BAHAN AJAR GEGURITAN KELAS : X SEMESTER : 1 PENULIS : MURANI
Capaian Pembelajaran KPeserta didikmampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahandalam bentuk teks sastra geguritan. Tujuan Pembelajaran diharapkan setelah pembelajaran ini: Peserta didik dapat menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan.
Pitedhah pasinaon Wacanen lan pahami kanthi prematimateri babagan geguritan kasebut, nalikaana materi kang durung kongerteni,takokna marang guru. Garapen gladhen-gladhen kang ana ingLKPD Sawise rampung, kumpulna LKPD marangguru.
Materi Pangerten geguritan geguritan utawa guritan saka tembung lingga gurit, tegese tulisan kang awujud tatahan, kidung utawa tembang. Dene nggurit tegese ngarang tembang/kidung/rerepan. Miturut Bausastra Basa Jawa, geguritan iku uran-uran utawa karangan kang gumathok kaya tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora ajeg Miturut Subalidinata (1999), geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair, mula ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Jinis geguritan Geguritan gagrag lawas Geguritan kaperang dadi 2, yaiku: 1. Geguritan iku migunakake basa Jawa kuna lan kaperang ana ingpupuh-pupuh, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guruwilangan. 2. Geguritan gagrag anyar Geguritan kang migunakake basa Jawa jaman saiki . Geguritangagrag anyar wis ora kawengku guru gatra, guru lagu, lan guruwilangan. Geguritan gagrag ayar uga diarani puisi jawa bebas.
Geguritan gagrag lawas cacahe gatra ora ajeg, nanging lumrahe sasithike ana patang gatra. cacah wandane gatra siji lan sijine tetep padha guru lagune nganggo purwakanthi guru swara wiwitan ukara nganggo bebuka sun nggegurit Titikane : Geguritan gagrag anyar Ora kawengku ing pathokan migunakake tembung kang pinilih ora migunakake basa padinan migunakake purwakanthi sastra, swara, lan basa isine mentes Titikane :
Unsur-unsur geguritan Unsur Intrinsik Tema Pamilihing tembung Lelewaning basa/gaya bahasa Citraan/ imajinasi Latar Pesen/ Amanat Tema minangka gagasan pokok kang disuguhakedening panganggit. Pilihan tembung kang trep/ mathuk kanggogeguritan. Mbudidaya panganggit kanthi milih tembungtembung kang dironce kanthi endah saenggongasilake ukara kang ngandhut lelewaning basa.tuladha lelewaning basa: personifikasi, matafora,repetisi, purwakanthi (guru swara, guru swara,lumaksita). minangka gambaran angen-angen/ imajinasipenganggit kang diwujudake kanthi rasa (indra) Nggambarake papan, swasana, wektu kanggonarik kawigaten. Pesen, nasihat, utawa piwulang becik kangdiwedharake penganggit lumantar geguritan.
Unsur ekstrinsik Biografi panulis Nilai-nilai kang kinandhut sajroning geguritan Kang kalebu unsur ekstrinsik geguritan 1. 2. Parafrase geguritan Parafrase utawa nggancarake geguritan nduwe karep supayagampang anggone mangerteni isine geguritan. Parafrase geguritantegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujudgancaran utawa ukara lan paragraf kanggo mangerteni maknanegeguritan.
Nulis geguritan Tata cara kanggo gawe geguritan Nemtokake tema geguritan kang bakal ditulis Milih tembung-tembung kang jumbuh karo tema kang wisditemtokake. Milih tetembungan supaya bisa disusun dadi gatra utawa larikkang becik. Ngrakit larik utawa gatra kang wis kasusun supaya dadi padautawa bait. Nliti maneh tembung-tembung lan gaya basa utawa majaskang digunakake ing geguritan. Menehi judul utawa irah-irahan geguritan Nemtokake sudhut pandhang ing geguritan. 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. Teknik nulis geguritan berantai (estafet writing Siswa dipantha-pantha dadi 6 kelompok Siswa lungguh dadi siji karo kelompoke. Saben kelompok milih tema kang ditemtokake. Siswa nemtokake judul geguritan . Siswa kang kapisan nulis ukara kang kapisan, banjur dibacutakemarang kanca liyane kang sakelompok dadi larik-larik geguritan. Ukara-ukara kang wis ditulis mau, banjur goleki tembung-tembungkang ora trep. 1. 2. 3. 4. 5. 6.
Lingkungan Sekolah Adiwiyata Sekolahku ya iku sekolah adiwiyata Yen saben esuk kabeh ngeresiki lingkungan Lan kembang-kembang podo disirami Poro siswi podho guwak sampah Ing panggonan kang sampun di sediakake Ilingo yen sekolah iki sekolah adiwiyata Wit-witan kang ijo royo-royo Ngenei katentreman anggone sinau nuntut elmu Patuh karo peratura yo penting Ingkang ngajarake karesian lan kadisiplinan Najan sekolahku eng deso nanging ora kalah karo sekolah kuta Iku kang dadi cirine sekolahku Tuladha Geguritan
Sekolah Sekolahku…. Sekolahku agonku golek ilmu Kornomu aku ngerti barang olo lan sae Katah rencang lan sadulur Kumpul bareng damel nambah wawasan Para guru ingkang ngajarake kebacikan Sahingga ngertos carane bekti kaleh tiang sepah Ngertos carane cedek marang Gusti Pangeran Lan ngertos carane kekancan kanti sae
Informasi Pendukung https://www.youtube.com/watch? v=dpMtsGm_6k4 https://www.youtube.com/watch? v=fYjL4SuhmTY https://www.youtube.com/watch? v=mkwZPoKsHXQ 1. 2. 3.
Judul Lembar Kerja Peserta Didik Sawise nyinaoni babagan geguritan, tulisna geguritan kanthi tema lingkungan sekolah ...................... ...................... ...................... ....................... ....................... ....................... Nama kelompok: 1. 2. 3. 4. 5. 6.
Rangkuman Geguritan yaikuuran-uran utawa karangan kanggumathok kaya tembang, nanging guru gatra, guruwilangan, lan guru lagune ora ajeg Geguritan kaperang dadi 2 yaiku geguritan gagraganyar lan geguritan gagrag lawas. Unsur intrinsik geguritan yaiku tema, amanat, diksi,citraan, lelewaning basa/ majas, purwakanthi, latar. Unsur ekstrinsik geguritan yaiku biografi panulis,nilai-nilai kang kinandhut ing geguritan. Tata cara nulis geguritan :nemtokake tema, milihtembung-tembung kang jumbuh karo tema, milihtembung supaya bisa disusun dadi gatra utawa larikkang becik, ngrakit larik utawa gatra kang wiskasusun supaya dadi pada utawa bait, nliti manehtembung-tembung kang digunakake ing geguritan,menehi judul, nemtokake sudhut pandhang. 1. 2. 3. 4. 5. a
Daftar Pustaka https://eprints.uny.ac.id/9410/3 /bab%202-06205241001.pdf https://www.youtube.com/wat ch?v=dpMtsGm_6k4 https://www.youtube.com/wat ch?v=fYjL4SuhmTY https://www.youtube.com/wat ch?v=mkwZPoKsHXQ 1. 2.