BAHAN AJAR
DESKRIPSI RUMAH ADAT JAWA
ANIS LUTFIANI,S.Pd
PPG DALAM JABATAN
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
Sekolah IDENTITAS
Materi : SMK Islam Sultan Agung 1 Kalinyamatan
Kelas/Semester : Deskripsi Rumah Adat Jawa
Tahun Ajaran : X/Gasal
: 2022/2023
A. KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR
Kompetensi dasar Indikator
3.4 Menelaah teks deskriptif tentang 3.4.1Menganalisis struktur teks
rumah adat Jawa “Joglo” deskripsi rumah adat Jawa Joglo.
(C4)
4.4 Menanggapi isi dan menceritakan kembali 4.4.1 Membuat isi teks deskripsi rumah adat
isi teks deskriptif tentang rumah adat Jawa. Jawa Joglo (P5)
4.4.2 Mempresentasikan teks deskripsi
rumah adat Jawa Joglo. (P5)
B. Tujuan Pembelajaran
1. Peserta didik dapat menganalisis struktur teks deskripsi rumah adat Jawa joglo
dengan tepat (C4)
2. Peserta didik dapat membuat isi teks deskripsi rumah adat Jawa joglo dengan
baik (P5)
3. Peserta didik dapat mempresentasikan teks deskripsi rumah adat Jawa joglo
secara tertulis dengan benar (P4)
C. Materi Pembelajaran
a. Faktual : Video atau teks deskripsi rumah adat Jawa Joglo
b. Konseptual :Pangertosan teks deskripsi, Ancas teks deskripsi, titikane
teks deskripsi, teks deskripsi rumah adat Jawa Joglo
c. Prosedural : Cara nulis teks deskripsi rumah adat Jawa
“Joglo”
d. Metakognitif :Membuat teks deskripsi rumah adat Jawa Joglo
e. Materi Remedial : Bagi peserta didik yang belum mencapai KKM diberi
arahan untuk mempelajari kembali materi yang belum
dikuasai dengan bimbinganguru.
f. Materi pengayaan :Video youtube tentang rumah adat Jawa joglo
https://www.youtube.com/watch?v=_fqXQ0V5wNA
FASE 1 IDENTIFIKASI
MASALAH
MATERI FAKTUAL
Sumangga para siswa saged nyimak video ingkang ditayangaken dening guru, link
https://www.youtube.com/watch?v=_fqXQ0V5wNA&t=22s
Omah Adat Jawa Joglo
Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké
minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane,
omah joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo
butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan
kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing
jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Ciri khas liane saka
omah adat Jawa Joglo yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian yaiku pendhopo,
pringgitan, dalem agung, lan gandhok.
Pendhapa iku bagian omah joglo sing mapan paling ngarep. Wangunan ora
katutup gebyog (gedhek) alias dibukak byak. Fungsine pendhapa yaiku kanggo
nampa tamu, rapat musyawarah warga lan bisa uga kanggo papan dolanan anak-
anak.
Pringgitan iku asale saka tembung ringgit sing artine wayang. Pringgitan
nduweni teges yaiku bagian omah joglo sing biasa digunakake kanggo pagelaran
wayang. Pringgitan iki mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem ageng.
Senthong yaiku minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi
utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah.
Dalem agung yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang
keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi,
saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih dhuwur digunakake
panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang
keluarga lan senthong.
Omah gandhok iku bagian omah joglo sing awujud omah tambahan (dudu
bagian inti). Biasane omah gandhok kanggo garasi, pawon, lan pakiwan (WC).
Gandhok utawa pawon iku panggonan kanggo dhapur utawa papan kanggo masak.
Disebut pawon amarga papan iki ngasilake awu (abu) sisa bakaran kayu. Dene
Pakiwan yaiku perangan omah gandhok kanggo reresik, kaya ta adus, MCK,
umbah-umbah lan sapanunggalane.
FASE 2 MENGORGANISASI
PESERTA DIDIK
MATERI KONSEPTUAL
Para suswa sumangga dipunsinauni saha dipunrembag materi ing
ngandhap menika
PETA KONSEP
Perangan Rumah Adat Pangertosan Teks Deskripsi
Jawa
Pangertosan Omah Struktur Teks Deskripsi
Adat Jawa Joglo
Titikane Teks Deskripsi
Cara Nulis Deskripsi
1. Pangertosan Teks Deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo
pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining
objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi
penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa
pangrasane marang pamaca. Wacana iki njlentrehake sipat lan sakabehe
peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin
diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya
pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha. Cethane wacana
deskripsi iku wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi cetha salah
sawijining kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa ngrasakake
utawa ngreti kaya kang dicritakake.
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang
tujuwane kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Wacana deskripsi ana kang
diarani wacana deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan deskripsi
kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis.
Saliyane iku uga ana wacana deskripsi kang diarani wacana deskripsi subjektif
yaiku kosok baline saka deskripsi objektif, yaiku anggone nggambarake objek iku
dikantheni karo opini saka penulis. Becik lan orane wacana deskripsi iku
gumantung saka panulise, amarga saya pinter lan cetha anggone nggambarake
kahanan bakal saya cetha para pamaca anggone ngreteni.
2. Titikane paragrap desrkipsi :
Nerangaken objek kanthi langsung miturut panemune sing diweruhi.
Adhedhasar kang observasi utawa pengamatan.
Ndhuweni gagasan marang sing maca kanthi cara ngelih objek sing diweruhi
pengarang.
Ndhuweni sipat imajinasi (imajinasi namung dasare fakta) utawa
penggambaran.
3. Struktur teks deskripsi
Identifikasi : obyek, panggon, utawa barang kang diandharake kanthi umum
Klasifikasi : ngandharake bagean-bagean obyek
Deskripsi bagean : ngandharake bagean-bagean obyek kanthi rinci
4. Langkah-langkah nulis teks deskripsi
Milih topik kang arep didadekake teks deskripsi
Ngadakake pengamatan saking objek kang arep dideskripsikake
Nentukake pola pengembangan paragrap kang pas
Nyusun kerangka paragraph saking gagasan dasar lan gagasan panjelas
Ngembangake kerangka dadi paragrap kang utuh
5. Pangertosan Omah Adat Jawa
Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé
gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo
gaya arsitektur liya misalé: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya
umpamane sasono suko.
Omah adat Jawa sing isih lengkap lan nduwé nilai-nilai budaya Jawa yaiku
sing nduwé 3 bagian bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan
liya sing radha cilik lan posisiné radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian
tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhéwé ana dalem. Umah neng desa-desa
lan penduduk biasa umumé bangunané tunggal lan dibangun nganggo gaya
arsitektur dara gepak. Bangunan kuwi beda karo bangunan gaya saiki utawa
asring diarani rumah minimalis.
Wewangunan omah Joglo iku ana perangan-perangan kang wis gumathok, ing
antarane:
1. Teras utawa Pendhapa
https://www.bukusemu.my.id/2016/11/pengertian-bagian-dan-jenis-rumah-adat.html
Pendhapa iku bagian bangunan umah adat Jawa sing anane neng sisih
paling ngarep. Wewangunan iki biasane diarani pendhapa agung utawa
pendhapa gedhe lan nduwe ukuran sing jembar banget, tanpa sekat, tanpa
tembok utawa dinding uga tanpa lawang (pintu).
Pendhapa umume diwangun nganggo gaya
arsitektur joglo trajumas. Pendhapa nduwe fungsi kanggo nerima tamu-tamu
agung, pertemuan-pertemuan resmi, kanggo pagelaran kesenian uga upacara
adat. Bangunan pendhapa iku ngandung makna sifat pradah, sifat iki antarane
lapang dada, ramah tamah lan pemurah, uga mesthi isa lan siap nerima tamu.
Makna liyane saka bangunan iki yaiku momot utawa sanggup nampung apa
wae uga termasuk sanggup nampung lan ngatasi kabeh masalah sing
timbul. Bangunan pendhapa ing jaman saiki isa ditemokake ana ing komplek-
komplek kraton, kantor utama pemerentah (neng Jawa
Tengah, Yogyakarta lan Jawa Timur) misale kantor Bupati utawa DPRD.
2. Pringgitan
https://www.bukusemu.my.id/2016/11/pengertian-bagian-dan-jenis-rumah-adat.html
Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing jaman biyen
ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara
tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit,
mula dijenengke pringgitan saka tembung ringgit kang ateges wayang.
Wewangunan iki uga ora tanpa teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas
nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni
lan budaya. Mula ing jamane seni lan budaya tradhisional isih kuncara
anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan
pringgitan.
3. Dalem Agung
https://www.bukusemu.my.id/2016/11/pengertian-bagian-dan-jenis-rumah-adat.html
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki
minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah
tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo
kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ini nuduhake lamun urusan
kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan
pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga
kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning
kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi
musyawarah kluwarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi
disandhang.
4. Krobongan/senthong
https://www.bukusemu.my.id/2016/11/pengertian-bagian-dan-jenis-rumah-adat.html
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi
utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku
kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah
nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan
iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges nuduhake
yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
5. Gandhok atau Pawon/pekiwan
https://www.bukusemu.my.id/2016/11/pengertian-bagian-dan-jenis-rumah-adat.html
Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar mandi.
Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat
pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo masak
masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana
ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan
dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan ngati-ati,
tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
MEMBIMBING
PENYELIDIKAN
FASE 3
MATERI PROSEDURAL
Para siswa sasampunipun nyinauni babagan deskripsi omah adat Jawa, mangga
saegd rerembugan sesarengan kaliyan kanca kelompok nganalisis isi teks
deskripsi omah adat Jawa Joglo !
Bab menika, para siswa saged ningali teks deskripsi omah adat Jawa Joglo !
Omah Adat Jawa Joglo
Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké
minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa .
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian yaiku pendhopo,
pringgitan, dalem agung, lan gandhok.
Pendhapa iku bagian omah joglo sing mapan paling ngarep. Wangunan ora
katutup gebyog (gedhek) alias dibukak byak. Fungsine pendhapa yaiku kanggo
nampa tamu, rapat musyawarah warga lan bisa uga kanggo papan dolanan anak-
anak.
Pringgitan iku asale saka tembung ringgit sing artine wayang. Pringgitan
nduweni teges yaiku bagian omah joglo sing biasa digunakake kanggo pagelaran
wayang. Pringgitan iki mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem ageng.
Senthong yaiku minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi
utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah.
Dalem agung yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang
keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi,
saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih dhuwur digunakake
panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang
keluarga lan senthong.
Omah gandhok iku bagian omah joglo sing awujud omah tambahan (dudu
bagian inti). Biasane omah gandhok kanggo garasi, pawon, lan pakiwan (WC).
Gandhok utawa pawon iku panggonan kanggo dhapur utawa papan kanggo
masak. Disebut pawon amarga papan iki ngasilake awu (abu) sisa bakaran kayu.
Dene Pakiwan yaiku perangan omah gandhok kanggo reresik, kaya ta adus,
MCK, umbah-umbah lan sapanunggalane.
MEMBIMBING DAN
MENYAJIKAN
FASE 4
MATERI METAKOGNITIF
Cara nulis teks deskripsi :
Nemtokake tema sing arep dibahas.
Tujuan penulisan sing arep disampekna marang pembaca.
Ngumpulake materi.
Barange utawa materine dipriksa, dimirengaken, lan dirasaken.
Nggawe kerangka deskripsi kang adhedhasar materi kasebat.
Nulis karangan kanthi lengkang lan ora nana sing kececer.
Tuladha teks deskripsi omah adat Jawa Joglo !
Omah Adat Jawa
Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka
simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah joglo mung
diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan
larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang
digunaake nampa tamu kang akih. Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké
omah wangun joglo. Ciri khas liane saka omah adat Jawa Joglo yaiku duweni payon kang
dhuwur kaya gunung.
Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian yaiku pendhopo, pringgitan, dalem
agung, lan gandhok.
Pendhapa iku bagian omah joglo sing mapan paling ngarep. Wangunan ora katutup
gebyog (gedhek) alias dibukak byak. Fungsine pendhapa yaiku kanggo nampa tamu, rapat
musyawarah warga lan bisa uga kanggo papan dolanan anak-anak.
Pringgitan iku asale saka tembung ringgit sing artine wayang. Pringgitan nduweni teges
yaiku bagian omah joglo sing biasa digunakake kanggo pagelaran wayang. Pringgitan iki
mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem ageng.
Senthong yaiku minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama
ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah.
Dalem agung yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga.
miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi, saengga membagi
ruang dadi 2 area. Ing pondasi kang luwih dhuwur digunakake panggon mlebu metune
udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.
Omah gandhok iku bagian omah joglo sing awujud omah tambahan (dudu bagian
inti). Biasane omah gandhok kanggo garasi, pawon, lan pakiwan (WC). Gandhok utawa
pawon iku panggonan kanggo dhapur utawa papan kanggo masak. Disebut pawon amarga
papan iki ngasilake awu (abu) sisa bakaran kayu. Dene Pakiwan yaiku perangan omah
gandhok kanggo reresik, kaya ta adus, MCK, umbah-umbah lan sapanunggalane.
MENGANALISIS DAN
MENGEVALUASI
FASE 4
DUDUTAN DAN REFLEKSI
DUDUTAN
Guru paring bimbingan dhateng siswa kangge damel dudutan saking pasinaon
dinten menika materi deskripsi omah adat Jawa
Siswa dipundhawuhi ngempalaken LKPD ingkang sampun dipunrembag
sesarengan kanthi presentasi wonten ing ngajeng kelas
REFLEKSI
Sasampunipun para siswa ngelampahi pasinaon dinten menika, wangsulana
pitakon ing ngisor iki kangge nyepakaken pasinaon minggu ngajeng ?
1. Menapa kemawon ingkang dipuntampi wonten ing pasinaon dinten menika ?
2. Bab punapa ingkang dipunremeni nalika dhamel perangan omah adat Jawa
Joglo?
3. Perangan menapa ingkang dereng dipunmangertosi wonten ing materi
deskripsi omah adat Jawa Joglo?
KAPUSTAKAN
Yatmana, Sudi. 2020. Kabeh Bisa Basa Jawa. Jakarta: Yudhistira
http://jokobasajawa.blogspot.com/2018/03/materi-omah-adat-jawa.html
https://anythingschool.blogspot.com/2018/04/teks-deskripsi-bahasa-jawa.html
https://www.youtube.com/watch?v=_fqXQ0V5wNA
Zulkifli, A., & Ika, R. (2020) Eksplorasi Rumah Adat Joglo Pada Materi Geometri di
Sekolah Dasar. Jpgsd, 8 (3), 591-600
Ambarsari, D. W., & Hartono, B. (2017). Pengembangan Media Pop Culture Up
Rumah Adat Jawa untuk pembelajaran Menyusun Teks Deskripsi Pada
Peserta pada Peserta Didik SMP Kelas VII. Semantik, 6(2), 1-10
Lusita, J., & Emidar, E. (2019) Struktur dan Unsur Kebahasaan Teks Deskripsi
Siswa Kelas VII SMP Negeri 30 Padang. Jurnal Pendidikan Bahasa dan Sastra
Indonesia, 8 (1), 113-120