Unggah ungguh basa jawa Indriana Serina Dewi 23100860124 kangge siswa kelas viii
Miturut para siswa apa artine unggah ungguh basa ?
unggah ungguh Unggah ungguh basa yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama. Dadi sing diarani unggah ungguh basa yaiku pacelathon utawa pangandikan lan tindak tanduke manungsa kang trep karo pranatan. Bausastra : Pranatan : Aturan Pangandikan : Omongan Tindak tanduk : Tingkah laku
tataran unggah ungguh basa ragam basa ngoko ragam basa krama ngoko lugu ngoko alus krama lugu krama alus
ngoko lugu Yen micara nganggo ragam basa ngoko kabeh Cak-cakane yaiku : Sapa wae sing wis dadi pakulinan Wong tua karo wong enom Kanca saapantaran Wong sing pangkate dhuwur karo bawahan Tuladha : Jenengmu sapa? Omahmu ing ngendi? Arep menyang ngendi, Nok? Gus, simbah tulung digandheng nyabrang.
ngoko alus Basa ngoko alus yaiku campuran saka basa ngoko lan krama Tembung “aku” ora ewah Tembung “kowe” ewah dadi panjenengan Cak-cakanipun yaiku : wong tua marang uwong sing luwih enom ananging pangkate luwih dhuwur . Tuladha : Aku mapan ing Wonosari, menawa Ibuku pidalem ing Bantul. Yen kersa ayo pinarak omahku.
krama lugu Krama lugu nganggo tembung krama, ater ater, panambang, lan kudu dikramake Cak-cakane yaiku : Karo kanca sing uwis kulina Wong tua sing uwis kulina Uwong sing due (drajat, pangkat) dhuwur Tuladha : Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih motor. Griya kula ing Kulon Progo.
krama alus Krama alus campuran tembung krama karo krama inggil Cak-cakane yaiku : Anak karo wong tua Murid karo guru Wong ngisor karo dhuwurane wong sing lagi tepang Tuladha : Panjenengan asmanipun sinten? Bulek, badhe tindak wonten pundhi? Ibu, badhe nyuwun pirsa dalemipun Bapak Haryanto menika wonten pundi nggih?
unggah ungguh basa unggah ungguh nyuwun kawigaten, unggah ungguh aweh pangalembana, unggah ungguh nyuwun idi palilah
Unggah ungguh nyuwun kawigaten Tata krama lan unggah ungguh nyuwun kawigaten (meminta perhatian) biasane menawa arep atur wara wara. Coba gatekake pambiwara ana ing, mejid, kampung lain liyane. menawa ngadepi langsung ana tata kramane. Tuladha : “Sugeng siyang adhik adhik, kepareng aku nyuwun kawigatenmu sedha marang siswa kelas VIII J menawa OSIS nganakke lomba futsal, saben kelas wajib ngirimake saregu!” Tembung kang perlu digunakake : Gatekna, Ayo digatekake, Ayo nggatekake, Mangga dipungatosaken, Nyuwun kawigatosanipun
Unggah ungguh aweh pangalembana Wong kang aweh pangalembana ateges duwe rasa preduli marang kang dialembana. Ancase supaya tambah rumaket anggone pasrawungan. tuladha Kowe pancen bocah pinter Dhik, sliramu ayu tenan yen nganggo kebaya Wahhh, Ibu pancen pinter masak
Unggah ungguh nyuwun idi palilah Nalika arep lunga ninggalke omah, becike pamitan karo bapak lan ibu, menawa lagi barengan karo kancane, dilalah ana perlu ana ing ngomah, kudu pomit utawa nyuwun idi palilah sikik. nyuwun idi palilah kudu nganggo basa ingkang becik lan bener miturut unggah ungguhh tuladha Bu, aku nyuwun pamit budhal sekolah, nyuwun pangestu Bu guru, kula nyuwun idin badhe tindak wingking
kartu karakter
kartu paraga (tokoh) bagian ngarep bagian mburi
kartu watak bagian ngarep bagian mburi
kartu tema bagian ngarep bagian mburi
kartu latar bagian ngarep bagian mburi
ana sing arep tekon ?
matur nuwun