The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by srimujiati76, 2021-05-05 03:22:42

201511810255-44111125156802251032

201511810255-44111125156802251032

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

I. PENDAHULUAN

A. Kompetensi Inti

KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
KI 4 : prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan
kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang
spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengem-bangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara
mandiri, dan mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.

B. Kompetensi Dasar

Kompetensi Dasar
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi.
4.1 Menyajikan syair tembang Kinanthi dengan bahasa sendiri.

C. Nilai Karakter yang Dikembangkan

Setelah membaca dan mendalami diktat ini, diharapkan siswa memiliki nilai karakter
religious, jujur, gemar membaca, taat beribadah, gemar bersyukur dan selalu berbuat
baik kepada sesama.

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

D. Tujuan Pembelajaran

Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan saintifik dengan cara
memperoleh informasi dari berbagai sumber belajar, serta menggunakan model
discovery learning, demontrasi dan metode diskusi kelompok dengan mengedepankan
religious, nasionalisme, integritas, gotong royong, dan menumbuhkan kemandirian,
peserta didik dapat :
1. Memahami struktur pembangun tembang Wedhatama Kinanthi
2. Menyebutkan pokok-pokok isi yang terkandung dalam serat Wedhatama Kinanthi
3. Menyebutkan nilai-nilai yang terkandung di dalam serat Wedhatama
4. Menyebutkan relevansi pitutur luhur tembang Kinanthi dengan kondisi masyarakat

saat ini
5. Menulis teks tembang Kinanthi dengan nuansa jurusan masing-masing (jasa boga,

busana butik, kecantikan rambut dan kecantikan kulit)
6. Menyunting dan hasil teks teman

7. Menyajikan tembang Kinanthi secara lisan

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

II.RINGKESAN MATERI
WERDHATAMA KINANTHI

 Pangertenane Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng gusti pangeran adipati Arya
sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun budi
pekerti. Serat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama
gerteni. Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-
indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan
tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku
pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman
kanggo putra lan putrine.

Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang
macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang
pupuh.

 Watak tembang kinanthi :

Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita
kang nalekane rasa tresna asih

 Pathokan tembang Kinanthi

Aturan guru gatra, guru lagu dan guru wilangan Tembang Kinanthi yaitu:
8u-8i-8a-8i-8a-8i. Tegese
a. (Guru gatra = 6) Kinanthi kadadeyan saka 6 gatra
b. (Guru wilangan = 8, 8, 8, 8, 8, 8) Jumlah tembung saben sak gatra
c. (guru lagu = u, i, a, i, a, i) Tibane swara ing pungkasane gatra

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

 Tembang Kinanthi ing Serat Wedhatama

Tembang kinanthi ing serat Wedhatama ana 18 pada. Serat Wedhatama dianggit
dening KGPAA Mangkunegara IV. Tembung Wedha iku tegese ajaran utawa
piwulang, dene tama iku tegese utama.

Pada 1
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

Pada 2

Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami

Tegese

Mula sregepa anak-anakku,

Sinau netepi ati,

Rina wengi den upaya,

Mrasuk ing sajroning ati,

Ngilangake napsu,

Supaya dadi wong kang utama.

Pada 3

Pangasahe sepi samun,

Aywa esah ing salami,

Samangsa wis kawistara,

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

Landhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.
Tegese
Ngasah ing alam sepi (semedi),
Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ng awak,
Yen wis ketara upaya,
Landhepe luar biasa,
Ngiris gunung gedhe,
Bisa ngilangi pepalangane budi pekerti.
Pada 4
Dene awas tegesipu,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sarkara,
Gumelar ngalam sakalir.
Tegese
Dene wespada iku tegese,
Weruh apa kang dadi ngalangi urip,
Serta kekuasaan kang Maha Esa,
Kang nduweni rina wengi,
Ora bisa dikabulna,
Bakal mbukak alame ndonya.
Pada 5
Ayawa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
Tegese
Aja nganti sembrana ning ati,
Waspada marang pangucapanmu,
Ning kono bakal kerasa,
Ora pangucapane dhewe,
Mula kudu tanggung jawab,
Nganti apa sing desembadaaki tuntas.
Pada 6
Sirnakna semanging kalbu,
Den waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning dalaning kasidan,
Sinuda saka sathithik,
Pamotahing nafsu hawa,
Linantih mamrih titih
Tegese
Ngilangaki rasa mamang ing ati,
Den waspada marang pandelengmu,
Mengkono kui dalan kang apik,
Sudanen sangka sithik-sithik,
Kepenginane hawa nafsu,
den latiha supaya sempurna.

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

Pada 7
Aywa mematuh nalutuh,A
Tanpa tuwas tanpa kasil,
Kasalibuk ing srabeda,
Marma dipun ngati ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling.
Tegese
Aja kulina tumindak ala,
Tanpa guna tanpa kasil,
Kena marang gangguan,
Mula diati-ati,
Urip kui akeh panggodane.
Panggoda kudu diperhatikna.

Pada 8
Upamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.
Tegese
Saumpama wong melaku,
Dalan kang bebaya dilewati,

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

Yen kurang ati ati,
Bisa kena ri(pepalang),
Apese kya kesandung watu,
pungkasane kelara-lara.

Pada 9
Lumrah bae yen kadyaku,
Atetamba yen wus becik,
Duwey kawruh sabodhag,
Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.
Tegese
Lumrah wae yen mangkono,
Golek tombo yen bablak,
Sanadyan duwe ilmu akeh,
Yen ora padha karo tujuan,
Kawruh mung dienggo,
Ngupaya kasil lan pamrih.

Pada 10
Meloke yen arsa muluk,
Muluk ujare lir wali,
Wola wali nora nyata,
Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

Kabeh tandha-tandha sepi,
Tegese
Omongane muluk-muluk
Omongane kaya wali,
Bola-bali ora ana asile,
Anggepe dheweke nduwe,
Kaluwihane ora ana,
Kabeh iku prantarane jiwa kang kesang.

Pada 11
Kawruhe mung ana wuwus,
Wuwuse gumaib-gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandita antiga,
Kang mangkono iku kaki.
Tegese
Ngelmune mung omongan thok,
Omongane digawe-gawe,
Disenggol sitik ora kena,
Muring-muring alise gathik,
Apa kuwi kang diarani pandhita palsu,
Kang kaya kuwi anakku.

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

 Isi lan Pitutur Luhur Tembang Kinanthi

Menawa arep mangerteni isine tembang macapat, bisa diwiwiti kanthi negesi
tembung-tembung angel kang durung dimangerteni tegese. Banjur negesi ukara saben
gatra, lan digathukake antarane gatra kapisan nganti gatra pungkasan. Tuladhane :
Pada 1:
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip

Tegese tembung:

Mangka : kamangka; padahal

Kanthining : panuntune

Tumuwuh : urip

Salami : salawase

Awas : waspada

Lukitaning : kahanan

Wieyaning : kekuwatan

Dumadi : titah

Supadi : supaya

Nir : tanpa

Sangsaya : sengsara

Pangreksaning : piwulange

Saben gatra yen digawe gancaran dadi: Gancaran
No Cakepan

1. Mangka kanthining tumuwuh Menawa aku tutur

2. Salami mung awas eling Salawase mung eling waspada

3. Eling lukitaning alam Eling kahanan alam donya

4. Dadi wiryaning dumadi Dadi kekuwatane manungsa

5. Supadi nir ing sangsaya Supaya luput saka sengsara

6. Yeku pangreksaning urip Yaiku piwulange urip

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

Isine cakepan tembang yaiku panuntuning urip kanggo salawase yaiku mung eling lan
waspada. Elingmarang kahan alam donya, kang dadi kekuwatane manungsa. Supaya
manungsa bisa uwal/luput saka sengsara. Kaya mengkono iku carane nglakoni urip.

Sabanjure ngerti isine tembang Kinanthi, para siswa kudu bisa ngerti piwulang
utawa pitutur luhur kang ana ing tembang kasebut. Pitutur luhur tembang Kinanthi pada 1
yaiku: manungsa kudu eling lan waspada marang khanan alam donya supaya luput saka
sengsara. Kajaba iku, manungsa uga kudu njaga lestarine alam.

GLADHEN SOAL

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (x) ana ing pilihan
A, B, C, D, utawa E!
Wacan kanggo nomer 1-5
Pangasahe sepi samun,
Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Landhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

1. Wacan kasebut kalebu ... tembang kinanthi ing serat Wedhatama.
A. sakgatra
B. sakguru wilangan
C. sakguru lagu
D. sakpupuh
E. sakpada

2. Cacahing gatra tembang ing ndhuwur ana ....
A. 7
B. 6
C. 8
D. 9
E. 5

3. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping papat yaiku ....
A. 8i
B. 8a
C. 8u
D. 9i
E. 7i

4. Kekes srabedaning budi.
Tembung kang kacithak kandel nduweni teges ....
A. Bisa ilang
B. Tambah
C. Ucul
D. Pikoleh
E. nggolek

5. Kang kalebu isine tembang ing ndhuwur yaiku ....
A. Supaya nggolek ngelmu neng endi wae
B. Supaya tansah eling lan waspada supaya uripe tentrem
C. Supaya akeh njupuk asil alam
D. Supaya kuwat anggone tirakat
E. Supaya entuk kasengsaran urip

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

6. Serat Wedhatama kaanggit dening ....
A. KGPAA. Mangkunegara I
B. KGPAA. Mangkunegara III
C. KGPAA. Mangkunegara IV
D. Sri Pakubuwana IV
E. Sri Hamengkubuwana IV

Wacan kanggo nomer 7-10
Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami

7. Guru wilangan lan guru lagu gatra kapindho yaiku ....
A. 9i
B. 8a
C. 8u
D. 7i
E. 8i

8. Tembung “lantiping ati” ana ing tembang kasebut nduweni teges ....
A. Pethenge ati
B. Butheke ati
C. Ngrusak ati
D. Nglandhepake ati
E. Ngregedi ati

9. Tembung “Rina lan wengi” nduweni teges ....
A. Isuk lan sore
B. Awan lan sore
C. Isuk lan wengi
D. Awan lan wengi
E. Awan lan isuk

10. Kang kalebu isine tembang kasebut yaiku ....

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM

A. Nglandhepake ati kanthi maksiyat
B. Nglandhepake ati kanthi ngendalikna hawa nepsu
C. Supaya nuruti hawa nepsu
D. Supaya awan wengi tumindak ala
E. Supaya adoh saka kabungahan urip
II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi premati!
1. Tulisen gancaran isi tembang kinanthi pada 2!
2. Gaweya cakepan tembang kinanthi kanthi tema bebas nganggo basamu dhewe!
3. Saiki gawea tuladha tembang Kinanthi sapada bae! Aja lali paugerae!

DIUNDUH DARI SERAT WEDHATAMA GEMBIRA LOKA.WORDPRESS.COM


Click to View FlipBook Version