The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Icha Kristinasari, 2023-06-16 05:35:36

BAHAN AJAR AKSARA MURDA

BAHAN AJAR AKSARA MURDA

BAHAN AJAR AKSARA MURDA


BAHAN AJAR Aksara Murda Pangerten Aksara Murda: Tembung murda tegese sirah (Padmosoekotjo, 1989: 37). Ing Baoesastra Djawa, tembung “moerda” tegese endhas utawi pengarep, dene aksara moerda tegese aksara gedhe (Poerwadarminta, 1939: 327). Kanggo nggampangake pemahaman aksara murda diarani aksara sirah, aksara sesirah nanging panganggone ora kaya huruf kapital ing umume. Lan panganggone aksara murda kanggo nulis jeneng Wong. Wujud Aksara Murda cathetan : kajaba pa, kabeh pasangan manggon ngisor.


Tata cara nulis aksara murda : 1. Kanggo nulis jeneng uwong ditulis saaksara saben jeneng wong sing mapan ing ngarep dhewe. Yen aksara ngarep ora ana ditulis aksara burine, yen aksara burine ora ana ditulis aksara burine maneh. a. Ing ngarep, tuladha: Sari Katerangan tata panulisan: Ing jeneng Sari tinemu murda Sa sing mapan ing wanda ngarep dhewe b. Ing tengah, tuladha: Rokima Katerangan tata panulise: Ing jeneng rokima aksara murda ora ana ing ngarep banjur di goleki wanda sabanjure yaiku mapan ing wanda Ka c. Ing buri, tuladha: Romita Katerangan tata panulise: Ing jeneng Romita aksara murda ora ana ing wanda wiwitan lan kaloro nanging mapan ing wanda katelu yaiku ing aksara Ta.


d. Ing tembung rada dawa: Danisa kurinawati Katerangan tata panulise: Ing jeneng Danisa Kurinawati aksara murda ora ana ing wanda wiwitan nanging manggon ing wanda kaloro yaiku tembung Na 2. Aksara murda bisa diwenehi sandhangan Tuladha: Tristanta Katerangan tata panulise: Ing jeneng Tristanta mapan ing ngarep dhewe ing aksara Ta, aksara Ta mura bisa diwenehi sandhangan Cakra 3. Aksara murda ora kena dadi panyigeg (aksara mati pada suku kata) Tuladha Wandi Tuladha luput, Wandi aksara Na ora perlu nganggo murda amarga ora kena disigeg. Tuladha bener , katerangan tata panulise: Ing jeneng Wandi aksara Na ora kena disigeg mula nulise ora nganggo murda nangging tetep nganggo aksara legena 4. Aksara murda duwe pasangan saengga bisa dadi pasangan. Tuladha: Masboyi Tuladha Luput: Tuladha Bener


Keterangan tata panulise: Ing jeneng Masboyi aksara Sa lan Ba iku murda, Sa ora ditulis nganggo murda, amarga murda Sa mau ora oleh dipateni/dipasangi mula sing ditulis nganggo murda pasangan aksara Ba.


Click to View FlipBook Version