The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by agusdwij, 2023-11-27 23:13:03

BAHAN AJAR MENULIS DESKRIPSI

BAHAN AJAR MENULIS DESKRIPSI

Bahan Ajar Oleh: Agus Dwi Jayanto, S.Pd. Menulis Teks Deskripsi


A. Identitas Kelas : X Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Materi : Menulis Teks Deskripsi B. Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/ eksposisi/ argumentasi/ lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. C. Profil Pelajar Pancasila Berakhlak Mulia, Mandiri, Gotong royong, Bernalar Kritis dan kreatif. D. Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks deskripsi makanan tradisional Jawa dengan penulisan dan penggunaan kebahasaan yang baik dan benar menggunakan bahasanya sendiri secara kritis dan kreatif. E. Materi Teks Deskripsi Deskripsi asale saka tembung tembung description (Bahasa inggris) sing maknane ngambarake nganggo basa. Karangan deskripsi yaiku karangan utawa tulisan sing nduweni ancas (tujuan) ngambarana sawijining barang / objek kanthi jelas marang pamaca. Miturut kamus besar Bahasa Indonesia ( 2005 : 258) njelasna menawa deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung-tembung kang jelas lan tarwaca. Deskripsi yaiku andharan utawa nggambarna kanthi tembung-tembung sawijining barang, papan panggonan, swasana lan kadadean. Ancas utawa tujuan yaiku supaya kayakaya pamaca weruh bab kang dideleng, bisa krungu apa sing dirungu, bisa ngambu apa sing bisa diambu, bisa nyicipi sawijining panganan kang dipangan, bisa ngrasakna saengga pamaca nduweni dudutan utawa kesimpulan sing padha karo penulis. F. Ciri-ciri Teks Deskripsi 1. Menehi gegambaran sawijining barang, panggonan lan swasana 2. Gegambaran dilakokna kanthi migunakaken panca indra 3. Ndhuweni ancas ( tujuan ) supaya pamaca kaya-kaya bisa melu ngrungokna, weruh lan ngrasakna apa sing dideskripsikna dening panulis 4. Menehi penjelasan ngenani sawijining objek kang dideskripsikna, bisa awjud warna, ukuran sipat lan liya-liyane. G. Jenis Teks Deskripsi Jenis teks deskripsi miturut isine dibagi dadi telu yaiku: 1. Teks deskripsi spasial Nggambarake obyek saka sudut pandang ruang lan wektu. Umume, obyek kang didheskripsikake awujud papan, utawa benda.


2. Teks deskripsi objektif Teks dheskripsi kang nggambarake obyek apa anane, tanpa diwenehi tambahan pamrayogine panulis. 3. Teks deskripsi subjektif Teks dheskripsi kang nggambarake obyek kanthi menehi tambahan pendapat panulis, kayata apa kang diweruhi, apa kang dimirengake, lan apa kang diraosake. H. Struktur Teks Deskripsi 1. Ukara topik (Idhentifikasi) Ukara topik njentrehake ukara pambuka ngenani obyek kang badhe diandharake. Tuladha: Sega gandhul rasane enak. Ukara topik kasebut umume ana ing wiwtane paragrap lan ukara topik nedahake yen panulis badhe nggambarake kangge pamaca yen sega gandhul kuwi rasane enak. 2. Dheskripsi bagean: ngandharake bagean-bagean kanthi rinci. 3. Dudutan (sipate mardika) I. Contoh teks deskripsi Megono Megono digawe saka nangka nom sing isih mentah lan kulite wis dionceki, nangka nom iku dicacag utawa diiris alus ndisik dadi potongan cilik-cilik. Sakwise iku potongan mau dilebokake ing wadah sing tahan panas. Terus ditambahke irisan alus kembang kecombrang, klapa parut, brambang abang, brambang putih, tumbar, kemiri, terasi, kencur, Lombok abang, sereh, godhong mlinjo, godhong salam,godhong jeruk lan bumbu rempah ing wadah mau lajeng diaduk nganti kecampur rata. Sakwise iku, dikukus kurang luwih 45 menit – 1 jam nganti nangka nom mau dadi ora atos lan bumbune mresep. Waerna megono sing diasilake biasane wernane kuning kecoklatan. Werna matenge megono diakibatke saka bumbu rempah sing digunakake. Bumbu rempah iki sing menehi cita rasa utama ning megono. Sedangkan rasa gurih sing diasilake diakibatke saka klapa parut mau. Megono awale saka kabupaten Pekalongan ing pesisir Lor Jawa, lajeng berkembang ing kota Pekalongan, kabupaten Batang.


Click to View FlipBook Version