The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

UAS pembelajaran bahan ajar

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by gitaandani123, 2021-12-09 03:45:40

MODUL cerita legenda

UAS pembelajaran bahan ajar

BUKU KERJA BASA LAN
SASTRA JAWA

PIWULANG BASA JAWA

KELAS VIII SEMESTER I
SMP/MTS
TEKS CRITA LEGENDA

OLEH :
Gita Andani Putri

ATUR SAPALA

Puji syukur katur ngarsanipun Gusti Allah ingkang
Mahaasih ingkang tansah paring tresananipun dhumateng
titah sedaya. Awit saking peparing welas asih ingkang tanpa
prabeda. Pangrantam dalah pandhapukipun buku kersa
Basa lan Sastra Jawa piwulang Basa Jawa menika saged
kaleksanan. Buku kerja basa Jawi kangge siswa kelas VIII
SMP/MTS menika kadhapuk wonten salebetipun wekdal
dalah kasagedaning panyerat ingkang sarwa winates.

Buku menika saged biyantu para siswa ngasa kaprigelan
ngengingi piwucalan saking buku menika. Buku kerja
ingkang sampun dipunjumbuhaken kaliyan Kompetensi
inti, Kompetensi dhasar, kaliyan materi sampun
kaandharaken kanthi runtut inggih menika sampun miturut
Kurikulum 2013. Menika sampun digayutaken kaliyan
ancasipun salebetipun Kurikulum 2013.

Kanthi ngrumaosi bilih buku kangge siswa menika
taksih tebih saking kasampurnaan, taksih kathah lepat
kaliyan kekiranganipun, ngaturaken agunging pangaksami.
Kangge panyampurnaning buku menika sedaya panyaruwe
sarta pamrayoga saking para pamaos, kula antu – antu.

Surabaya, 9 Desember 2021



Panyerat

KOMPETENSI INTI

Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah
konkret dan ranah abstrak terkait dengan
pengembangan dari yang dipelajarinya di
sekolah secara mandiri, dan mampu
menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan.

KOMPETENSI DASAR

3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan
menganalisis karya fiksi dan nonfiksi secara
lesan dan tulis.
4.2 Memproduksi dan mempublikasikan karya
fiksi ( naskah drama dan cerita legenda)

INDIKATOR

3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks legenda
3.2.2 Menganalisis struktur teks legenda
4.2.1 Menulis teks crita legenda.
4.2.2 Mempublikasikan teks crita legenda hasil
karangannya.
4.2.3 Mengunggah crita legenda hasil karangan ke
internet.

TUJUAN PEMBELAJARAN

1.Setelah mengidentifikasi, memahami dan
menganalisis struktur teks legenda peserta didik
dapat menjelaskan struktur teks legenda dan
menjelaskan pesan moral teks legenda dengan
benar dan tepat.
2.Peserta didik dapat menulis dan mempublikasian
hasil karangan ke internet dengan penuh
tanggung jawab dan mandiri.

PETUNJUK BELAJAR
1.Dedonga bebarengan sadurunge pasinaonan diwiwiti
2.Siswa maca KD, Indikator, lan ancase pasinaonan saka
materi iki
3.Nyinaoni saben materi kang gegayutan karo teks
cerkak, yen perlu dicatet lan digarisi materi kang
dianggep wigati
4.Yen ana materi kang durung dipahami bisa ditakokake
marang kanca lan guru
5.Mahami materi lan ngerjakake gladhen sajroning buku
latihan kanthi cermat lan patitis

PETA KONSEP

Teks Crita Legenda

Menganalisis Crita Legenda Memproduksi dan
secara lesan dan tulis mempublikasikan Crita Legenda

1. Maca Crita Legenda 1. Ngrakit Crita Legenda
adhedhasar struktur
kanthi lancar sajroning teks Crita
Legenda.
2. nemtokake struktur
2.Ngunggah asli garapan
sajroning teks Crita Crita Legenda ning
internet
Legenda

APA KANG DIARANI “CRITA
LEGENDA” ?



Legenda yaiku carita p
rosa rakyat kang kaanggep dening
empune carita kang tau kedadeyan (danandjaja 2007:66). Saka
crita legenda bisa gawe sarana pasinaon ngenani apa wae kang
bisa dadi tinulad lan patuladhan marang pamaos. Kuwi
gumantung saka pamaos marang rasa panrima lan rasa
pangrasa nalika nyurasa sakabehing kedadean urip. Pasinaon
iki bakal ngajak para siswa nyurasa crita legenda. Sarampunge
pasinaon bisa nganalisis struktur teks lan ngrakit crita
legenda. Kanthi rasa tresna lang bungah para siswa uga bisa
mamerake crita legenda anggitane ing internet.

PASINAON 1 : MODHEL TEKS
PINILIH

Ing pasinaon siji iki para siswa bakal diajak nyurasa crita
legenda kang nyritakake mula bukane Tangkuban Prau

Garapan 1 : Ngidhentifikasi Struktur Teks Legenda
Wacanen legenda ing ngisor iki kanthi kebak pangrasa!

TANGKUBAN PRAU

Ing sawijining dina, ana puteri raja ing Jawa Kulon kang
kaaran Dayang Sumbi. Dayang Sumbi nduweni siji anak
lanang kang diwenehi jeneng Sangkuriang. Anak kasebut
remen banget beburu kang biyasane beburu karo dikancani
dening Tumang, asu kesayangan istana. Sangkuriang ora
ngerti menawa asu iku yaiku titisan Dewa tur bapake. Ing
sawijine dina Tumang ora gelem numuti prentahe kanggo
ngoyak buruan, mula Asu kasebut diusire menyang jroning
alas, nalika bali menyang istana. Sangkuriang nyaritakake
kedadeyan iku ing ibune. Dayang Sumbi nesu banget krungu
carita iku. Tanpa sengaja dheweke nggebug sirah Sangkuriang
karo centong kang dicekele. Sangkuriang tatu, dheweke
kuciwa banget lan lunga ngumbara. Sawise kedadeyan iku,
Dayang Sumbi nggetun marang tumindhake marang
Sangkuriang. Dheweke tansah ndonga lan tekun banget tapa.
Ing sawijining wayah, Dewa menehi siji bebungah, Dayang
Sumbi bakal salawase enom lan ayu lestari.
Sawise tetaunan ngumbara, Sangkuriang pungkasane niyat
kanggo bali menyang tanah omahe. Sawise tekan kunu,
kerajaan wis owal total. Ning kunu ditemokake wong wadon
kang ayu yaiku Dayng Sumbi. Kepincut dening ayu wadon
kasebut mula, Sangkuriang nglamar. Wayah isuk Sangkuriang
nyuwun pamit kanggo beburu dheweke nyuwun tulung
Dayang Sumbi kanggo natakake cancang sirahe. Dayang
Sumbi kaget nalika weruh bekas ing sirah calon bojone. Tatu
iku persis kaya tatu anake kang wis lunga ngumbara. Dheweke
dadi wedi banget, mula banjur piyambake ngupadi daya upaya
kanggo menggagalkan proses peminangan iku. Mulane
ngajokake rong syarat.

Kapisan, dheweke nyuwun Sangkuriang iku kanggo
mbendung kali Citarum lan kaping loro, piyambake nyuwun
sangkuriang kanggo nggawe siji sampan gedhe kanggo
menyeberang kali iku. Kaping loro syarat iku kudu wis
dikebaki sadurunge fajar.

Wengi iku Sangkuriang nglakoni tapa. Karo kesaktiane
dheweke direwangi mahluk-mahluk gaib kanggo ngrewangi
ngrampungake pakaryan iku. Dayang Sumbi uga meneng-
meneng ngintip pakaryan kasebut. Mangkono pakaryan iku
meh rampung, Dayang Sumbi ngereh pasukan kanggo nggelar
kain sutra abang ing sawelah wetaning kutha. Nalika mirsani
werna abang ing wetaning kutha, sangkuriang ngira dina wis
pinuju esuk. Dheweke uga ngandheg pagaweane, nesu banget
pramila ateges dheweke ora bisa ngebaki syarat kang dijaluk
Dayang Sumbi. Karo kekuwatane, Sangkuriang njebol
bendungan kang wis digawe. Nyebabake banjir gedhe ngebak
kabehing kutha. Dheweke uga banjur nendang sampan gedhe
kang digawene. Sampan iku nglayang lan tiba dadi siji gunung
kang kaaran "Tangkuban Prau."

Kanggo nuwuhake pangrasa marang surasane crita,
wangsulana pitakon – pitakon babagan unsur intrinsike
cerkak ing ngisor iki !
1.Sapa wae paragane legenda“Tangkuban Prau”!
2.Sapa kang dadi paraga utama sajroning legenda kasebut?
3.Sebutna setting ing crita legenda ing dhuwur!
4.Kepriye pungkasaning cerita legenda kasebut?
5.Apa amanat kang bisa kapethik saka legenda “Tangkuban
Prau” ?

Garapan 2 : Nganalisis Teks Crita Legenda

Adhedhasar urut – urutane crita, struktur teks crita legenda

kaperang dadi : (1) Orientasi/ pambuka yaiku arupa perangan

pembuka crita; (2) Komplikasi/ konflik/ pasulayan yaiku arupa

perangan teks kang isine bab ngrembakane prakara; (3)

Resolusi/ pengudhare kabeh prakara kang dumadi yaiku

perangan iki arupa pungkasaning pasulayan utawa dredah

jrone crita, sarta Koda / panutup yaiku arupa panintinge

dudutan dening ara pamaca.

Kanggo sarane nganalisis struktur teks cerkak, jangkepana

tabel struktur teks legenda ”Tangkuban Prau” ing ngisor iki

kaya tuladhane!

PASINAON 2 : MAKARYA BEBARENGAN
BAB CRITA LEGENDA

Supaya pasinaon bisa g
ayeng, ayo padha ngesokake idhe –
idhe kanthi wujud cerita legenda bebarengan. Kanggo
nggampangake anggone gawe cerita legenda, bisa saka crita –
crita ing dhaerahmu ngenani mula bukane desa utawa crita
liyane kang kondhang lan diprecaya dening masyarakat.
Amarga saka crita – crita rakyat dhaerahmu bisa menehi idhe
gawe ngembangake crita legenda kang bisa digawe kanthi
nambahi unsur – unsur kang wangun crita supaya luwih apik
lan masalah kang digawe kanthi narik kawigaten pamaos.
Kepriye carane gawe cerita legenda? Apa bisa ngrakit crita
legenda bebarengan?
Cerkak “Tangkuban Prau” iku asale saka struktur teks lan
agagsan pokok kaya ing ngisor iki.

Garapan 1 : Ngrakit Crita Legenda Kanthi Klompok

Ing pasinaon sadurunge wis ngrembug bab struktur teks
crita legenda, yaiku orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda.
Ing sajroning struktur teks crita legenda kasebut bakal tinemu
unsur intrinsike cerkak, yaiku paraga lan watake, alur, latar /
setting, tema, lan amant senajan kanthi implisit.

Tindakna kagiyatan ing ngisor iki :
1.Gawea klompok cacahe ana 4 bocah!
2.Wangsulana tabel ngisor nganggo gagasan pokok!
3.Saben anggota ngisi sabageyan wae lan kudu runtut!
4.Kudu wis katon ana paraga lan wewatakane, alur, latar, tema,
lan amanat gayut marang struktur teks crita legenda!

Sarampunge nulis gagasan pokok, struktur crita legenda bisa
dikembangake dadi crita legenda kang wutuh lan saora – orane
saben anggota dhapuk dadi paraga!

Penilaian

·Penilaian Keterampilan

a.Teknik : Tes Tertulis

b.Bentuk : Karangan Cerita Legenda

c.Pedoman penilaian

Garapan 2 : Ngunggah Crita Legenda
Supaya asil diskusi kelompok bisa diwaca wong liya mula

kudu dipublikasi. Kajaba lumantar dipajang ana mading. Bocah
– bocah liyane uga bisa publikasi lumantar medhia liyane
kayata medhia sosial utawa ning internet.

Garapan 3 : Mbiwarakake Crita Legenda
Mbiwarakake cerkak asil gladhen bisa lumantar madhing,

antologi, lan uga medhia sosial internet. Asil karya cerkak
saduran kang wis ditindakake mau unggahen menyang
internet!

Info Panyengkuyung
1. Nalika arepe ngrakit cerkak kudu mangerteni struktur teks

yaiku orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda amarga saka
bab kasebut bakal nemu unsur intrinsike crita legenda
yaiku paraga lan watake, alur, latar, tema, lan amanat
sanajan kanthi implisit.
2. Uga bisa sinau ning link youtube :
https://www.youtube.com/watch?v=dFC_iuVS8ZY

GLADHEN WULANGAN



I. Pilihen wangsulan sing paling bener!
1.Crita legenda mujudake kasustran kang nyritakake …..
a.Panguripan sabendina
b.Epos Ramayana Mahabarata
c.Prastawa sejarah
d.Kedadeyan sajroning masarakat kang dadi crita rakyat
e.Kedadeyan apa anane
2.Adhedhasar urut – urutane crita, struktur teks crita legenda
kaperang dadi ….
a.Koda, orientasi, resolusi, lan komplikasi
b.Orientasi, komplikasi, resolusi, lan koda
c.Komplikasi, orientasi, resolusi, lan koda
d.Resolusi, orientasi, koda, lan komplikasi
e.Komplikasi, koda, resolusi, lan orientasi
3.Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh / paraga,
swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks
cerita legenda diarani …..
a.Resolusi
b.Koda
c.Komplikasi
d.Orientasi
e.Klimaks
4.Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para tokoh /
paraga, ing struktur teks crita legenda diarani …
a.Koda
b.Resolusi

c.Orientasi
d.Komplikasi
e.Klimaks
5.Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks crita legenda
diarani …
a.Klimaks
b.Orientasi
c.Komplikasi
d.Resolusi
e.Koda
6.Pesan moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Bab iki gumantung
marang ….
a.Sing ngarang lan sing maca
b.Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita
c.Kahanan masyarakat kang kacarita
d.Kahanan masyarakat wong kang maca
e.Ing ngendi crita kasebut kawaka
7.Cerkak pancen crita fiksi tegese dudu bab kasunyatan. Nanging critane bisa
wae wujud …..
a.Pengalaman pribadi kang anggone mbabarake dikembangake sarana
imajinasi.
b.Sejarah kepahlawanan kang sumbere saka tuturane pelaku sejarah.
c.Dongeng kang wis sumeber turun – temurun.
d.Crita babad tanah Jawa kang wis dilakoni dening masyarakat.
e.Asal – usul panggonan kang dibumboni daya khayal pengarang.
8.Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks crita legenda
diarani ….
a.Resolusi
b.Koda
c.Orientasi
d.Komplikasi
e.Klimaks

9.Nalika sinau nulis crita legenda apike diwiwiti kanthi nulis cengkorongan
dhisik, gunane …..
a.Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
b.Nuntun pamaca supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
c.Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan tumata urut –
urutane
d.Nuntun pamaca supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe
e.Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang
10.Tuwuh pangarep – arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur
teks crita legenda kalebu …..
a.resolusi
b.koda
c.orientasi
d.komplikasi
e.klimaks

II. Wangsulana pitakon – pitakon iki kang patitis !
1.Apa bedane crita legenda karo cerkak?
2.Apa wae struktur sajroning crita legenda lan apa bedane saka perangan
struktur kuwi?
3.Apa kang diarani unsur intrinsik lan ekstrinsik crita legenda?
4.Ukara kang digunakake ing crita legenda bisa awujud ukara langsung lan
ukara ora langsung. Apa wae bedane lan coba sebutna tuladhane?
5.Apa kang kudu digatekna nalika ngrakit crita legenda?
Aspek Penilaian

Penilaian Pengetahuan

a.Teknik : Tes Tertulis

b.Bentuk : Pilihan ganda dan esai

c.Pedoman penilaian

REFLEKSI



1.Perangan apa wae kang wis kokmangerteni sajroning
struktur teks crita legenda?
2.Apa wae perangan unsur instrinsik sing kok mangerteni
sajroning teks crita legenda?
3.Lumantar apa wae anggone ngunggah karya crita legenda
asil karya dhewe?
4.Apa wae tahapan kang wigati nalika gawe crita legenda
kanthi mandhiri?
5.Apa wae perangan saka pesan moral sajroning teks crita
legenda?

RANGKUMAN



Cerkak yaiku karya sastra kang arupa gancaran kanthi
cekak, ringkes, lan mung ngemot siji masalah wae.
Pesan moral yaiku amanat sajroning cerkak gawe
pamaos supaya dadi piwulang kang becik lan gawe bisa
gawe dadi patuladhan.
Struktur teks cerkak yaiku ana orientasi, komplikasi,
resolusi, lan koda.
Sajroning struktur teks cerkak bakal tinemu unsur
instrinsik cerkak, yaiku paraga lan watake, alur, latar /
setting, tema lan amanat kanthi implisit.

DAFTAR PUSTAKA



Sukarman dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya : Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur

Azizah,N. 2013. Pengembangan Buku Bacaan Cerita Rakyat
Bahasa Jawa Berbasis Konstektual di Kabupaten Brebes.
Semarang : Unnes.

Zainab, Nur. 2017. Pengembangan Buku Cerita Bergambar Bahasa
Jawa Untuk Meningkatkan Keterampilan Menulis dan
Berbicara Siswa Kelas II MI Sabilul Huda Senden
Peterongan Jombang. Malang : UIN Malang.

Tim Pusat Penilaian Pendidikan.2019. Panduan Penulisan Soal
HOTS. Jakarta : Pusat Penelitian Pendidikan.


Click to View FlipBook Version