The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by estri wijiasih, 2020-09-24 16:51:08

Serat Piwulang pangkur

Serat Piwulang pangkur

SERAT PIWULANG
“WULANGREH”

PUPUH PANGKUR

Dening:
Estri Wiji Asih

 Karya sastra awujud tembang macapat anggitane Sri
Susuhunan Pakubuwana IV, saka Kraton Surakarta Hadiningrat,
ingkang miyos nalika 2 September 1768. Nalika enom, asmane
Raden Mas Subadiyo. Panjenenganipun jumeneng nata nalika 29
September 1788 lan seda ing wekdal 1 Oktober 1820.

 Naskah Serat Wulang Reh saiki disimpen ing Museum Radya
Pustaka, Surakarta

 Serat Wulangreh, asale saka tembung:

Wulang utawa pitutur kang tegese ajaran utawa nasehat.

Reh kang tegese dalan, aturan utawa laku kanggo nggayuh utawa
tuntutan.

Wulang Reh bisa ditegesi ajaran utawa nasehat kanggo
nindakake samubarang. Samubarang kang dikarepake sajrone
makarya yaiku laku tumuju urip kang sampurna.



Struktur Serat Wulang Reh kadhapuk saka
13 jinis tembang (pupuh), kanthi cacah
pada/bait kang beda-beda, yaiku:

1. Dhandhanggula, terdiri 8 pada/bait
2. Kinanthi terdiri 16 pada/bait
3. Gambuh terdiri 17 pada/bait
4. Pangkur terdiri 17 pada/bait
5. Maskumambang terdiri 34 pada/bait
6. Megatruh terdiri 17 pada/bait
7. Durma terdiri 12 pada/bait
8. Pocung terdiri 23 pada/bait
9. Mijil terdiri 26 pada/bait
10. Asmaradana terdiri 28 pada/bait
11. Sinom terdiri 33 pada/bait
12. Girisa terdiri 25 pada/bait
13. Wirangrong terdiri 27 pada/bait

• Pupuh yaiku kumpulan tembang kang padha
ing sawijining anggitan (karangan).

• Pupuh pangkur ing Serat Wulangreh ana 17
pada/ bait

• Sasmitane tembang: pangkur, wuntat, pungkur,
ungkur, yudakenaka

• Watake : sereng, nepsu, antepan ati lan gagah,
mula pantes kanggo nyritakake crita kagol,
mangkelake, pitutur kang disebabake rasa
mangkel lan uga kahanan liyane

Pupuh Pangkur

Paugerane tembang macapat:
Guru gatra: cacahe gatra (larik) saben
sapada (bait)
Guru wilangan: cacahe wanda (suku kata)
saben sagatra (larik)
Guru lagu: tibaning swara (vokal) saben
pungkasaning gatra



PUPUH PANGKUR (WULANGREH-PADA 1)


Click to View FlipBook Version