The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by erviyandani46, 2022-05-17 19:48:44

Carita Ramayana Kidang Kencana kelas 7 semester genap dening Erviyandani

3.3 Menelaah Carita Ramayana Kidang kencana

CKAIRDIATNAGRKAEMNACYAANNAA

SMP/MTS/Sederajat



Basa Jawa
Kurikulum 2013




DENING : ERVIYANDANI

A. Kompetensi Inti

Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret
(menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan
membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan
yang di pelajari disekolah dan sumber lain yang sama
dalam sudut pandang/ teori.

B. Kompetensi Dasar

3.3 Menelaah cerita Ramayana Kidang Kencana

C. Indikator

3.3.1 Memahami cerita Ramayana Kidang Kencana
3.3.2 Menelaah pokok-pokok isi cerita Ramayana Kidang
Kencana.

E. Ancas Pasinaon

1. Sawise ngrungoake cerita ing link youtobe, siswa bisa
mahami Carita Ramayana Kidang kencana.
2. Sawise mangerteni kepiye isi carita Ramayana Kidang
kencana ana ing link youtobe, siswa bisa nelaah Carita
Ramayana Kidang kencana kanthi setiti.

F. Pandom Pasinaon

Sadurunge mlebu ing materi pasinaon, luwih becik para

siswa mangerti pandom pasinaon iki. Ing ngisor iki bab-bab
kang kudu digatekake :
1. Para siswa maca pandom pasinaon ing materi iki.
Upamane arupa kompetensi inti, kompetensi dasar,
Indikator pencapaian kompetensi, lan ancas pasinaon.
2. Menawa anggone sinau ana kang ora dimangerti bisa
nyuwun pirsa marang guru.
3. Siswa isa gladhen soal ing bagean gladhen. KKM yaiku
70.
4. Menawa bijine isih kurang saka KKM, Isa Melu remidi
lan sinau.

Materi Ajar

Ramayana India

(Resi Walmiki)

Rama Ayana

Prabu Rama Lakon

Ing sajroning menelaah Carita Ramayana Kidang Kencana
kedah nggatekake unsur intrinsik. Unsur intrinsik iku
kalebu :
1. Tema, inggih menika gagasan baken ingkang dados
dhasaring cariyos.
2. Paraga, inggih menika purusa ingkang nglakokake
cariyos.
3. Penokohan, nggih menika gambaran watak paraga.
4. Alur/ plot, nggih menika rerangkening cariyos ingkang
kadhapuk kanthi logis.
5. Latar/ setting, inggih menika panggenan,wekdal,utawi
swasana kadadosanipun prastawa ing salebeting cariyos.
6. Amanat/ pesan, inggih menika pitutur utawi pesen
pangripta ingkang badhe dipunaturaken dhumateng
pamaos.
7. Sudut pandang, inggih menika posisi pangripta wonten
ing cariyos.

Pangripta saged dados:
-Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku
utama )
-Purusa katiga (orang ketiga )
-Sarwi mangertos (serba tahu )

Carita Ramayana Kidang Kencana

Nalika Rama Sinta lan lesmana ngumbara deweke nganti
ana ing tengahing wana. Ana ing kono dewi Sinta ngerti
Kidang Emas. Kidang kencana mlaku-mlaku ana ing daerah
kuwi ngerti kidang kang wernane emas Dewi Sinta jaluk
supaya Kidang mau di cekel. Amerga Rama iku tresna
banget marang Dewi Sinta, Rama banjur nyekel Kidang
kencana mau. Kidang kencana ngerti yen erep di cekel
deneng Rama mula kidang kencana mlayu mlebu ana ing
tengahing Alas.
Rama banjur melu mlebu ana inng jero alas ana jero alas
katon peteng dedet ananging kala-kala kidang kencana
ketoh kumlebat. Rama banjur menthang gendhewa kidang
kencana banjur di panah. Eloking kahanan bareng karo
gumlundunge kidang mau ana suwara kang niru-suwarane
Rama bengok-begok jaluk tulung banjur Rama sadar yan
deweke lagi kapusan.
Swara sambating Rama nganti krungu nganti papane Dewi
sinta lan lesmana. Dewi Sinta ngira yen suwara kuwi mau
suwarane Rama, banjur Lesmana ngelingake yen kuwi
dudu suwarane Prabu Rama. Dewi sinta tetep teguh karo
apa sing di antepi dadine Dewi sinta ngutus Lesmana
supaya goleki Prabu Rama. Raden Lesman banjur lunga
goleki Prabu Rama.
Ana tengahing dalan Prabu Rama ketemu dening Raden
Lesmana banjur kekalihe balik ana papane Dewi Sinta. Ka-

get atine Rama lan Lesmana ngerteni Dewi Sinta wis ora
ana ing panggonan kuwi. Banjur Rama lan lesmana goleki
Dewi sinta. Ana ing tengah dalan Rama lan Lesmana
ketemu karo Peksi Jathayu. Peksi Jathayu banjur
nyeritaake yen kang nyulik Dewi sinta yaiku
Rahwanabanjur digawa ana Nagari Ngalengka. Jathayu uga
cerita yen kang natoni Jatayu yaiku Rahwana sakwise
Cerita kang kaya mangkono Peksi Jathayu mati. Rama lan
Lesman nerusake angone goleki sinta ana ing dalan
kepanggih dening Anoman kang sedya ngabdi deneng Prabu
Rama.

Gatekna video kang

ana ing link

youtobe :

https://youtu.be/X

MSQ4t1wL7w

Gladhen

1. Apa kang dadi underan crita kasebut ?
2. Sapa wae paraga kang kapacak ing crita kasebut ?
3. Kepiye watake Rama ?
4. Kepiye swasana crita kasebut ?
5. Wayah lan latar ana ngendi kedadeyan crita kasebut ?
6. Alur apa kang digunakake crita kasebut ?
7. Papan ngendi Dewi Sinta kadhusta sening Rahwana ?
8. Sapa kang Paring kabar marang Rama Yen garwane

didhusta sening Rahwana ?
9. Piweling apa kang ana ing crita kasebut ?
10. Migunakke sudut pandang kang nomor pira ?

Penilaian

Sakwise mangsuli pitakenan kanthi kelompok. Tulisen
Crita Ramayana Kidang Kencana kanthi ringkes LAN
migunakke basamu dhewe-dhewe.

Refleksi

Sawise maca materi ing dhuwur, apa kang durung
dimangerteni ? Ayo materi kang durung dimangerteni bisa
ditakonake marang guru. Saiki coba sapa wae paraga ing
crita Ramayana Kidang Kencana ?

Rangkuman

Carita Ramayana iku kedadean saja rong tembung yaitu
Rama lan Ayana. Anggitane Resi Walmiki. Nalika menelaah
Carita Ramayana Kidang kencana iku kudu nggatekake
unsur intrinsik sajroning carita. Unsur intrinsik iku ana 7
cacahe yaiki tema, paraga, panokohan, latar, alur, amanat,
sudut pandang.

Kapustakaan

RPP Teks Crita Ramayana Kidang kencana kelas 7
semester genap dening Sulis bambang
https://youtu.be/XMSQ4t1wL7w


Click to View FlipBook Version