Bapak lan Ibu guru sarta kanca-kancaku Ana ing pungkasaning pawiyatan iki tak ukir gurit kang merak ati Amarga werna-werna kaendahan Wis tak lakoni ing sekolahan iki
Bapak lan Ibu guru Kang tansah kebak asih Sepi ing pamrih Lilakna aku nyuwun pamit Kabeh kang diparingake Ana ing pamulangan iki Tak ukir ana jroning ati Dhuh Bapak lan Ibu guru sarta kanca-kancaku Kang putra nyuwun pangestu Anggenipun KUla badhe sinau Para putra nyuwun pandonga Mugiya ing tembe Dados manungsa kang piguna Tumrap nusa bangsa lan agama Bapak lan Ibu guru, sarta kanca-kancaku Lilakna aku nyuwun pamit Kapethik saka Wursita Basa Kelas IX 2016
Mahami Teks Geguritan Geguritan iku lumrahe dumadi saka irah-irahan (judul) lan gatra (larik). Larik-larik kang kasusun mau mujudake ukara utawa perangane ukara sing ditata saka ndhuwur mangisor. Biasane panganggit nusun papat utawa limang larik dadi sakelompok (bait). Saben bait mau nduweni sesambungan antarane bait siji lan sijine.
Urut-urutane nalika mahami geguritan : Wacanen geguritan kanthi premati (dibolan-baleni) Gatekna sesambungan larik saben ukara, banjur wenehana tandha mandheg. Kayata : Tandha / kanggo gantine tandha koma, karepe mandheg sedhela Tandha // kanggo gantine titik, karepe mandheg kaya dene titik Tandha = karepe ora mandheg utawa diterusake larik siji karo sijine Tambahana wanda utawa tembung supaya ukarane dadi gampang dimangerteni 1. 2. 3. 4. 5. 6.
Tuladha Bapak lan Ibu guru / sarta kanca-kancaku // Ana ing pungkasaning pawiyatan iki / Tak ukir gurit kang merak ati // Amarga werna-werna kadadeyan = Wis tak lakoni ing sekolahan iki // Aku uga percaya, / Bapak lan Ibu guru ora duka = Nalika aku gawe cidra // Mula saka iku, / aku nyuwun pangapura // Akeh ilmu kang aku ora bisa = Nanging saiki aku wis bisa // Tanpa Bapak lan Ibu guru = Kabeh mau muspra //
Teknik Maca Geguritan Jedha Lafal/pocapan Lagu/Intonasi Praupan utawa mimik (ekspresi) Obahing awak (gestur) Maca geguritan iku ora padha kaya maca lancar lan maca nyaring. maca geguritan, lagu, pocapan, swara kudu bisa dadi sarana anggonmu maca mau dadi becik lan bisa dirasakake dening wong sing nonton lan ngrungokake. Bab-bab kang perlu digatekake nalika maca geguritan : 1. 2. 3. 4. 5.
Mangerteni isi lan karepe larik mbaka larik geguritan mau Pangucapan kudu cetha lan bener Aja kebanteren lan kerindhiken Ekspresi, intonasi, lan artikulasi kudu trep Ing ngisro iki perangan kang perlu digatekake sadurunge maca geguritan : 1. 2. 3. 4.
Nemtokake tema Ngangen-angen bab kang arep diwehdarake utawa ditulis Nulis apa kang diangen-angen Milih tembung kang trep Migunakake ungkapan lan lelewaning basa (majas/gaya bahasa) kanthi trep kanggo medharake gagasan Mbesut (ngrevisi) teks geguritan kang wis ditulis Nulis geguritan kuwi dudu perkara kang angel kanggo wong kang wis kulina nggawe. Kanggone wong kang durung tau nulis geguritan mesti dadi perkara kang angel lan abot. Mula, perlu ana piwulangan kanggo nggampangake nulis geguritan. Ing ngisor iki trap-trapane nulis geguritan : 1. 2. 3. 4. 5. 6. Teknik Nulis Geguritan
TULADHA NULIS GEGURITAN
Saka gambar pemandangan kuwi bisa kasusun tembung-tembung : a. banyu b. kali c. bebek d. kidang e. endah f. seger g. bening lan sapanunggalane Saka tembung-tembung kuwi mau banjur bisa dirangke dadi ukara-ukara, kayata : Endahing alam kang gawe tentreming ati bebek kang pada siblon karo ngilo nyawang awake sing megat-megot kidang sing ngemili suket seger lan ayem ................... lan sapanunggalane
DAFTAR PUSTAKA Slamet. 2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas IX. Klaten : CV Sahabat Priyantono & Wukur. 2014. Marsudi Basa lan Sastra Jawa kanggo SMP/MTs Kelas IX Jilid 3. Jakarta : Erlangga Nurul Mudzmainnah, Tsulusi. 2023. Canggih Pendamping Siswa Basa Jawa untuk SMP/MTs Semester Genap. Klaten : CV Gema Nusa https://id.pinterest.com/pin/35106973346743486 0/ (Diakses tanggal 02 Juni 2023, 21.51 WIB)
Rampung