BASA JAWA Annisa Ianna Rahmawati Veny Afiana Dwi Aprilia Astuti Nur Hayati Istiqomah Gandhini Anugrah Rosyidatul Khusna Rani Asifaul Roziqoh Penyunting: Dr. Sri Sukasih, S.S, M.Pd. U N G G AH- U N G G UH BAHA N AJAR SD
BASA JAWA Annisa Ianna Rahmawati Veny Afiana Dwi Aprilia Astuti Nur Hayati Istiqomah Gandhini Anugrah Rosyidatul Khusna Rani Asifaul Roziqoh Penyunting: Dr. Sri Sukasih, S.S, M.Pd. U N G G AH- U N G G UH BAHA N AJAR SD
iii Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Allah ingkang Mahamirah lan Mahaasih, ingkang sampun kepareng paring sih rohmah sarta barokahipun, satemah pangripta saged ngrampungaken buku "Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa" menika rancag nir ing rubeda. Pangaribawaning teknologi lan informasi ingkang lumampah ing wekdal samenika sampun boten saged dipunsingkiri menapa malih dipun bendung lajunipun. Perkawis ingkang kita raosaken wonten ingkang asipat positip wonten ingkang negatif. Ingkang negatif antawisipun njalari lare-lare lan nem-neman samenika saperangan ageng sampun nilar unggah-ungguh lan ntata krami. Ing babagan menika nuwuhaken para tiyang sepuh saya kawatos awit boten saged dipunbayangaken malih samangkenipun kados pundi para winasis lan para pangembating praja boten enggal cancut taliwanda ndadosi kawontenan ingkang dipunsandhang dening lare-lare lan nem-neman samenika. Inggih kawontenan ingkang makaten kalawau ingkang nggigah greget pangripta kangge damel ada-ada ngrakit buku "Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa". Ing pangajab kanthi purun maos buku menika sageda nambahi kawruh lan wawasanipun lare-lare lan nem-neman utamanipun ing reh unggah-ungguh basa Jawi, tata krami lan budi pekerti minangka tiyang Jawi mliginipun lan bangsa Indonesia saumumipun. Pangripta sanget ing pangajeng-ajeng paringipun panyaruwe lan pamrayogi saking para maos murih buku "Bahan Ajar Unggahungguh Basa Jawa" menika saya sampurna lan migunani tumprap para putra ingkang ing tembe minangka generasi panerusing bangsa Indonesia. Matur suwun. Semarang, 6 Mei 2023 Pangripta Kelompok 2 P U RWAKA Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa
DAF TAR ISI Sampul Ngarep ..................................................................................... i Kaca Judul .............................................................................................. ii Purwaka .................................................................................................. iii Daftar Isi ................................................................................................ iv Bab I Unggah-ungguh Basa Jawa ................................................... 1 A. Basa Ngoko Lugu ............................................................................. 1 B. Basa Ngoko Alus .............................................................................. 4 C. Basa Krama Lugu ....................................................................................... 12 D. Basa Krama Alus .........................................................................................14 Bab II Tabel Tembung lan Basa Kramane ............................................ 16 A. Perangane Awak .............................................................................. 16 B. Panganggo lan Piranti ..................................................................... 19 C. 1. Tembung Wilangan ................................................................................ 22 D. 2. Kramanipun Pecahan lan Rupiyahan ................................................ 28 Daftar Pustaka ................................................................................................ 29 Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa iv
Miturut Poerwadarminta, tembung ngoko tegese tanpa tata basa utawa tanpa pakurmatan. Tembung ngoko asale saka tembung wod [ko] kang dirangkep dadi [koko], banjur diwenehi ater-ater [ang] dadi [ngoko]. Tembung [ngoko] kalebu tembung lingga (kata dasar).Basa ngoko lugu yaiku basa kang kabeh tembunge nganggo basa Jawa ngoko. Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab. Ciri Basa Lugu Ngoko: Ora kabeh tembung ngoko nduweni ciri khusus. Ananging kang bisa didadekake tandha yaiku anane ater-ater utawa seselan ing tembung. Contone, ater-ater (ater-ater) utawa seselan (panambang) ing tembung. A. Basa Ngoko Lugu Bab I Unggah-ungguh Basa Jawa Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 1
Basa Ngoko Lugu nggunakake tembung ngoko, tanpa tembung krama utawa krama inggil. Tuladhane: Dialog antarane Hastha lan Sapta. Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina. Dienggo ndhuwuran marang andhahan. Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane. Wong sing ngomong kanggo awake dhewe Penganggone: a. Wong tuwa marang anake/ putune Tuladha: Bapak = Le, kapan anggonmu teka? Anak = Pengestunipun Bapak, wilujeng. Kala wau enjang jam 10 anggen kulo dumugi ing ngriki. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 2
b. Wong biasa utawa bocah-bocah karo kanca-kancane Tuladha: A = Mas Agus, aku mbok ya kokwuruki garapan nulis Jawa ndhek wingi kae. Yen ora, mengko rak aku sida didukani Pak Guru. Dhasar aku ndhek wingi ora mlebu, ora pamit pisan. B = Lho, ya gene ta, kok ora mlebu barang ki? Enya iki, turunen bae, mumpung isih esuk mengko mundhak selak mlebu. c. Pejabat/ petinggi karo bawahane Tuladha: A = Mbok Minah, mengko kowe gawea slametan tumpeng kaya adate nyetauni putumu si thole. B = Menika rak dede dinten Rebo Pahing tingalanipun putra sampeyan Ndara Den Bagus ta, Ndara? d. Wong sing ngomong kanggo awake dhewe Tuladha: Eh, tak turu sedhela, awakku kok kesel, ora kira-kira. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 3
Unggah-ungguh basa mligine ragam ngoko dipantha dadi loro yaiku ragam ngoko lan ngoko alus. Ragam ngoko dumadi saka leksikon ngoko. Unsur inti ing ragam ngoko awujut leksikon ngoko, ora kena nganggo leksikon liyane kalebu wuwuhan kang dinggo. Ragam ngoko alus basane ngoko dicampuri krama inggil. Basa krama inggil kang digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara. Ragam ngoko alus nggambarake sasambungan sing raket ananging alus lan ngajeni banget marang wong sing diajak omong-omongan. Kahanan kaya mengkono mau amarga leksikon ragam ngoko alus dicampuri karo leksikon krama inggil. 1. Tegese Ngoko Alus Ngoko alus yaiku unggah-ungguh basa kang ngemot leksikon ngoko, leksikon netral, lan leksikon krama. Leksikon krama digunakake kanggo atur pakurmatan marang mitra wicara. Padatan leksikon krama sing digunakake awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Manawa ana leksikon krama andhap, padatan awujud tembung kriya utawa tembung aran (Sasangka, 2007). Miturut Harjawijana & Supriya (2009: 51) basa ngoko alus saged mbangun swasana kang endah lan elok. B. Basa Ngoko Alus Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 4
Uwong sing nggunakake basa ngoko alus anggone omongan karo uwong sing duwe status luwih asor, tetembungan dhasare awujud ngoko antuk tambahan leksikon krama utawa krama inggil supaya tuwuh rasa sing rumaket. Dadi ora ana let (jarak) tumrap uwong sing diajak micara. Sejene kuwi, leksikon krama lan krama inggil sing kacampur bisa nuwuhake rasa urmat. Panganggone basa ngoko alus yaiku kanggo guneman : a. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur derajate b. Bojone priyayi marang sing lanang c. Priyayi marang priyayi sing wis Kulina Tuladha : Wis seminggu iki simbah gerah ana rumah sakit . Nalika aku sowan minggu kepungkur simbah dhawah ana pawon. Aku bingung kudu piye. Pak Ari tangga mburi omah paring pitulungan. Simbah didherekake menyang rumah sakit. Wingi bapak tindak menyang Jogja saperlu nuweni simbah. Esuk mau bapak kondurngasta oleholeh. Aku seneng banget amarga diparingi oleh-oleh kaos. Bapak ora mung ngasta oleh-oleh kanggo aku ananging uga Ibu. Ibu uga remen. Aku didhawuhi bapak sowan Bu Ratmi tangga sebelah saperlu ngaturioleh-oleh. Ngendikane bapak wingi bengi simbah wis kondur saka rumah sakit. Tembung-tembung kang kacethak miring (italic) awujud tembung karma kanggo atur pakurmatan. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 5
2. Titikane Ngoko Alus Ngoko alus dumadi saka leksikon ngoko/netral + leksikon krama/krama inggil. Titikane ngoko alus yaiku : a. Tetembungan kang gayutan karo wong sing diajak guneman utawa wong liya sing dirembug nggunakake krama inggil Tuladha: Aku seneng banget diparingi Bapak sangu. Saben esuk sawise aku mangkat sekolah, ibu tindak menyang pasar. b. Tetembungan sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko lugu utawa krama andhap. Tuladha: Mangga menawi badhe dhahar, kula sampun neda. c. Tembung sing diowahi krama inggil mung tembung linggane. Tuladha: Aku sowan Bu Rini saperlu ngaturake oleh-oleh. d. Leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih. Tuladha: Apa panjenenengan wis pirsa yen Bu Parti seda wingi sore? e. Wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko. Tuladha: Aku diparingi oleh-oleh kaos. Ibu diaturi dhahar ora kersa. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 6
3. Tetembungan Ngoko Alus Tetembungan sing padatane ana ing ragam ngoko alus yaiku dhasare ngoko utawa leksikon netral, krama, lan krama inggil. Tembung sing kanggo awake dhewe nggunakake ngoko utawa leksikon netral. Manawa kanggo mitra wicara utawa ngrembug wong liya lumrahe nganggo krama lan krama inggil. Kang diowahi dadi ngoko alus mung tembung linggane; leksikon krama inggil awujud tembung aran, tembung kriya, lan tembung sesulih; wuwuhan awujud ater-ater (afiks), seselan (infiks), lan panambang (konfiks) tetep ngoko. Tabel 1. Tuladha tembung Ngoko sing duwe Krama, lan Krama inggil. (lumantar Subroto, dkk, 2008: 131-136) 4. Paugeran Pamilihing Unggah-Ungguh Basa Ngoko Alus a. Kanggo micara marang uwong sing statuse padha, ananging kanthi rasa urmat. b. Kanggo micara marang uwong sing statuse luwih dhuwur, ananging nduweni sesambungan sing rumaket. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 7
c. Kanggo micara marang uwong sing statuse saperangan luwih dhuwur, ananging saperangan luwih asor. d. Kanggo ngrasani utawa ngomongake liyane sing statuse luwih dhuwur. 5. Tuladha Panganggone Basa Ngoko Alus a. Micara Marang Uwong sing Statuse Padha Pak Narya lan Bu Dian minangka kanca kantor sing srawunge rumaket ananging kanggo atur pakurmatan siji lan sijine nggunakake basa ngoko alus. Pak Narya karo Bu Dian kanca sekantor, sawise rampung anggone makarya arep padha mulih, padha takon-takonan dhisik. Pak Narya : “Bu, njenengan ngasta payung?” Bu Dian : “Ana neng cedhak meja.” Pak Narya : “Manawa ngono, dakampil sedhela wae ya.” Bu Dian : “Iya,njenengan asta wae ora apa-apa.” Pak Narya : “Lha njenengan mengko kejawahan?” Bu Dian : “Ora, aku ana serepe. Pak Narya “Matur nuwun bu.” b. Micara Marang Uwong sing Statuse Luwih Dhuwur ananging Sesambungane Raket Banget Sugeng micara marang Bapake. Sugeng nggunakake basa ngoko alus, dene Bapak ngoko lugu. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 8
Sugeng : “Perkutute Bapak, mungele apik. Pundhutan pira pak?” Bapak : “Murah kok Le, mung rongatus ewu ” Sugeng : “Lha pakane napa niku Pak?” Bapak : “Iki mayar, diwenehi pakan ketan ireng dicampuri kuningan ndhog pitik telung dina pisan.” Sugeng : “Wah mayar niku pak.” Bapak : “Nanging saben esuk njaluk didhedhe ben ora nyekukruk.” Sugeng : “Kopine njenengan dakcawisake meja Pak.” Bapak : “Ya Le nuwun. Tulung matur Ibumu, aja kelalen gedhang godhoke.” Sugeng : “Saweg digodhok Pak. Dina Rebo panjenenganentuk sedhahan saka Pak Lurah.” Bapak : “Babagan apa ya Le?” Sugeng : “kumbokarnan ”. c. Micara Marang Uwong sing Statuse Saperangan Luwih Dhuwur, ananging Saperangan Meneh Luwih Asor Lik Bambang micara karo Arsenio, sanadyan ponakane luwih enom ananging ana ing kantor Arsenio kuwi minangka pimpinan. Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 9
Lik Bambang : “Piye kabare Nak Arsen, arep ana dhawuh apa iki?” Arsenio : “Alhamdulillah sae Lik. Boten kok Lik naming badhe silaturahmi mawon.” Lik Bambang : “Kepriye, garwa putra rak padha sugeng ta?” Arsenio : “Alhamdulillah, sami wilujeng Lik.” Lik Bambang : “Lha kadingaren dolan mrene? Iki mau saka omah apa saka tindak ngendi?” Arsenio : “Mangke sekaliyan badhe tuwi Pakdhe Santosa ingkang gerah.” Lik Bambang : “Gerah apa Pakdhemu?” Arsenio: “Mustakanipun vertigo, Lik.” c. Ngrasani utawa Ngomongake Liyan sing Statuse Luwih Dhuwur Ani karo Tutik lagi ngomongake Ibune sing dinas menyang luar kota. Ani : “Kira-kira Ibu kondur dina apa ya Tik?” Tutik : “Ngendikane Ibu wingi, arep kondur mbesuk Setu Mbak.” Ani : “Ngasta oleh-oleh apa ya?” Ani : “Menawa Yogja padatane bakpia, Mbak.” Tutik : “Oo iya, Ibu rak kagungan lengganan toko oleh-oleh bakpia pathok sacedhake Prambanan.” Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 10
Umur, tuladhane bocah marang kang luwih tuwa Paseduluran, tuladhane adhi marang kakang utowo mbakyune Pangkat, tuladhane murid marang gurune Kasugihan, tuladhane uwong kang mlarat marang uwong kang luwih sugih Keturunan (ningrat), tuladhane rakyat marang kulawarga kraton Kapinteran, tuladhane pakurmatan marang kang luwih dhuwur ilmune Karaketan, tuladhane uwong kang durung raket migunani basa krama, dene uwong kang wis raket migunani basa ngoko. Basa krama yaiku basa jawa alus sing biasane digunaake nalika matur karo uwong sing luweh tuo. Panganggone basa krama kaperang dadi 7, yaiku: Uwong Jawa anduweni prinsip "memuliakan orang lain daripada diri sendiri". Uwong Jawa iku menawi guneman kaliyan uwong liya migunani basa krama, dene kanggo awake dhewe migunani basa ngoko 11 Basa Krama Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa
Tembung krama kabeh Ater-ater lan panambang : krama (ater-ater dipun-, panembang - ipun, dan - aken) Marang uwong sedrajat nanging durung raket Priyayi marang sedulure utawa kang luwih andhap drajate Ngisoran marang dhuwuran Murid marang guru Abdi marang bendarane Bocah cilik/enom marang uwong tuwa Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap uwong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula. Basa krama lugu tetembungane krama kabeh ora kecampuran krama alus. Krama lugu titikane : Penganggone: Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 12 C. Basa Krama Lugu
13 Sampeyan purun tilem mriki Mbak? Sampeyan benjang menapa tantu kesah? Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar? Sampeyan sampun mendhet sekul? Benjing siyos mbekta jajan? Sekulipun sampun mateng, mangga dipun nedha Tuladha Basa Krama Lugu Trep-trepane basa krama: Tuladha tabel tembung-tembung: Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa
Uwong enom marang uwong tuwa Anak marang bapak utawa ibune Putu marang eyange utawa simbahe Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggale Marang uwong sing luwih dhuwur drajade Murid marang gurune Andhahan marang pimpinane Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggale Sesorah basa jawa (pambiwara, pranataacara) Panjenengan kersa sare mriki Mbak? Panjenengan benjing menapa tantu tindak? Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar? Pak, njenengan dhahar mriki? Bu Lurah sampun kondur tabuh 10 enjing Pak guru mboten saged rawuh amargi gerah Ngapunten, badhe nyuwun pirsa dalemipun Pak Sumadi pundi nggih? Panjenengan siyos mundhut mobil, mas? Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumprap wong sing diajak pacaturan. Penganggone: Tuladhane : D. Basa Krama Alus Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 14
15 Tuladha: Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa
16 A. Perangane Awak Bab II Tabel Tembung lan Basa Kramane Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 17
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 18
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 19 B. Penganggo lan Piranti
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 20
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 21
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 22 C. 1. Tembung Wilangan
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 23
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 24
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 25
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 26
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 27
Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa 28 C. 2. Kramanipun Pecahan lan Rupiyahan
29 DAF TAR P U STAKA Bahan Ajar Unggah-ungguh Basa Jawa