”Iya.” ”O ............ yèn ngono beciké karo panjenengan baé Pak kepriyé, sowan mrana?” ”O, ora Ndhuk, cukup kowé dhéwé baé. Mula yèn tita kowé ditolak tenan ya ora dadi apa, balia mréné manèh, wong omah iki sing duwé ya kowé karo kangmasmu Susilo.” ”Iya Pak, yèn kaya ngono aku ndhèrèk wis.” ”Lha rak ngono. Mula coba jupuken pethi cilik sing daklak kaé, ana jero lemari gawanen mréné.” ”Iya Pak.” Sri Éndah Wahyuningsih banjur jupuk kothak cilik sing di-lak, banjur diaturaké bapakné angkat. Pethi ditampani, laké di-thèthèl banjur dibukak, ing jero ana isiné layang siji lak-lakan, lan cepuk. Cepuk dijupuk, nuli dibukak, ing jero isi barang mas inten, kang wujud gelang, kalung, sak liontiné sing ditrètès ber-liyan, lan suweng mata inten. Sri Éndah Wahyuningsih njenger sumIengeren weruh barang-barang mau. ”Iki kabèh barang-barangmu dhéwé Ndhuk, tinggalané ibu-mu dikon mènèhaké kowé. Mula barang-barang iki tampa-nana.” Sri Éndah Wahyuningsih tangané ndhredheg, bungah ya sedhih nampani barang-barang mau, tinggalané ibuné. ”Iki kabèh enggonen, yèn kowé sowan menyang dalemé éyangmu. Kowé bakal diaku. Lan layang iki aturna pisan.” ”Iya Pak ya.” ”Isih ana manèh piwélingku karo kowé Ndhuk, samangsa- mangsa aku wis dipundhut karo sing Mahakuwasa aku mung titip Kangmasmu Susilo aja koktukari, awit wis lola. Malah dak-suwun muga-muga kowé tetepa ana sandhingé kangmasmu selawasé, nyambung balung pisah lan nerusaké kumandhang-ing katresnanku. Aku oraa klakon karo ibumu yèn Susilo klakon runtung-runtung karo kowé aku wis bungah wis lega. Semono iku yèn kowé nyarujuki lan tresna karo kangmasmu, déné yèn ora, aja kok peksa, awit yèn barang peksan iku bakal ora becik, bisa njalari kaya lelakoné ibumu dhéwé.” Sri Éndah Wahyuningsih tumungkul semu isin lan karanta-ranta bareng krungu pangandikané bapaké angkat, sing kaya menkono mau. ”Pak bab siji iki aku durung bisa ngaturi wangsulan saiki iki, awit bab mau mung kari gumantung ana kersané Kangmas Susilo dhéwé.” ”Iya, iya Ndhuk, aku wis ngerti sing kok karepaké iku. Ya muga-muga baé Kangmasmu Susilo banjur éling nduwèni krenteg karo kowé. Muga-muga kumandhanging katresnanku karo ibumu, lumuntura menyang kowé lan kangmasmu. Lan sapungkurku, layang ana ngisor bantalku iki jupuken, wènèhna menyang kangmasmu.” Sri Éndah Wahyuningsih sumedhot atiné. ”Iya Pak bakal dakèstokaké kabèh dhawuhmu.” Kaya pancèn wis pinasthi mung tekan semono garisé RS. Ranuasmara, bubar crita sing akèh-akèh mau, banjur anteng, mripaté nyawang Sri Éndah Wahyuningsih, banjur merem ma-nèh, nata ambegan, RS. Ranuasmara banjur ngelèkaké mri-paté manèh mak byar, karo nyawang Sri Éndah Wahyuningsih, sing disawang ketungkul sedhih. ”Nduk Sri coba nyedhaka réné. Kanggo sing pungkasan aku kepéngin ngaras bathukmu. Kenaa kanggo jalarané aku nusul ibumu. Awit kaya-kaya ibumu wis suwé enggoné nunggu tekaku. Wis Ndhuk, majua.” 51
Sri Éndah Wahyuningsih krasa sumedhot banget, angles atiné diarasi déning bapaké angkat kanthi soking tresnané. Atiné Sri Éndah Wahyuningsih krasa saya sumedhot banget, angles. ”Wis cukup Ndhuk, katrima banget. Wis karia slamet, aku arep nusul ibumu.” Lan ora suwé mak les yitnané banjur oncat saka raga wa-dhagé, bali sowan menyang pangayunaning Pangéran, kanthi tentrem lan ayem, bokmanawa wis rumangsa marem lan se-neng weruh sing ditinggal wis kena dipitaya. Ragané gilang-gilang kaya wong turu. Sri Éndah Wahyu-ningsih kagèt. Sanalika njerit karo ngrungkebi layoné bapaké angkat sing wis adhem kabèh badan sakojur. Panjerité Sri Én-dah Wahyuningsih gawé kagèté Pak Yoto, wong loro padha re-but ducung mlayu menyang kamaré bendarané. Kaya ngapa kagèté bareng weruh Sri Éndah Wahyuningsih lagi ngrungkebi bendarané kang wis gilang-gilang tinggal donya. Pak Yoto sa-kloron domblong kèlingan menyang lelakon sing wis kapung-kur, nalika bendarané lagi ngrungkebi layoné RA. Tien Tisno-wati. ”Dèn Rara, Dèn Rara, kula aturi ènget, sampun muwun, ki-rang saé mindhak ngendhet-endheti lampahipun keng rama ingkang saweg kondur sowan ing pangayunaning Gusti. Ènget Dèn Rara ènget, prayogi nggalih ingkang perlu-perlu kéma-won.” mengkono aturé B. Yoto ngrerepa. Nanging Rr. Sri Én-dah Wahyuningsih ora nggapé, tangisé saya ngguguk meme-lasi. ”Dèn, Dèn Rara ènget, kula aturi andhahar atur kula, si-naosa panjenengan tangisi rak ndara sepuh boten saged su-geng malih. Mila sampun muwun kémawon, malah prayogini-pun Keng Raka Dèn Bagus Susilo, dipunparingi kabar énggal-énggal.” Sri Éndah Wahyuningsih bareng krungu aturé B. Yoto, banjur grègah tangi éling, karo ngusapi luhé sing tansah dIè-wèran metu. ”Iya bener kowé Mbok.” Bubar celathu ngono terus mlayu menyang méja tulis, gawé layang, let sedhéla wis dadi banjur ngundang P. Yoto. ”Pak Yoto, rikat menyang kantor tilgram ya, Mas Susilo til-gramen. Iki layangé.” ”Inggih Dèn Rara.” P. Yoto sawisé nampani layang terus nunggang pit, me-nyang kantor tilgram. Ora suwé ing omahé RS. Ranuasmara wis kebak wong padha layat, kabèh padha tumandang gawé, nyukupi kebutuhan kanggo keperluan wong kesripahan. Kanca guru-guru lan liya-liyané uga padha teka mrono kabèh padha mèlu béla sungkawa, B. Yoto ribut ana pawon karo wong-wong wadon liyané. Kahanan kang mauné sepi dadi ramé dadakan, kaya wong lagi mbarang gawé ing ngendi-endi katon padhang pating klencar. Layoné RS. Ranuasmara, wis dipindhah ana ing dhipan, mujur ngalor dilurubi mori putih. Ambuning dupa kumelun awor kukus, ngambar-ambar wangi tekan ngendi-ngendi. Sri Endah Wahjuningsih tansah lungguh dheleg-dheleg se-dhih ana sandhingé layoné bapakné angkat, dikancani kanca-né guru putri pirang-pirang. Mripaté tansah teles kebak luh. Mèh sawengi natas sing padha layat sasat ora padha mulih, kabèh padha béla sungkawa, welas menyang sing ditinggal ijèn. Jam 7 ésuk layon disirami dirukti kaya salumrahé, banjur didandani, terus dilebokaké ing njero pethi linuruban mori putih, rinengga ing kembang maneka warna, arum gandané. Sri Én-dah Wahyuningsih mripaté pendul saka enggoné nangis, awaké lungkrah sayah. 52
Wayah jam 11 awan R. Susilo nembé teka ing Magetan. Sri Éndah Wahyuningsih bareng weruh kangmasé teka, terus ngrangkul karo nangis, wong loro dadi tangis-tangisan nyedih-aké. R. Susilo ngrungkebi layoné wong tuwané. Sri Éndah Wahyuningsih mèlu nangis manèh. Krans lan bokèt kembang sumbangan padha ndlidir teka. Jam telu soré layon diarak diiring menyang pasaréan Ngi-pik, sing nguntapaké akèh banget, sadalan-dalan padha katon sedhih béla sungkawa. Bubar mitung dina kahanan ing omah kono nembé katon bali ayem tentrem manèh. Mung Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kang isih katon sedhih, awaké lungkrah. Weruh kaya mengko-no mau R. Susilo banjur nglipur, adhiné nuli dirangkul. Nanging embuh apa sababé bareng tangané nembé waé klumawé, terus katon gumeter dhredheg, atiné geter, dheg-dhegan, ora ka-ya sing uwis-uwis R. Susilo ora sida ngrangkul, wurung. Tab-tabaning atiné saya seru, saya gorèh. Saka panyawangé R. Susilo adhiné mau séjé karo adat sabené, mundhak ayuné, mundhak luwes, lan kèwesé, praené katon mencorong gawé siloning jiwané nganti ora kuwat nyawang. Rasa geter-getering dhadhané saya gedhé, rumangsa kaya kena prabawa sing ora samesthiné. ”Wis ta Dhik, aja banget banget enggonmu mikir menyang sédané bapak. Puluh-puluh kok sedhihana lan kok tangisana nganti entèk luhmu, bapak rak ora bisa bali manèh, marga pancèn wis pinasthi, bali menyang ngarsané Pangéran ora kena digondhèli. Bapak rak wis kepénak. Balik kita rak durung ngerti kepri-yé bakal dadiné ing bésuk tembé buriné. Karo manèh ya wis wanciné, awit bapak wis sepuh. Mula aja digetuni banget-banget.” ”Mas atiku sedhih banget.” ”Ora maido Dhik, aku dhéwé ya semono uga. Sapa wongé ora sedhih ditinggal séda wong tuwa. Dhisiké ibu, banjur ganti bapak sing nusul, kita mung kari padha kijènan, wong loro. Nanging sanajan kaya ngonoa, kita ora kena sedhih banget-banget. Coba Dhik pikiren. Kasedhihaning ati iku yèn diuja terus bakal gawé kapitunané awaké dhéwé, sebab bisa énggal dadi kecandhak lara. Kang mangka lara iku dalaning pati. Yèn kowé terus sedhih kaya ngono sapa sing susah rak aku, sebab isining omah mung kari kowé lan aku. Mula wis ora perlu kokpikir jero, koksedhihi manèh.” ”Nanging Mas kawuningana, kasedhihaku kuwi mau ora sebab saka mikir menyang sédané bapak baé Mas, nanging sedhih merga ana sebab liya manèh.” ”Coba kandhakna Dhik, apa sing kok sedhihi mau. Aku sa-iki rak minangka dadi sesulihing wong tuwa, mula yèn bisa, wajib madhangaké pikirmu sing lagi bunek lan sedhih. Rak ya ngono ta Dhik, cah ayu?” ”Gething aku Mas, saben-saben panjenengan mesthi mung ngalem baé.” ”La witikna piyé Dhik, apa aku dikon nyacad kowé? Sa-najan alaa dikaya ngapa, wong seduluré dhéwé, ya mesthi dia-lem becik, ora ana sedulur sing nyacad alané seduluré dhéwé. Coba saiki kandhakna, apa sing andadèkaké sedhihing atimu kuwi Sri?” gunemé karo ngelus-elus pundhaké. ”Gawat Mas, gawat banget.” ”É sajaké kowé nyimpen wadi gedhé Dhik.” ”Pancèn bener kaya ngono Mas, malah saupama wewadi iki dakaturaké karo Kangmas, aku nduweni rasa kuwatir banget.” ”Lho sing dikuwatirké apa Dhik, cah ayu bok aja mbebéda Masmu, ayo kandhakna.” ”Iya Mas, aku mengko dakmatur sabeneré baé Mas, ora gawé-gawé.” 53
”O iya mèh lali aku, culna dhisik tanganku, Mas, dak njupuk layang.” ”Layang? Lajang saka sapa?” ”Ah saka sapa manèh, mesthiné ya saka yang-yangané panjenengan.” Krungu panyengesé adhiné mau R. Susilo rada mangkel Sri Éndah Wahyuningsih dicekel manèh tangané, karo dijiwit pipiné. Sing dijiwit bengok-bengok. ”Iki jalukanmu tikna mbebéda, wong aku rumangsa ora duwé yang-yangan jé diterka.” Sri Éndah Wahyuningsih budi, karo genti males njiwit. Susilo pringisan kelaran. ”Yèn pancèn ora kagungan mbok ya uwis ta Mas, ora su-sah duka, mangsa pipiné wong kok dijiwit sakepénaké dhéwé. Iki rak ana sing duwé.” ”Tikna gawé mangkel. Èh wis ana sing duwé ta. Sapa Dhik?” ”Ya aku dhéwé! Panjenengan mangkel? Ya wis yèn ngono aku ora sida njupuk layangé Mas.” ”Layang saka sapa ta Dhik?” ”Saka bapak.” ”Saka bapak, dhèk kapan kuwi?” ”Nalika bapak arep séda, banjur dhawuh karo aku, supaya layang sing ana ngisor bantal diaturaké panjenengan. Aku lali, nembé saiki kélingan.” ”Coba jupuken Dhik. Layang apa kuwi?” ”Embuh, aku ora ngerti, wong ora maca.” Rr. Sri Éndah Wahyuningsih banjur mlebu ing kamaré. Ora suwé bali teka manèh karo nggawa layang terus diulungaké kangmasé. Bareng-bareng karo ngulungaké layang, Sri Éndah Wahyuningsih banjur males manèh, lengené kangmasé dijiwit seru, terus mlayu menyang njaba, njujug ing patamanan kang wis lawas ora naté ditiliki, marani kembang gladhiool kang nembé mekar. R. Susilo bengok-bengok kelaran, arep nututi wis adoh, te-rus mlebu kamar, arep maca layang mau. Tekan kamar layang terus dibukak diwaca uniné kaya mengkéné. Anakku Susilo. Yèn kowé maca layang iki bapak wis ora ana ing alam donya, bali menyang ngarsané kang Mahaagung. Sapungkurku kowé dakdongakaké slamet sakabèhané. Kajaba saka iku aja pisan ndadèkaké ing kagètmu, aku arep ngandhakaké sawijining wewadi kang wis lawas banget dakkan-dhut, daksimpen wiwit sadurungé kowé lair. Sarèhning wis tekan titi mangsané, wewadi mau arep dakandharaké karo kowé. Aku awèh weruh, sejatiné Sri Éndah Wahyuningsih mau dudu adhi-mu dhéwé, lan ya dudu anakku dhéwé, nanging mung anak ang-kat, dadi karo kowé ya mung sadulur angkat. Enggonku mupu nalika dhèwèké lagi umur 7 dina, déning ibuné banjur dipasrah-aké aku. Bubar kuwi ibuné Sri banjur tilar donya, Sri dhéwé isih duwé bapa lan éyang. kabèh isih sugeng. Éyangé malah isih darahing wong luhur, pensiunan Wedana, asmané RB. Jayèng-subroto, dalemé ana ing Tamtaman Sala. Déné mula bukané kuwi mengkéné. Biyèn nalika bapakmu isih Narayana, duwé pacangan, putri Sala yaiku RA. Tien Tisno-wati putrané RB. Jayèngsubroto mau. Aku tresna karo dhèwèké, dhèwèké uga nimbangi tresna karo aku. Nanging banjur wurung, ora dadi, merga ora diparengaké 54
déning kang ramané, sebab ba-pakmu iki mung wong lumrah baé, dudu turuning wong luhur. Bapak ditampik mau atiné sedhih banget, tansah ton-tonen me-nyang RA. Tien Tisnowati ora ana manèh. Kanggo nylamur ka-sedhihané mau bapak banjur ngumbara nganti tekan Bandung. Ana kana bapakmu omah-omah olèh putri Sundha, Nèng Dedeh Siti Kurniasih, putrané Mang Gandaatmaja. Banjur patutan la-nang siji, ya kowé kuwi. Nanging sayang ibumu banjur tinggal donya, durung nganti bisa momong kowé. Atiku susah banget, Kowé banjur diemong déning embahmu, yaiku ibuku ana Sala. Kanggo nylamur kasedhihanku kang sok isih kélingan karo ibu-mu lan RA. Tien Tisnowati, bapak banjur nerusaké ngumbara manèh, suwé-suwé nganti tekan Sarangan, Bapak enggoné ngumbara sinambi nggambar. Nalika bapak pinuju lagi nggam-bar Tlaga Wurung ana sacedhaking Désa Gumitri, kagèt krungu ana bayi nangis cengar-cengèr kekejer. Bapak kisruh pikiré, lan welas semu muring-muring karo wong sing duwé bayi. Suwara bocah nganti nangis kekejer kok ora dieneng-enengi. Suwara ta-ngising bayi mau banjur dakparani. Kaya ngapa kagèté bapak, bareng weruh sing duwé bayi mau ora liya RA. Tien Tisnowati, tilas pacanganku, malah wektu semono lagi nandhang lara. Dhè-wèké banjur crita, enggoné nganti tekan kono, jalaran minggat saka dalemé sing lanang, merga banjur disiya-siya lan dimaru, dhèwèké banjur oncat nganti kesurang-surang tekan Sarangan, dipupu wong désa kono. Jabang bayi mau banjur dipasrahaké karo bapak dikon ngrumat,, aku saguh, awit RA. Tien Tisnowati jaréné rumangsa ora kuwat urip dawa, merga larané. Atiku trenyuh sedhih. Bubar kuwi RA. Tien Tisnowati nyata banjur tilar donya. Bo-cah mau lestari nganti saiki ana tanganku yaiku Rr. Sri Éndah Wahyuningsih. Ya kaya mengkono mau wewadining lelakon, Sri dhéwé ya wis dakkandhani bab lelakon iki. Malah bapak nduwè-ni pangarep-arep, kanggo nyambung kumandhanging katresnané bapak sing wis pedhot ana tengahing dalan, sebab wurung eng-goné omah-omah karo RA. Tien Tisnowati, daksuwun bisaa ko-wé tetepa terus gegandhèngan karo Sri ing salawasé, dadi tetimbangané urip, kanggo nyambung kumandhanging katresnanku. Dakkira adhimu Sri ora kabotan minangkani, dadi bab iki mung kari gumantung ana kowé. Ya mung iki badharing wewadi mau. Dakdongakaké muga-muga kowé karo adhimu Sri bisa urip kaya déné mimi lan mintuna. Bapakmu, SUKMANA RANUASMARA Bubar maca layangé bapaké mau R. Susilo kagèt ba-nget, awit ora nyana ora ngimpi babar pisan, yèn Sri kuwi dudu saduluré dhéwé, nanging mung sedulur angkat baé. Nyut R. Susilo banjur kélingan dhèk mau, nalikané dhèwèké arep ngrangkul, tangané banjur krasa gemeter, atiné ndhre-dheg kaworan tab-taban, iki ta jalarané. Séjé karo patang taun sing kepungkur, nalikané isih padha kumpul, mangan bareng dolan bareng, geguyon, cengès-cengèsan, padha ora nduwéni rasa apa-apa, nanging bareng pisah 4 taun lawasé teka ana daya prebawané, yèn cedhak rasané dheg-dhegan. Liriking mripaté gawé kumepyuring panon. 55
”O .................. alah Sri, Sri, tibané kowé dudu sedulurku dhéwé, mung sedulur angkat. Dadi wewadi sing arep dicritak-aké Dhik Sri dhèk mau, kiraku ya wewadi iki mesthiné. Mulané dhèwèké tindak-tanduké sajak séjé karo sing uwis-uwis iki ta jalarané. Panjiwité uga krasa séjé karo panjiwitmu dhèk biyènbiyèn, rasané luwih njarem saiki ora ilang-ilang. Adhuh ........... ! Nanging apa, Dhiajeng Sri kersa nuruti kaya penjaluké wong tuwaku, supaya aku lan dhèwèké bebarengan urip? Lha go-thèking tangga teparo kepriyé? Ana adhiné teka dipèk bojo.” Tekan semono gagasané R. Susilo dadi sedhih. Saiki ra-sané kaya wong isin arep ketemu adhiné mau. Mula nganti su-wé R. Susilo ora wani metu-metu saka kamaré, tansah ngulur gagasané nganti nglangut. Kosok baliné Sri Éndah Wahyuning-sih dhéwé ya kaya mengkono, ora wani mlebu ngomah, awit rumangsa isin ketemu karo kangmasé. Mula nganti suwé eng-goné ana ing petamanan karo ngresiki tanduran, dhadhané kebak gagasan ora wani medharaké. Bareng wayahé mangan, Susilo karo Sri tansah padha meneng-menengan baé, mung padha pandeng-pandengan karo mèsem, sajaké sakaroné pa-dha krasa, padha rikuhé. Arep guneman krasa alot ora kawetu, cangkemé kaya di-kunci. Bubar mangan R. Susilo sing sabené lungguh, ana nga-repan nyawang iwak emas sing ana aquarium, saiki ora malah terus mlebu kamar. Dené Rr. Sri Éndah Wahyuningsih dhéwé bubar kuwi terus njupuk réndan, digawa mlebu kamar lungguh ing ngarep jendhéla ngrénda, nanging ora bisa nyambut gawé, merga pikiré tansah kisruh. Ngarepaké jam 4 Sri Éndah Wah-yuningsih wis rampung engoné reresik ngajengan, lan wis nya-wisi wédang kanggo kangmasé, nanging kangmasé durung katon metu-metu, atiné ora kepénak, gèk wis soré pisan, mula banjur nékat marani, anguk-anguk ana lawang. ”Mas, Mas, unjukané wis adhem Io, wis soré, wungua.” Nanging sepi ora ana wangsulané. Sri Éndah Wahyuning-sih banjur alon-alon mlebu kamar kangmasé kang ora dikan-cing weruh kangmasé isih mujung kemulan brukut, banjur dice-dhaki karo nékad dioyog-oyog. ”Mas, Mas wungua, wis soré Mas, jaré arep ngejak tindak menyang Kauman, sida ora?” R. Susilo ngulèt, ngelèkaké mripaté, bareng weruh adhiné ana sandhingé, tangané kumlawé terus nyekeli tangané Rr, Sri Éndah Wahyuningsih kenceng karo mèsem. ”É diaturi wungu teka banjur nyekeli tangan ngéné iki piyé ta jawa-jawané, aku diarani sapa Mas?” karo nimbangi mèsem. ”Kowé adhiku sing ayu, sing daktresnani Dhik.” ”Wiwit biyèn aku rak ya rayimu ta Mas, teka banjur nga-nyar-anyari temen panjenengan iki.” ”Bener Dhik, biyèn kowé dakarani adhiku dhéwé, nanging saiki aku lagi ngerti yèn kowé sejatiné ....................” ”Ya tetep adhiné Mas dhéwé.” panugel gunemé Rr. Sri Én-dah Wahyuningsih karo mèsem ngujiwat. ”Bener Dhik, nanging adhik sing ketemu wis gedhé.” ”Lho, Iho panjenengan iki nglindur apa piyé Mas, wiwit cilik biyèn aku rak terus padha kumpul, teka saiki ngendika adhi ketemu wis gedhé kuwi kepriyé?” ”O ............. adhiku cah ayu, aku saiki ora bisa pisah karo kowé Dhik.” ”Lho sing ngendika arep pisah kuwi sapa Mas, wong aku ya ora rasan-rasan kaya ngono.” 56
”Tenan apa Dhik? Apa kowé ora kondur menyang Sala?” ”Sala dalemé sapa Mas, wong omahku ya ana kéné iki wiwit biyèn?” ”Yah mbok aja nambuhi ta Dhik, wong swargi bapak ya wis crita karo kowé, yèn kowé isih duwé éyang ana Sala.” Krungu kaya ngono Rr. Sri Éndah Wahyuningsih tumung-kul ora bisa mangsuli, atiné karanta-ranta, kélingan swargi ibu-né, swargi bapa angkaté. Malah kaya-kaya isih keprungu ma-nèh pangandikané bapaké angkat nalika arep seda mau meng-kéné : ”Sapungkurku sing ngati-ati ya Ndhuk, Masmu Susilo aja koktukari marga wis lola, lan dakjaluk kowé sakloron bisaa lestari urip bebarengan.” Weruh Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kaya mengkono mau R. Susilo banjur ngrangkul karo celathu lirih mangkéné: ”Dhik, apa kowé setuju karo welingé bapak sing pungkas-an mau cah ayu?” Rr. Sri ora bisa mangsuli, mung banjur manthuk lan terus ngumpetaké rainé ing dhadhané R. Susüo. R. Susilo gedhé banget atiné. ”Dhik, dhik, tangia, aku arep takon. Kapan enggonmu so-wan éyang menyang Sala?” ”Embuh Mas, aku durung bisa matur, marga pikirku ing wektu saiki isih bingung lan sedhih.” wangsulané Rr. Sri Éndah Wahyuningsih karo ngangkat sirahé. ”Nanging saupama wis sowan, rak banjur énggal-énggal bali mréné manèh ta Dhik?” ”O mesthi Mas, aku dhéwé emoh yèn didawuhi éyang su-paya ana Sala. Kejaba kuwi Kangmas dhéwé rak ora énggal-énggal kondur manèh menyang Yoja ta? Omah kéné rak suwung.” ”E ya bali nyang Yoja Dhik, yèn bisa lulus telung sasi eng-kas aku wis bisa mulih mréné.” ”Ya sukur Mas, muga-muga baé Kangmas lulus.” ”Ketrima banget Dhik, ya muga-muga kaya ngono.” ”Lha Kangmas kapan konduré menyang Ngayoja?” ”Kiraku telung dina engkas Dhik. Yèn ngono becik apa bareng baé?” ”Ora Mas, aku arep ngentèni yèn wis 40 dinané bapak baé, lagi gelem lunga.” ”Ya sukur yèn ngono. O iya; pasarèané swargi ibu rak ana Désa Gemutri ta Dhik, sadurungé aku mulih menyang Yoja aku kepéngin arep nyekar dhisik mrana, aku terna ya Dhik, perluné bèn olèh pangèstuné.” ”Iya becik Mas. Yèn ngono beciké tindak sésuk-ésuk baé Mas, mengko soré B. Yoto dakkon tuku kembang lan menyan.” ”Ngono ya becik Dhik. Saiki aku arep takon manèh karo kowé, iki mung saupama lo.” ”Apa Mas?” ”Saupama éyangmu ora marengaké yèn kowé arep omah-omah karo aku kepriyé Dhik? Sebab swargi bapak ya ngono ora diparengaké.” ”O bab kuwi aja sumelang Mas, aja kuwatir manèh karo adhimu iki, ora-orané yèn adhimu arep niru kaya lelakoné ibu sing banjur kaya mangkono dadiné.” ”Yèn éyangmu meksa.” ”Dakduwa. Karo manèh salawasé aku urip durung naté da-di gawené éyang. Mula bab iki ora susah dipenggalih dawa, percayaa baé karo aku. Gajah belang wedi semut, pejah ge-sang badhé tumut. Wis, wis Mas ayo kana énggal sirama, am-buné isih wengur ngéné jé, karo manèh wédangé rak wis kaya asalé.” 57
R. Susilo bungah, banjur mlumpat nyaut andhuk lan gosok gigi, terus mlayu menyang kamar mandhi. Rr. Sri Éndah Wah-yuningsih mung nyawang karo mèsem seneng. Bareng R. Susilo wis ora katon, Rr. Sri Éndah Wahyuningsih ngresiki peturoné R. Susilo ditata apik mengkono uga méja tulisé lan vaasé diganti kembang sing nyegeraké dipethikaké saka kebon kang dipatut karo kahanané kamar kono. V. PUNGKASANING LELAKON. Let setaun. Sawijining montor Zodiac Sédhan modhèl 1957 kang ma-wa ciri gambar gelas ngadeg digubed ula, mlaku alon-alon me-ngétan ninggalaké Kutha Magetan, tumuju menyang Madiun. Sing nyetiri sawijining nonoman kang katon bregas, sembada pawakané. Penganggoné clana flanèl lan hèm putih lengen dawa, mawa dhasi biru. Sisihé kenya kang ayu luwes gandhes pawakané cilik ramping singset weweg, panganggoné klambi sutra biru kembang putih ceplok-ceplok, jarité Gandasuli, teka muwuhi pantesé. Lungguhé mèpèt kaya ora kena pisah. Déné sing lenggah ana buri priyayi sekaliyan wis sepuh, sing kakung umuré bangsané 70 taun déné sing putri 60 taun. Priyayi sing nunggang motor mau ora liya Dr. Susilo karo Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kang, saki wis dadi garwané nembé olèh 3 sasi, dadi nedheng-nedhengé sih padha pepasihan. Di-na iku nembé mulih nyekar saka pasaréyané ibuné sing putri lan bapaké kakungé. Déné priyayi sepuh kakung putri mau ora liya RB. Jayèngsubroto sekaliyan, kang saiki dalemé pindhah ana Magetan, nunggoni dalemé Dr. Susilo, amarga Dr. Susilo wis benum ana RSU Madiun, soré nyambi praktèk ana omah, antarané jam 5–6, déné yèn ésuk dhines ana Rumah Sakit Umum. Dr. Susilo mau spésial ahli penyakit dhalam, dalemé ana ing JI. Lawu. Déné Rr. Sri Éndah Wahyuningsih wis ora mu-lang manèh, saiki netepi dadi wanita sejati ngurusi balé omah. Enggoné jejodhoan tansah atut-runtut, mong-kinemong, tata tentrem. Sayang banget déné wong tuwané wis ora padha menangi katentremaning para putrané. RB. Jayèengsubroto dhéwé saiki penggalihé wis séjé banget karo biyèn, mbokme-nawa ngèmuti menyang tindaké sing uwis-uwis, akèh klèruné, nganti gawé korbané putrané dhéwé. Ya ngelingi sing kaya mengkono mau RB. Jayèngsubroto banjur éling, rumangsa ke-duwung banget. Apa manèh bareng krungu critané wayahé, nalika nyritakaké lelakoné ibuné, enggoné nganti kesurang-surang, wiwit dhèwèké lair banjur diopèni becik-becik déning R. Sukmana nganti bisa kaya mengkono, penggalihé RB. Ja-yèngsubroto krasa trenyuh, nganti panjenengané muwun se-dhih banget. Wong kang biyèn dianggep asor drajaté, tibané kaya berléyan, luhur bebudèné. Kosok baliné wong kang biyèn dianggep luhur drajaté tibané asor bebudèné lan nistha tin-daké. Sayang banget déné wong sing luhur bebudèné mau wis ora ana. RB. Jayèngsubroto rumangsa getun, getun banget. Ya kaya mengkono mau wolak-waliking bebudèning ma-nungsa. Apa manèh bareng pirsa bebudèné wayah mantuné, Dr. Susilo kang gedhé banget kesosialané dhemen tetulung karo wong miskin, penggalihé saya keranta-ranta banget. Ya wiwit iku panjenengané banjur kersa diboyong menyang Ma-getan diaturi lenggah ana kana tengga dalem ngiras nyedhaki wayahé, awit sing putri 58
ora bisa pisah karo wayahé, kang pra-upané presis banget karo putrané sing wis ora ana. Saben seminggu sepisan Dr. Susilo sekaliyan sowan me-nyang Magetan ngiras ngasokaké salira. Nuju sawijining dina, wiwit jam 10 esuk nganti tekan jam 3 soré, udané terusterusan ora ana mendhané, gèk gedhé gèk cilik, tur mawa angin. Ing ngendi-endi katon samun. Dalan-dalan padha katon sepi, mung ana tetunggangan siji loro sing katon, lakuné rerikatan. Bengawan Madiun banjir, nganti mèh sundhul kreteg Nam-bangan. Swarané kemrasak nggegirisi. Ya kaya mengkono ka-hanané Kutha Madiun, yèn pinuju rendheng, nganti ana sawe-nèhing dalan sing wujudé malih dadi kali. Yèn pinuju mangsa kaya mangkono wong lara tambah akèh, mula para dhokter-dhokter padha ribut répot mènèhi pitulungan. Jam 4 soré iku sanajan durung terang ing omahé Dr. Susilo wis akèh pasièn kang padha teka mrono, nganti wis ana wong 30. Wong se-mono mau larané ya rupa-rupa, ora padha kabèh. Wektu iku Dr. Susilo isih ngaso merga, konduré dhèk mau ya wis lat nganti mèh jam 3 nembé bisa kondur, merga wong lara ing RSU akèh ora kaya sabené. Bareng jam 5 nembé bukak. Pasi-èné wiwit saka siji-siji dipriksa kanthi tlesih. Ana sing diwènèhi suntik ana sing diwènèhi resèp, lan sapanunggalané, manut karo lara-larané. Pembantuné bidhan loro ya ribut kabèh, sing siji ngréwangi Dr. Susilo, mriksa pasièn, sing siji nulisi jenengé pasièné. Nganti jam 9 bengi durung rampung, isih ana pasièn 4 sing durung dipriksa. Bareng ngarepaké jam 10, kari pasièn siji, yaiku sawijining wong lanang kang katon ngrekasa banget lakuné, merga nahan larané. ”RM. Mangkusumbaga.” mengkono pangundangé Dr. Su-silo karo pasièné. ”Ya Pak Dhokter.” Wong lanang mau mlebu, lakuné ngrekasa banget, nganti mèh tiba, tujuné bisa cekelan lawang. Praupané katon pucet banget, wong mau banjur mapan lungguh ana sangarepé Dr. Susilo. ”Panjenengan ingkang asma RM. Mangkusumbaga.” pita-koné Dr. Susilo. ”Inggih Dhokter.” wangsulané wong mau. ”Yuswa 58 taun.” ”Inggih.” ”Dalem ing Kejiwan.” ”Inggih.” ”Gerahipun sampun dangu?” Wong mau rada isin anggoné arep mangsuli, mula mung tumungkul. Dr. Susilo wis ngerti. ”Sampun dangu gerahipun? Sampun pinten wulan?” ”Inggih. Sampun setengah taun.” ”Ah sayang, teka nembé sapunika dipunpriksakaken.” ”Inggih, amargi namung kula jampèni obat jawi.” ”Mangga tindak mlebet wonten kamar punika, badhé kula priksa.” Wong mau kanthi ngrekasa ditulungi déning bidhan, ditun-tun mlebu kamar. Bubar kuwi bidhan metu manèh. ”Kula aturi lukar agemanipun, lan saréan wonten dhipan punika.” Wong mau banjur cucul penganggo lan banjur mapan tetu-ron ana ing dhipan. Dr. Susilo njupuk piranti kanggo mriksa. Badan sakojur dititi-priksa kabèh kanthi tlesih, ora ana sing kliwatan. Bareng wis rampung anggoné mriksa Dr. Susilo gè59
dhèg-gèdhèg, awit wong mau lara sipilis wis lawas banget. Tatuné wis jero mbebayani. ”Bapak badhé kula pompa.” ”Inggih Dhokter.” Dr. Susilo banjur tumandang gawé, wong mau banjur wiwit dipompa, katon nahan larané. Bareng wis bubar dipompa ban-jur disuntik, lan diwènèhi resèp. ”Seminggu malih Bapak kedah tindak mriki, badhé kula priksa malih. Jampi resèp punika dipununjuk sedinten kaping tiga.” ”Inggih Dhokter.” Bubar kuwi wong mau banjur metu, lakuné isih ngrekasa. Bareng pasièné wis entèk, Dr. Susilo nembé bisa ngaso. Sa-wisé rampung ngumbah tangané, banjur mlebu menyang da-lem, weruh sing putri lagi ngrénda taplak méja karo ngrungokaké radhio, uyon-uyon kang swaraning pesindhèné nga-nyut-anyut ndudut ati, gawé angles. Sri Éndah Wahyuningsih gita-gita banjur menyat methukaké karo mèsem. Gapyuk Dr. Susilo ngrangkul sing putri, ngaras bathuké. ”Durung saré Jeng?” ”Durung Mas, apa wis rampung?” ”Wis Jeng nembé baé.” ”Lha mbak Sri karo Dhik Hariyati apa wis kondur?” ”Ayaké durung Jeng, lagi tata-tata lan resik-resik.” Mang-suli ngono Dr. Susilo karo mapan lungguh ing sandhingé gar-wané, nuli ngombé wédang rong sruputan, banjur ngrokok. ”Dhaharé wis ditata Mas.” ”Mengko dhisik Jeng, dak ngaso sawetara. Lha sliramu wis dhahar apa durung?” ”Durung Mas, wong tengga panjenengan.” ”Ah suk menèh aja ditunggu Jeng, dhahara disik, ora dadi apa.” ”Aku durung krasa luwé kok Mas.” wangsulané sing putri karo mèsem. ”Mas, Mas, uwis ana semingu iki sirahku tansah krasa mu-met baé.” sambungé gunemé. ”Dhahara pil abang kaé Jeng.” ”Uwis Mas. Ketambahan manèh, weteng tansah muneg-muneg, sajak kaya arep muntah ngono kok Mas. Awak lemes, kesenenganku bangsaning sing kecutkecut.” Krungu wangsulané sing putri kaya mengkono mau Dr. Susilo mèsem, sing putri dirangkul. ”O kuwi dudu lelara Jeng, nanging sliramu lagi ................... nyidham.” ”O .............. ” wangsulané sing putri karo genti ngrangkul kakungé. Dina Minggu jam 9 esuk. Dalemé Dr Susilo katon regeng lan ramé. Ing ngarepan diwènèhi tarub, kebak isi kursi lan méja cilik, tharik-tharik tinata rajin. Saben méja diwènèhi vaas kang isi kembang manéka rupa. Tratagé dipajang ing buntal abang putih pating klawèr, sa-ka pojok menyang pojok, tengah-tengah bener digandhuli plembungan kang rupané abang ijo lan wungu, saya gawé asri-ning pandulu. Tamu-tamu wiwit padha rawuh, kakung putri, pa-dha macak bregas-bregas. Tamuné saya akèh, pating dlidir te-kané, nganti kursi-kursi kang mauné kosong dadi kebak tamu kabèh. Tamu putri ana njero pendhapa, déné tamu kakung ana njaba pendhapa. 60
Dr. Susilo sekaliyan ribut anggoné ngacarani tamu, ulaté sumèh mbagekaké sing lagi padha rawuh. Swaraning bocah-bocah saya ramé, padha playon geguyon, jilung-jilungan, nga-lor-ngidul muwuhi regenging pasamuan kono. Dr. Susilo ing di-na iku lagi kagungan gawé mitoni, sing lagi mbobot wis 7 sasi. Tamuné ora mung para kanca-kanca RSU baé, dalasan para tilas pasièné, sing padha krungu ya padha mrelokaké te-ka, mula tamuné ya campuran, ana bangsa Tionghoa, Arab, In-dhia, lan liya-liyané, dhasar Dr. Susilo pancèn sawijining wong sing akèh kenalané lan tepungané dalasan P. Amin saka Toko Buku ”PAJACo" Pasar Besar ya mèlu rawuh. RB. Jayèngsubroto, mèlu nemoni tamu ana ngajengan dé-né R. Ngt. Jayèngsubroto lagi ribut tata-tata sajén ubarampéné wong mitoni. Ora suwé pasugatan metu, unjukan lan dhedha-haran komplit, diladèkaké para sinoman. Tamuné isih pating dlidir teka. RM. Mangkusumbaga uga mrelokaké teka, awit rumangsa kapotangan kabecikan larané wis mari. Saiki lakuné wis bisa gagah manèh, ora nganggo teken. Mangka sejatiné anggoné ikhtiyar dhokter wis akèh, nganti ana dhokter 5. Na-nging meksa ora ana kasilé. Bareng dicekel Dr. Susilo bisa ke-tulungan, larané bisa waras blas. Ya merga saka iku RM. Mangkusumbaga banjur mrelokaké teka, bareng krungu yèn Dr. Susilo lagi duwé gawé mitoni sing putri. Nanging sepira ka-gèté RM. Mangkusumbaga bareng teka weruh sing mbagèk-aké tamu mau. Sanalika awaké krasa ndhredheg semu wedi, nganti ora bisa jumangkah, mandheg kaya tugu sinukarta. Ko-sok baliné RB. Jayèngsubroto bareng weruh tamuné sing lagi teka uga kagèt, karo mencereng paningalé tanpa kedhèp nga-wasaké tamuné, kang ora liya RM. Purwodirjo tilas mantuné. ”Rama, kok wonten ngriki?” mengkono gunemé lirih nga-wasaké RB. Jayèngsubroto. RB. Jayèngsubroto ora mangsuli saking kagèté, lan kaga-wa saka nahan dukané. Awit bareng pirsa yèn tamuné mau ti-las mantuné dhéwé, penggalihé sanalika duka banget. Na-nging ora kawistara lan diampet merga lagi ana ing pasamuan, kanggo njaga supaya jenengé wayahé ora katut ala. Dr. Susilo kang lagi manggihi Pak Wedana, bareng weruh kahanan sing kaya mengkono mau rada kagèt déné éyangé teka sajak kaya lagi duka, bareng pirsa RM. Mangkusumbaga tilas pasièné. Mula banjur menyat nemoni tamuné sing lagi rawuh mau. ”O Bapak Mangkusumbaga sami sugeng? Mangga pinarak mriki Pak.” mengkono pambagéné Dr. Susilo karo tamuné. Nanging tamuné sajak ora krungu, malah sanalika iku uga RM. Mangkusumbaga banjur dadi ambruk ora éling, wusana dadi bayangan wong akèh. Trengginas Dr. Susilo tumandang, tamuné banjur énggal-énggal didhabyangdhabyang digawa menyang kamar peprik-san. Tamu-tamu kang mauné padha panik banjur bali lenggah manèh. Déné RB. Jayèngsubroto terus mlebu ing dalem. Sawisé dipriksa lan diupakara déning Dr. Susilo, tamuné banjur bisa éling. ”Kénging punapa Pak?” pitakoné Dr. Susilo. ”O Nak, boten punapa-punapa, namung saking kagèt kemawon.” ”Sukur yèn ngaten, kula kinten gerahipun kimat malih.” ”Boten Nak, boten...” ”Menawi makaten prayogi kagem lerem rumiyin wonten ngriki Pak.” ”Punapa kepareng Nak?” 61
”Kepareng sanget Pak, malah prayogi ngaso rumiyin. Nyu-wun pangapunten inggih Pak, kula badhé, manggihi tamu rumi-yin.” ”O mangga Nak, mangga.” Dr. Susilo metu, banjur manggihi tamu. Saungkuré Dr. Susilo RM. Mangkusumbaga kang ora liya RM. Purwodirjo atiné krasa ora kepénak banget, awit weruh ti-las marasepuhé teka dadi ana ing kono, nemoni para tamu-tamu, sajak ana gegayutané karo Dr. Susilo. ”Apa sebabé panjenengané ana kéné? Apa isih pamili ka-ro Dr. Susilo?” kaya mengkono gagasané R.M. Purwodirjo karo teturon. ”Adhuh isinku. Adhuh wirangku, saupama Dr. Susilo nganti ngerti menyang lelakonku dhèk biyèn raiku dakdèkèk ana ngendi?” mengkono sambungé gagasané. Lagi tekan semono gagasané, kagèt weruh RB. Jayèng-subroto sekaliyan mlebu mrono. RM. Purwodirjo banjur énggal-énggal menyat, nyungkemi padané RB. Jayèngsubroto. ”Adhuh Rama, kula boten nginten sanget menawi badhé pinanggih kaliyan Rama Ibu wonten ngriki. Putra nyadhong de-duka, sakathahing kalepatan nyuwun pangaksama.” Mengko-no aturé karo tawan-tawan tangis. ”Wis lawas banget kowé dakgoleki, saiki nembé ketemu ana kéné.” ”Putra nyadhong deduka ingkang kathah Rama, putra ru-maos sampun lepat.” ”Luput? Saiki kowé ngakoni kaluputanmu ana ngarepku lan ibumu. Lha bojomu saiki ana ngendi?” wangsulané R. B. Jayèngsubroto nahan dukané. ”Kula boten sumerep Rama?” ”Kowé ora weruh? Ah ora pantes banget tindakmu kuwi, karo bojoné ora ngerti. Yèn wis ora dhemen rak dibalèkaké ka-ro wong tuwané. Apa biyèn anggonmu ngepèk bojomu kuwi ana tengahing dalan.” ”Adhuh Rama, kula sampun ngrumaosi lepat ageng dha-teng ingkang putra.” ”Luput, luput marga saka tindakmu kang kokjarag kokgawé dhéwé. Bojomu kok siya-siya, nganti lunga marga ora kuwat weruh tindakmu sing ora patut, ngerti!” ”Inggih Rama, kula sampun ngrumaosi dosa sanget.” ”Saiki kowé ngrumangsani dosa, nanging dhèk biyèn ke-priyé? Saiki ana ngendi bojomu?” ”Dalem boten sumerep Rama, sampun pinten-pinten taun anggèn kula madosi dhateng Dhiajeng Tien, nanging ngantos sapriki boten saget pinanggih Rama.” ”Mbok kokgolèki nganti tekan jagat kulon wétan mangsa bakal ketemua ora, kejaba yèn kokgolèki menyang akhérat, bisa ketemu.” ”Punapa Dhiajeng Tien sampun séda Rama?” ”Patut banget kowé ora ngerti amerga atimu sing kapan-jingan sétan!” pangandikané saya tambah duka. ”Iya, bojomu wis ora ana.” mengkono pangandikané R. Ngt. Jayèngsubroto nyelani gunem. ”Adhuh Dhiajeng!” sambaté RM. Purwodirjo kagèt. ”Wis ora perlu kowé sambat barang, ora ana gunané. Ya kuwi pikolèhé wong lanang kang daksiya karo bojo, ora sumbut karo dhèk nalika kowé arep ngepèk tansah ngarih-arih. Tindak-mu sing ora patut iki mung arep gawé curemé wong tuwamu, sing saturun-turuné ora tahu nduwèni tindak sing kaya kowé, banget nisthané, banget asoré.” RM. Purwodirjo nangis krungu pamelèhé mara sepuhé mau. 62
”Dhuh Rama kula sampun ngrumaosi dosa sanget, ing-kang punika kula nyuwun sih pangapunten ingkang ageng sa-nget Rama.” ”Aku ora bisa mènèhi pangapura karo kowé, awit kowé do-sa pati, mula njaluka pangapura karo Kang Mahakuwasa.” ”Adhuh Rama yèn kados makaten, kula purun dipunpe-jahana kémawon.” Weruh kahanan sing kaya mengkono mau, R. Ngt. Ja-yèngsubroto welas banget, banjur paring pangandikan mang-kéné: ”Anakku Purwo, sing wis ya uwis, mula bésuk manèh sa-mubarang gawé iku kudu kokpikir dhisik, aja dhemen grusa-grusu, ya kaya mengkéné iki pikolèhé.” ”Matur nuwun sanget Ibu, sadaya dhawuh pangandika-nipun Ibu badhé dalem candhi, badhé dalem estokaké sanget. Dados yèn makaten pejahipun Dhiajeng Tien punika sampun dangu Ibu?” ”Uwis sepréné wis mèh 23 taun, aku dhéwé ya ora ngerti, ajaa anakmu sing crita.” Krungu tembung anakmu kaya mengkono RM. Purwodirjo kagèt banget. ”Lho anak kula Ibu? Sinten punika?” ”Ya anakmu dhéwé. Nalika bojomu lunga, biyèn rak lagi ngandhut banjur lair metu wadon. Ibuné bareng wis nglairaké jabang bayi nembé umur seminggu banjur tinggal donya, anak-mu banjur dirumat déning R. Sukmana, kang dilalah bisa kete-mu karo bojomu. Anakmu dimong nganti gedhé.” ”Lajeng R. Sukmana samenika wonten pundi Ibu?” ”R. Sukmana uga wis tinggal donya, bareng anakmu wis umur 20 taun.” ”Adhuh ................ ! Lajeng anak kula samenika wonten pundi Ibu?” ”Andadèkna sumurupmu anakmu kuwi ya garwané Dr Su-silo kang lagi dipitoni iki. Déné Dr. Susilo iku putrané R. Suk-mana.” ”Adhuh Ibu, kula boten nginten babar pindhah dados yèn mekaten, Dr. Susilo punika dados anak mantu kula piyambak.” ”Iya bener kaya mengkono.” ”Adhuh Gusti, mugi-mugi paringana pangapunten dhuma-teng badan kula. Kula teka kepéngin sanget badhé pinanggih kaliyan anak kula.” ”Kuwi gampang. Mapan saiki kowé ya ana omahé. Meng-ko dakkandhanané. Mula kowé beciké metua njaba dhisik ne-moni tamu.” ”Adhuh Ibu, dalem boten saget ngglawat, badan kula ru-maos pepes sanget sareng mireng sadaya dhawuhipun Ibu.” ”Yèn kaya mangkono beciké ya wis ana kéné baé, karep-bèn aso pikiranmu. Mengko anakmu dakundangé mréné baé.” ”Inggih Ibu, inggih.” RB. Jayèngsubroto sekaliyan banjur metu perlu nemoni ta-muné. Sapungkuré RB. Jayèngsubroto sekaliyan, RM. Purwo-dirjo atiné saya ora karu-karuan awit rumangsa dosa gedhé banget. Patiné RA. Tien merga saka tindaké dhéwé, kang tan-sah nuruti marang kreteging hawa napsuné, nguja marang ka-murkan. Bojoné kang banget bektiné digawé lara atiné sete-mah banjur nemahi lelakon sing nyedhihaké, dadi lan jalaran-ing patiné: Kabèh-kabèh mau saka tindaké dhéwé, kasalahané dhéwé, Paribasan: utang pati kudu nyaur pati, utang wirang kudu nyaur wirang. Nyut .......... gagasané dadi ngambra-ambra banget, wewayangané RA. Tien kang wis 23 taun, ilang, banjur katon gawang-gawang ana mripaté, kaya-kaya lagi ngadeg ana ngarepané, ngelèhaké tindaké sing ora becik. ”Dhuh Gusti mugi-mugi banjuten kémawon nyawa kula, ti-yang ingkang boten pantes gesang malih wonten ing alam do-nya. Kula lega lila éklas kabanjuta kémawon, katimbang nde-dawa wirang.” 63
Kaya mengkono sambaté RM. Purwodirjo. Saking sedhihé awaké nganti krasa geter-geter, pikiré bingung. ”Aku ora pantes urip dawa manèh, saiba bakal curemé anakku sakloron, kang jenengé wis ngambar wangi, arum, tur kajèn kèringan ing sapadha-padhané. Balik aku dadi lelethek-ing jagad. Aku rumangsa wirang karo R. Sukmana, wong kang luhur budiné, kang wis naté dakgawé ala, dakdakwa laku sè-dhèng karo RA. Tien. Tibané malah gedhé banget lelabuhané. Gelem ngrumat anakku nganti dadi wong tuwa. Apa manèh anak mantuku dhéwé, Dr. Susilo, gedhé banget pitulungané karo aku. Warasé laraku saka dhèwèké. Nanging aku.. .... aku sawijining wong sing ora patut ditulung. Dosaku akèh banget. Adhuh .......... ora ana gunané aku urip iki. Dhuh Dhiajeng Tien, Dhiajeng Tien. Sakèhing luputku aku njaluk pangapura, dosaku bakal daktebus kanthi nyawaku, aku utang pati karo kowé, aku wajib nyaur pati.” Tekan semono RM. Purwodirjo saking sedhihé banjur semaput ora éling, tiba kantaka. Jam 12 kliwat para tamu nembé padha bubaran. Dr. Susilo nembé éling, yèn duwé tamu siji tilas pasièné lagi lara, ana ka-mar pemriksan. Mula bareng tamuné wis padha kondur kabèh, banjur niliki tamuné menyang kamar pemriksan. Nanging sepi-ra kagèté bareng weruh tamuné mau tinemu wis jerbabah ana jogan, sirahé adus getih. Nuli énggal-énggal dicandhak dijun-jung diturokaké ing dhipan. Dr. Susilo rada bungah awit keteg-ing jantung isih ana, dadi isih ana pangarep-arep bisa katu-lungan. Dr. Susilo banjur cancut tali wanda awèh pitulungan karo RM. Mangkusumbaga disuntik Dr. Susilo nunggoni ana sandhingé lungguh ing kursi, karo nggagas tamuné. Ora suwé RB. Jayèngsubroto sekaliyan diiringaké Rr. Sri padha mlebu mrono. RB. Jayèngsubroto sekaliyan kagèt we-ruh sirahé RM. Purwodirjo diperban. ”Iki apa jawa-jawané Putu?” ”Dhuh Éyang, saged ugi kala wau semaput malih, lajeng dhawah. Sirah ketatap lingir dhipan.” ”Tatuné ora bebayani?xx” ”Boten Éyang, punika kala wau sampun kula suntik, lajeng saged saré.” ”Ya sukur Putu. Kéné padha mapan lungguh cedhak kéné arep, dakdongengi bab tamu iki, awit tamu iki isih ana gegayut-ané karo kowé Putu, apa manèh karo putuku Nduk Sri bojo-mu.” ”Gegayutan punapa Éyang?” ”Ya wis rungokna dhisik, mengko rak padha ngerti.” ”Manawi ngaten Éyang sampun tepang kaliyan tamu puni-ka?” aturé Dr. Susilo. ”O luwih déning kenal banget Putu. Putu kok ya wis ke-nal?” ”Sampun Éyang awit tamu punika tilas pasièn kula.” ”O ngono ta, jenengé sapa?” ”RM. Mangkusumbaga Éyang.” ”RM. Mangkusumbaga! O....... la iya ta, wong jeneng mono kena molah malih. Upamané Si Suta dadi Si Dhadhap Si Naya Si Waru mengkono sabanjuré. Déné sing bener tamumu iki jenengé RM. Purwodirjo, wong pancèn isih daging kulitku dhé-wé, malah, iya mantuku.” ”Putra mantunipun Éyang? Ngendikanipun Éyang namung kagungan putra satunggal, inggih punika ibunipun keng wayah Sri, ingkang sampun séda.” ”Kuwi bener Putu. Mula Kowé sakloron aja kagèt, tamuné iki ora liya ya garwané ibumu Ndhuk Sri, utawa bapaké bojomu Sri kuwi.” 64
Rr. Sri Éndah Wahyuningsih kagèt, mengkono uga Dr. Su-silo. ”Kados pundi Éyang, dados RM. Mangkusumbaga punika tiyang sepuh kula?” aturé Rr. Sri kanthi trataban. ”Iya bener Putuku Sri cah ayu. Jenengé sing bener RM. Purwodirjo, garwané ibumu Tien.” ”Adhuh Éyang, dados punika bapak kula piyambak.” ”Iya bener wong tuwamu dhéwé, sing ngukir jiwa ragamu Putu.” Rr. Sri njerit karo ngrungkebi RM. Purwodirjo sing durung éling. Déné Dr. Susilo mung kamitenggengen marga saka gu-muné, awit ora nyana babar pisan yèn bakal ana lelakon sing kaya mangkono. Panjeriting Rr. Sri mau gawé kagèté sing lagi kantalaxx, ban-jur ngelèkaké mripat, wusana weruh yèn lagi dirungkebi déning sawijining kenya. Kaya ngapa kagèté RM. Purwodirjo bareng weruh praupané kenya sing ngrungkebi mau kang persis kaya jambé sinigar karo garwané sing wis ora ana, mung kacèk nom karo tuwa. ”O .... Rama, sinten ingkang ngrungkebi badan kula punika Rama?” ”Ya kuwi anakmu dhéwé garwané Dr. Susilo.” ”O Ndhuk tibané, kowé anakku dhéwé,” karo ngrangkul Rr. Sri kang isih nangis. ”Tangia Ndhuk tangia. Ya iki ala-ala wong tuwamu Ndhuk, luputku baé sing gedhé pangapuramu.” Rr. Sri banjur menyat karo ngusabi luhé. ”Wiwit kowé isih ana kandhutané ibumu lagi patang sasi, ibumu oncat, jalaran saka tindakku sing ora becik. Bareng saiki aku ketemu kowé, wis dadi wong tuwa kaya ngéné Ndhuk, ibumu wis ora ana, kowé ora nyumurupi.” ”Inggih Bapak, sampun dipun-galih panjang-panjang, awit sadaya tiyang gesang punika tentu anggadhahi lepat.” ”Kuwi bener Ndhuk, nanging luputé bapakmu iki gedhé ba-nget, ora kena dingapura, utang wirang nyaur wirang, utang pati nyaur pati.” ”O sampun makaten Bapak, sadaya-sadaya wau saweg kanggé lelampahan, saking kersaning Ingkang Mahakuwaos.” ”Iya Ndhuk, iya. Nak Dhokter Susilo, kula namung badhé titip dhateng anak kula, mugi-mugi samia manggih karaharjan. Kula dongakaken sageda lulus tanpa wonten punapa-punapa. Sakathahing kalepatanipun pun Bapa, nyuwun gunging panga-punten.” ”Inggih Pak sami-sami.” aturé Dr. Susilo. ”Matur nuwun Nak, déné Anak sampun kersa paring pa-ngapunten dhateng badan kula. Adhuh ................ Rama saha Ibu, sakathahing kalepatan, dalem nyuwun pangaksami.” ”Ya wis ora dadi apa. Kowé wis dakwènèhi pangapura. Mula suk manèh aja kokpindho.” ”Inggih Rama, matur sembah nuwun.” ”Prayoginipun Rama sapunika saréan rumiyin, supados lerem panggalihipun. Anu Jeng, Bapak diaturi pindhah saré ana kamar lor baé.” ”Matur nuwun Nak Dhokter, wonten ngriki kémawon sam-pun sakéca.” ”Kirang prayogi Pak, awit punika kamar pepriksan. Mang-ga ta kula dhèrèkaken.” ”Inggih mangga Pak, saré wonten dalem kémawon. Mang-ga kula dhèrèkaken,” aturé Sri Éndah Wahyuningsih. 65
RM. Purwodirjo banjur didhabyang-dhabyang déning Dr. Susilo mlebu menyang kamar, kang wis ditata déning sing putri. "Sampun Bapak kagem ingkang sakéca kémawon, kada-mela kados wonten dalemipun piyambak.” ”Inggih Nak, inggih matur nuwun.” Sawisé iku kabèh banjur padha ninggalaké kamar. RM. Purwodirjo kari ijèn. Penggalihé karanta-ranta banget, ngèlingi tindaké kang ora patut. Ya bener kabèh-kabèh wis awèh pa-ngapura, nanging tumrap RM. Purwodirjo dhéwé, dosané ora bisa dingapura. Apa manèh karo putra mantuné, yaiku Dr. Su-silo, penggalihé rumaos wirang lan isin banget. Gagasané saya nglambrang nglangut adoh banget, nganti sundhul ing langit. Penggalihé wis mantep tetep arep nebus dosané. Nyut ...... banjur katon gawanggawang wewayangané RA. Tien Tisnowati ana ngarepé, kang lagi ngelèh-eIèhaké tin-daké. Jenggirat RM. Purwodirjo menyat, marani lemarèn obat kang ana ndhuwur méja. Mripaté mancereng, karo ngiling-ilingi itikèté botol-botol. Wusana sing digolèki ketemu. Mak ceg, as-tané ndhredheg nyandhak botol sublimat. Penggalihé saya pe-teng. ”Aku kudu wani nebus dosaku. Utang pati nyaur pati. Uta-wa manèh kanggo njaga beciké anak mantuku dhéwé. Aku ku-du wani, wani. Ya mung iki dalan penebusing dosaku. O ........ Dhiajeng Tien, Dhiajeng ...... Tien. Entènana aku bakal nusul kowé. Wis Ndhuk anakku, kowé kapeksa ndaktinggal. Muga-muga kowé tansah bekti menyang guru lakimu, dakdongakaké tansah atut runtut enggonmu jejodhoan, kalis ing sambékala.” Tutup botol énggal-énggal dibukak, isiné terus diombé. Sa-nalika kono RM. Purwodirjo ambruk njrebabah gumlinting ing jogan. Tibané nibani lemari kaca. Kaca ambyar brantakan, ga-wé swara mak grombyang. Sri Éndah Wahyuningsih kang beneré arep ngaturi unjuk-an kagèt, terus mlebu kamar. Sepira kagèté bareng weruh wong tuwané wis njrebabah ora obah awaké adus getih. Sanalika njerit ngrungkebi layon. Panjerité Sri Éndah Wah-yunigsih gawé kagèté sing padha krungu. Dr. Susilo, RB. Ja-yèngsubroto sekaliyan gurawalan mlayu mlebu kamar. Dr. Su-silo tumandang, nanging wis ora bisa awèh pitulungan, amarga RM. Purwodirjo wis kadhung séda. RB. Jayèngsubroto sekaliyan mung kamitenggenen weruh kedadéan kang nyedhihaké mau. Welas trenyuh. Ya bener mantuné mau wis naté gawé jalaraning patiné putriné, nanging bareng weruh kedadéan kang ngeres-eresi mau panggalihé banget welasé, trenyuh. Dr. Susilo nyandhak tangané garwa-né, dituntun alon-alon digawa menyang kamar liya. Layon énggal-énggal dirukti apa samesthiné. Lan saka pa-nyuwuné Dr. Susilo, layoné mau arep disarèkaké ana Maget-an, cedhak karo wong tuwané. Kahanan alam donya terus mlaku tanpa ana pedhoté. Uripé Dr. Susiolo tansah kasinungan ayem tata tentrem. Apa manèh bareng kandhutané sing putri wis mbabar metu lanang, saya andadèkaké bungahé. Uripé tambah saya kepénak, olèh sawab kumandhanging katresnané wong tuwané sing wis ora ana. T A M A T 66