The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2610121116_Gita Andani Putri_Revisi UTS

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by gitaandani123, 2021-11-18 20:00:31

Cerkak

2610121116_Gita Andani Putri_Revisi UTS

BUKU PANDUAN BELAJAR
BAHAN AJAR

SEMESTER I

TEKS CRITA CEKAK

KELAS XII OLEH :
SMA/SMK/MA Gita Andani Putri

KOMPETENSI INTI

Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah
konkret dan ranah abstrak terkait dengan
pengembangan dari yang dipelajarinya di
sekolah secara mandiri, dan mampu
menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan.

KOMPETENSI DASAR

3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan
menganalisis karya fiksi dan nonfiksi secara
lesan dan tulis.
4.2 Memproduksi dan mempublikasikan karya
fiksi ( naskah drama dan cerita pendek)

INDIKATOR

3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks cerita pendek (cerkak)
3.2.2 Menganalisis struktur teks cerita pendek (cerkak)
3.2.3 Menjelaskan pesan moral teks cerita pendek (cerkak)
4.2.1 Menulis teks cerita pendek (cerkak).
4.2.2 Mempublikasikan teks cerita pendek (cerkak) hasil
karangannya.
4.2.3 Mengunggah cerpen hasil karangan ke internet.

TUJUAN PEMBELAJARAN

1. Setelah mengidentifikasi, memahami dan
menganalisis struktur teks cerkak peserta didik
dapat menjelaskan struktur teks cerkak dan
menjelaskan pesan moral teks cerkak dengan
benar dan tepat.
2. Peserta didik dapat menulis dan mempublikasian
hasil karangan ke internet dengan penuh
tanggung jawab dan mandiri.

PETUNJUK BELAJAR

1.Dedonga bebarengan sadurunge pasinaonan diwiwiti
2.Siswa maca KD, Indikator, lan ancase pasinaonan saka
materi iki
3.Nyinaoni saben materi kang gegayutan karo teks
cerkak, yen perlu dicatet lan digarisi materi kang
dianggep wigati
4.Yen ana materi kang durung dipahami bisa ditakokake
marang kanca lan guru
5.Mahami materi lan ngerjakake gladhen sajroning buku
latihan kanthi cermat lan patitis

APA KANG DIARANI “CERKAK” ?

Cerkak iku bisa diarani yaiku karya sastra kang awujud
gancaran kang isine kanthi cekak. Saka cerkak bisa gawe sarana
pasinaon ngenani apa wae kang bisa dadi tinulad lan
patuladhan marang pamaos. Kuwi gumantung saka pamaos
marang rasa panrima lan rasa pangrasa nalika nyurasa
sakabehing kedadean urip. Pasinaon iki bakal ngajak para siswa
nyurasa crita cekak. Sarampunge pasinaon bisa nganalisis
struktur teks, nsur basane, lan ngrakit crita cekak. Kanthi rasa
tresna lang bungah para siswa uga bisa mamerake crita cekak
anggitane ing internet.

PASINAON 1 : MODHEL TEKS
PINILIH



Ing pasinaon siji iki para siswa bakal diajak nyurasa crita
cekak kang nggambarake uripe maling kang nemu hidayahne.

GARAPAN 1 : NGIDHENTIFIKASI
STRUKTUR TEKS CERKAK





Wacanen cerkak ing ngisor iki kanthi kebak pangrasa!

WENGI KANG PUNGKASAN
Dening : Suryadi Ws.



Sing wis suwe dakanti – anti, wekasane teka. Sing wis
suwe dakinceng – inceng, wekasane kedadeyan tenan. Sulikah,
juragan sayuran iku, lunga kaji nyan tanah suci. Sing tunggu
omah mung anake wadon siji, Saripah, sing lagi klas siji es-em-
pe. Karo ing njaba omah matah jaga malem siji arane Parno.
Bocahe ora pakra, dakjejak nganggo tungkak sepisan wae
mesthi njengkelang nyang pawuhan.
Aku iki rak maling aguna, cara saiki istilahe maling profesional.
Perkara njejak lan ndhupak iku sasat sambel-lalap kanggoku.
Asal ora ketanggor pendhekar ulung wae. Nalika Sulikah budhal
menyang bandhara wingi aku ya melu nguntabake. Melu
nyalami, ngucapake sugeng tindak lan lambeku uga ngucap, “
Mugi dados haji mabrur”. Malah Sulikah uga ngucap sing sipate
titip, “ Aku titip ngomah ya, Mas Dirso, rewangana anakku
tunggu omah. Aku percaya karo sliramu.”

Tembung sajak ngajeni. Pancen Sulikah iku lembah
manah. Nanging aku, Dirso, maling profesional. Dadi ora
kengguh karo tindak – tanduk lembah manah. Ora tundhuk
karo tembung alus lan ramah. Maling profesional kaya aku iki
urusane mung bandha – dhuwit – bandha – dhuwit. Ing ngendi
ana bandha, ing kono aku mara. Ing ngendi ana dhuwit, ing
kono aku ndulit. Wis, mung kuwi pathokane.

Omahe Sulikah iku rak nggon bandha sing ora ilok – ilok
ajine. Lha wong pancen juragan sugih mbrewu. Sing jeneng
emas inten barleyan, ing omah kono nggone. Mula ora susah
kakehan petung, salungane Sulikah aku terus ngrancang
pakaryanku.

Wis daktiteni, angger jam sewelas bengi, Parno si jaga malem
mesthi wis turu nglipus ana gardhu ngarep omahe Sulikah.
Mengko nglilir – nglilir jang loro bengi, terus kliling omah. Nek
ora ana apa – apa terus bali nyang gardhu thenguk – thenguk,
udut kebal – kebul. Daktiteni meh ajeg ngono iku. Dadi
gampang olehku nangguh. Ya pas wanci Parno turu kuwi aku
tumandang. Telung jam rak wis cukup. Wong aku yaw is ngerti
dokokane bandha : ing lemari gedhe jero kamare Sulikah.

Rancangan wis mateng. Malem Rebo Legi aku tumandang
ngayahi pakaryan iki. Jam sewelas bengi thet si Parno mesthi
wis thuru. Mula aku jumangkah ngayahi karya. Mesthi wae aku
wis macak dhisik: kathok dawa ireng, klambi ireng, nganggo
kethu topeng ireng, sirah ketutup brukut, mung bolong pener
mata. Cekake, nadyan bojoku dhewe yen kepethuk aku pinuju
nganggo pacakan dhines ngono iku ora bakal kenal. Pancen aku
iki maling profesional. Wis pira wae omah dakbobol, sast ora
kepetung. Ora tau konangan.dosa? Ah, mengko dhisik. Aku
maling iki kanggo nguripi anak-bojoku. Wong lanang rak wajib
nyukupi kebutuhane anak bojo. Apa aku salah yen nggolekake
sandhang pangan anak bojoku? Mangka anakku wadon saya
gedhe, kebutuhane saya akeh, wong sekolahe ya amor sak klas
karo anake Sulikah kuwi.

Nek metung dosa ya pancen dosa. Ning yen aku ora bisa
ngayani anak bojo, iku ya salah. Mulane saiki dakpentingake
ngopeni anakku dhisik nganti diwasa, nganti rampung sekolah
lan wis kerja, wis omah – omah. Nek wis ngono, aku arep
maling pisan engkas kanggo wragad munggah kaji. Ing tanah
suci kana aku arep nyuwun pangapura lan mertobat, terus
leren ora maling maneh. Ngono rancanganku. Awit aku krungu
– krungu jare nek wis kaji ki kabeh dosane dingapura, pulih
suci kaya nalika lagi lair. Jarene lo.

Alon – alon aku nyaketi omahe Suliksh. Tenan, Parno wis
ngorok senggar – senggor kaya adate. Langsung wae aku mlipir
wetan omah nyaketi jendhela. Dakjugil inebe jendhela kebukak
byak. Alon – alon aku mlebu ngomah kanthi mbrobos liwat
jendhela sing wis menga iku.

Lingak – linguk lingak – linguk nyaketi lawang kamar
tengah. Iku kamar paturone Sulikah. Ing kono ana lemari pedhe
panggonan nyimpen bandha bangsane mas-inten barleyan
duweke Sulikah. Gandheng wektu iki Sulikah lunga kaji,
mesthine kamar iku dituroni anake, si Saripah, kanca sak klase
anakku, karo nunggu bandha iku. Mung ditunggu bocah cilik.
upama ngani nglilir, malah dakancam dakkongkon nuduhake
bandha iku. Aku iki maling profesional, nek mung ngadhepi
bocah cilik we kecil. Prasasat ngadhepi semut, dakancam
mesthi ngoplok ora wani alok.

Sajake lawang kamar iku ora dikancing, kithara rada
renggang. Daksurung sithik supaya ora ngagetake. Lawang
menga antarane sak driji. Katon blegere Saripah lagi turu
angler. Mula aku ora ragu – ragu, lawang daksurung nganti
menga amba.

Nanging bareng lan mengane lawang aku dadi kaget. Sing
turu ing kono kok jebul bocah telu jejer – jejer. Kidul dhewe iku
Saripah. Aku apal, sabab sering dolan nyang nggonku nemoni
anakku. Sing tengah iku sapa, aku ora ngerti, ning sajake
kancane sekolah. Bareng nyawang sing sisih elor dhewe, tanpa
daksadhari lambeku ngucap lirih, “astagfirullaahaldhiim.” Lha
kok jebul anakku, si Kustinah! Sakala atiku geter dening
ucapanku dhewe: aku iki maling, lha kok nyebut astagfirullah.
Lan iku akibat aku weruh anakku melu njaga bandhane Sulikah.
Sajake bocah telu iku kanca sak klas ing sekolahane lan
srawunge akrab banget. Padha disuruh Saripah, dikon
ngrewangi tunggu omah lan njaga bandhane ibune.

Kaya ora njarag mripatku nglirik lemari gedhe sing ana
sisih lor mepet tembok kamar. Kok ana kertas amba
ditempelake lemari, mawa tulisan spidhol kaya dene poster.
Dakwaca, unine : Pak Maling, kabeh bandhane ibu dititipake
ing bank, lemari iki kothong mung isi gombal. Dak tamat –
tamatake tulisan iku. Lan sepisan maneh atiku geter dening
ucapanku dhewe. Atiku geter. Sabab aku ngerti, tulisan ing
kertas iku sing gawe genah anakku si Kustinah. Aku ora
pangling karo modhel tulisane. Sakala mbrebel eluhku mijil
saka pojoking mripatku, dleweran ing pipiku. Batingku bengok:
aku iki maling nanging adhepan karo anakku dhewe sing jaga
bandha sing arep dakcolong. Apa iki tumusing piwelinge bapa
guruku biyen kae? Bapa Singaguna? Eling perkara iku aku
enggal – enggal mundur, alon – alon lawang kamar iku
dakinebake, nuli alon – alon aku ninggal papan kono. Mbrobos
metu liwat jendhela sing isih menga. Sawise tekan njaban
tembok omsh, inebe jendhela dkinebake rapet najan wis ora
bisa ngancing sabab kancinge wis njepat. Nuli kanthi ngati – ati
aku lunga ninggalake omahe Sulikah. Parno dakliwati kanthi
gampang merga isih turu nglipud kemul sarung ing gardhune.

Aku ora langsung mulih nyang omahku, nanging
menyang Desa Karangan. Mlebu makam gedhe ing pojok desa.
Njujug kuburane bapa Singaguna ing pojok lor kulon. Sila
ngethepes madhep ngalor ing arah sikile kuburan. Sauntara aku
ngeningake cipta. Sakala kelingan lelakon meh rong puluh taun
kepungkur, nalika aku meguru marang bapa Singaguna.

Nyuwun ngelmu dhug dhengan lan pusaka kanggo
maling. Sawise kabeh sarat dakwujudi, kabeh laku wis
daklakoni, antarane sing pungkasan mlaku sawengi natas ora
kena turu, ora kena keyuban apa wae lan ora kena leren
lungguh, akhire aku diparingi pusaka werna loro. Siji gaman

linggis bengkong cilik aran kyai Jugilbinuka, kena kanggo
njugil lawang lan jendhela kanthi gampang. Loro wujud
kethu topeng aran kyai Gombalsari, watake yen dienggo
nutup sirah ora bakal konangan anggonku maling. Nanging
dhek semana bapa Singa meling wanti – wanti, “ yen sawijine
wektu tanpa sengaja kowe maling nggone sedulurmu dhewe,
kowe kudu leren. Pusakamu enggal balekna nyang aku. Dene
yen aku wis ora ana, pusaka iki sirnakna. Sateruse nyuwuna
ngapura marang sing Gawe Urip.”

Sauntara aku dheleg – dheleg mikir. Piye caraku
nyirnakake pusaka jugil iku. Iku wesi, kudu dakapakake?
Akhire kaya ana sing ngandhani, aku ndhudhuk lemah ing sisih
kuburane bapa Singa, watara rong kilan jerone. Linggis kyai
Jugilbinuka dakselehake ing kono, mujur ngalor, banjur
dakurugi. Sawise iku kethu topeng kyai Gombalsari dakcopot,
dakobong ing kono nganti entek dadi awu. Aku bali lungguh
ngethepes ing kidul kuburan. Lambeku kumecap matur, kaya –
kaya bapa Singaguna isih urip lagi lungguh ing ngarepanku, “
Bapa, matur nuwun sanget tumrap sadaya perkawis ingkang
sampun panjenengan paringaken dhateng kula. Dalu menika
kula ketanggor, maling ing griyanipun Bu Sulikah, nanging
nyatanipun ingkang jagi ing ngriku anak kula piyambak. Kula
mboten ngertos menapa menika klebet sirikan piwelingipun
Bapa rumiyin. Nanging nyatanipun tanpa sengaja kula wau
maos istighfar nyuwun pangaksama dhateng Ingkang Akarya
Gesang. Mila kula kedah nuhoni piwelingipun Bapa: wiwit
wiwit dinten menika kula leren anggen kula maling, lan pusaka
paringipun Bapa kula sirnakaken ing ngajeng kuburipun Bapa.
Sampun Bapa, kula nyuwun pamit.”

Aku ninggalake papan kono. Mulih menyang omahku njujug
kamare anakku. Bener, anakku jebul ora ana ngomah. Bisa
uga sore mau dheweke nggoleki aku arep pamitan perlu
ngancani Saripah tunggu omah. Nanging wiwit sore aku
pancen wis lunga saka ngomah. Nganti suwe aku lungguh
dhelog – dhelog ing kamare anakku. Daksawang ambene,
bantale sing ditata rapih, meja sinaune, buku – bukune, tase
sing arep kanggo sekolah sesuk, lemari wadhah sandhangane.
Kabeh katon rapih lan rsik, aku dadi nangis mbrebes mili.
Batinku sambat, “ Oalah ngger anakku, pantese kowe iku dadi
anak priyayi, dudu anak maling. Aku sing kudu njumbuhake
dhiri karo kowe, Ngger. Wiwit esuk bapak arep nyambut
gawe sing becik – becik. Dhemi dina tembemu, Ndhuk.”

Wengine saya sepi, hawane saya atis. Aku tetep kethap
– kethip ora bisa turu. Pikiranku munyer ngubengi
lingkunganku, luru dalan kang prayoga kanggo nutugake urip
sakulawarga. Akhire mbarengi keprungu adzan subuh aku
nemu dalan iku: Sulikah. Aku kepingin bakul sayur keliling,
njupuk dagangan saka klose Sulikah, Sang Juragan Sayur.

Sumber : Kalawarti Panjebar Semangat edisi 48.

Kanggo nuwuhake pangrasa marang surasane crita,
wangsulana pitakon – pitakon babagan unsur intrinsike
cerkak ing ngisor iki !

1.Sap.a wae paragane cerkak “Wengi kang Pungkasan” anggitane
Suryadi Ws. , terangna watake!
2.Sapa kang dadi paraga utama sajroning cerkak kasebut?
3.Sebutna setting ing crita cerkak ing dhuwur!
4.Kepriye pungkasaning cerkak ing dhuwur?
5.Apa amanat kang bisa kapethik saka cerkak “Wengi kang
Pungkasan” anggitan Suryadi Ws.?

PASINAON 2 : NGANALISIS TEKS
CERKAK



Adhedhasar urut – urutane crita, struktur teks crita cekak
kaperang dadi : (1) Orientasi/ pambuka yaiku arupa perangan
pembuka crita; (2) Komplikasi/ konflik/ pasulayan yaiku arupa
perangan teks kang isine bab ngrembakane prakara; (3) Resolusi/
pengudhare kabeh prakara kang dumadi yaiku perangan iki
arupa pungkasaning pasulayan utawa dredah jrone crita, sarta
Koda / panutup yaiku arupa panintinge dudutan dening ara
pamaca.
Kanggo sarane nganalisis struktur teks cerkak, jangkepana
struktur teks cerkak “Wengi kang Pungkasan” ing ngisor iki kaya
tuladhane!

Adhedhasar urut – urutane crita, struktur teks crita cekak
kaperang dadi : (1) Orientasi/ pambuka yaiku arupa perangan
pembuka crita; (2) Komplikasi/ konflik/ pasulayan yaiku arupa
perangan teks kang isine bab ngrembakane prakara; (3) Resolusi/
pengudhare kabeh prakara kang dumadi yaiku perangan iki
arupa pungkasaning pasulayan utawa dredah jrone crita, sarta
Koda / panutup yaiku arupa panintinge dudutan dening pamaca.

Kanggo sarane nganalisis struktur teks cerkak, jangkepana tabel
struktur teks cerkak “Wengi kang Pungkasan” ing ngisor iki kaya
tuladhane!

GARAPAN 3 : NDHUDHAH PESAN
MORAL SAJRONING CERKAK



Pesan moral sajroning teks cerkak akeh maceme. Bab kuwi
gumantung marang sing nyurasa lan ngrasakake marang isine
crita cekak kuwi. Pesan moral bisa kaperang dadi bab religi,
pendhidhikan, lan sapanunggalane. Sawise nganalisis cerkak
kanthi irah – irahan “Wengi kang Pungkasan” anggitane
Suryadi Ws.

Para siswa bisa meruhi pesan moral kang ana ing sajroning
crita lan kajab para siswa bisa njupuk amanate.
Tuladhane kaya ing ngisor iki :

Golakana pesan moral lan amanat liyane saka teks “ Wengi
kang Pungkasan” !

PASINAON 2 : MAKARYA
BEBARENGAN BAB CRITA CEKAK



Supaya pasinaon bisa gayeng, ayo padha ngesokake idhe –
idhe kanthi wujud cerkak bebarengan. Kanggo nggampangake
anggone gawe cerkak, bisa saka pengalaman pribadi kang tau
dialami. Amarga saka pengalaman pribadi bisa menehi idhe
gawe ngembangake crita cekak kang bisa digawe kanthi
nambahi unsur – unsur kang wangun crita supaya luwih apik
lan masalah kang digawe kanthi narik kawigaten pamaos.
Amarga sejatose cerkak kuwi karangan kan fiktif mulane bisa
diwenehi idhe – idhe liyane supaya luwih imajinatif. Nanging
aja lali nggunakake basa rinengga sarta njlentrehake latar kudu
cetha. Kepriye carane gawe cerkak? Apa bisa ngrakit cerkak
bebarengan?
Cerkak “Wengi kang Wekasan” iku asale saka struktur teks lan
gagasan pokok kaya ing ngisor iki.

GARAPAN 1 : NGRAKIT CERKAK
KANTHI KLOMPOK



Ing pasinaon sadurunge wis ngrembug bab struktur teks
cerkak, yaiku orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda. Ing
sajroning struktur teks cerkak kasebut bakal tinemu unsur
intrinsike cerkak, yaiku paraga lan watake, alur, latar / setting,
tema, lan amant senajan kanthi implisit.

Tindakna kagiyatan ing ngisor iki :
1.Gawea klompok cacahe ana 4 bocah!
2.Wangsulana tabel ngisor nganggo gagasan pokok!
3.Saben anggota ngisi sabageyan wae lan kudu runtut!
4.Kudu wis katon ana paraga lan wewatakane, alur, latar, tema,
lan amanat gayut marang struktur teks cerkak!

Sarampunge nulis gagasan pokok, struktur cerkak bisa
dikembangake dadi cerkak kang wutuh lan saora – orane
saben anggota dhapuk dadi paraga!

GARAPAN 2 : NGUNGGAH
CERKAK



Supaya asil diskusi kelompok bisa diwaca wong liya mula
kudu dipublikasi. Kajaba lumantar dipajang ana mading.
Bocah – bocah liyane uga bisa publikasi lumantar medhia
liyane kayata medhia sosial utawa ning internet.

GARAPAN 3 :
MBIRAWAKAKE CERKAK



Mbiwarakake cerkak asil gladhen bisa lumantar madhing,
antologi, lan uga medhia sosial internet. Asil karya cerkak
saduran kang wis ditindakake mau unggahen menyang
internet!

INFO
PENYENGKUYUNG




Nalika arepe ngrakit cerkak kudu mangerteni struktur
teks yaiku orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda
amarga saka bab kasebut bakal nemu unsur intrinsike
cerkak yaiku paraga lan watake, alur, latar, tema, lan
amanat sanajan kanthi implisit.
Uga bisa sinau ning link youtube :
https://www.youtube.com/watch?v=awdDpZLcSgc

GLADHEN WULANGAN



I. Pilihen wangsulan sing paling bener!
1.Cerkak mujudake kasustran gagrag anyar kang nyritakake
…..

a.Panguripan sabendina
b.Epos Ramayana Mahabarata
c.Prastawa sejarah
d.Kedadeyan sajroning keraton
e.Kedadeyan apa anane
2.Adhedhasar urut – urutane crita, struktur teks cerkak
kaperang dadi ….
a.Koda, orientasi, resolusi, lan komplikasi
b.Orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda
c.Komplikasi, orientasi, resolusi, lan koda
d.Resolusi, orientasi, koda, lan komplikasi
e.Komplikasi, koda, resolusi, lan orientasi
3.Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh / paraga,
swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur
teks cerkak diarani …..
a.Resolusi
b.Koda
c.Komplikasi
d.Orientasi
e.Klimaks
4.Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh /
paraga, ing struktur teks cerkak diarani …

a.Koda
b.Resolusi
c.Orientasi
d.Komplikasi
e.Klimaks
5.Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks
cerkak diarani …
a.Klimaks
b.Orientasi
c.Komplikasi
d.Resolusi
e.Koda
6.Pesan moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki
gumantung marang ….
a.Sing ngarang lan sing maca
b.Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita
c.Kahanan masyarakat kang kacarita
d.Kahanan masyarakat wong kang maca
e.Ing ngendi crita kasebut kawaka
7.Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan.
Nanging critane bisa wae wujud …..

a.Pengalaman pribadi kang anggone mbabarake
dikembangake sarana imajinasi.

b.Sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane
pelaku sejarah.

c.Dongeng kang wis sumeber turun – temurun.

d.Crita babad tanah Jawa kang wis dilakoni dening
masyarakat.

e. Asal – usul panggonan kang dibumboni daya khayal
pengarang.
8.Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks
cerkak diarani ….

a.Resolusi
b.Koda
c.Orientasi
d.Komplikasi
e.Klimaks
9.Nalika sinau nulis cerkak apike diwiwiti kanthi nulis
cengkorongan dhisik, gunane …..
a.Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing
sawutuhe
b.Nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi
gampang
c.Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan
tumata urut – urutane
d.Nuntun pamaca supaya bisa mahami urutane crita sing
sawutuhe
e.Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi
gampang
10.Tuwuh pangarep – arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning
urip. Ing struktur teks cerkak kalebu …..
a.resolusi
b.koda
c.orientasi
d.komplikasi
e.klimaks

II. Wangsulana pitakon – pitakon iki kang patitis !
1.Apa bedane cerkak karo geguritan?
2.Apa wae struktur sajroning cerkak lan apa bedane saka
perangan struktur kuwi?
3.Apa kang diarani unsur intrinsik lan ekstrinsik cerkak?
4.Ukara kang digunakake ing cerkak bisa awujud ukara
langsung lan ukara ora langsung. Apa wae bedane lan coba
sebutna tuladhane?
5.Apa kang kudu digatekna nalika ngrakit cerkak?

REFLEKSI



1.Perangan apa wae kang wis kokmangerteni sajroning
struktur teks cerkak?
2.Apa wae perangan unsur instrinsik sing kok mangerteni
sajroning teks cerkak?
3.Lumantar apa wae anggone ngunggah karya cerkak asil
karya dhewe?
4.Apa wae tahapan kang wigati nalika gawe cerkak kanthi
mandhiri?
5.Apa wae perangan saka pesan moral sajroning teks cerkak?

RANGKUMAN



• Cerkak yaiku karya sastra kang arupa gancaran kanthi cekak,
ringkes, lan mung ngemot siji masalah wae.
• Pesan moral yaiku amanat sajroning cerkak gawe pamaos
supaya dadi piwulang kang becik lan gawe bisa gawe dadi
patuladhan.
• Struktur teks cerkak yaiku ana orientasi, komplikasi, resolusi,
lan koda.
• Sajroning struktur teks cerkak bakal tinemu unsur instrinsik
cerkak, yaiku paraga lan watake, alur, latar / setting, tema lan
amanat kanthi implisit.

DAFTAR PUSTAKA



Sukarman, dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya : Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur

Tim Pusat Penilaian Pendidikan.2019. Panduan Penulisan Soal
HOTS. Jakarta : Pusat Penelitian Pendidikan.

Ws, Suryadi. 2019. Wengi kang Pungkasan. Surabaya : Panjebar
Semangat.

Wulan, Sri Hertanti. 2017. Upaya Peningkatan Keterampilan
Menulis Cerkak dengan

Metode Brainstorming pada Mata kuliah Nyerat Fiksi Jawi. Solo :
Universitas Sebelas Maret.

Pairin, Udjang dkk. 2016. Ngudhake Kawasisan Nulis Naskah
Drama Kanthi Metodhe Dhiskusi Lumantar Rubrik
Cerita Cekak saka Majalah Panjebar Semangat Tahun

2015 Tumrap Siswa kelas VIII F SMP Negeri 1 Gondang
Tulungagung. Surabaya : Universitas Negeri Surabaya.
Luluk Liliyatul Avivah dan Sri Sulistiani. Pangembangan Medhia
Dhigital Flipbook kanggo


Click to View FlipBook Version