The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by indah.19020, 2021-11-18 19:57:08

Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom

Indah Nur'aini_2610121111-UTS REVISI

Teks Piwulang Serat
Wulangreh Pupuh Sinom

Panulis Kanggo SMP/MTS
Indah Nur'aini kelas VII

Semester Ganep

ATUR SAPALA

Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti ingkang
Maha asih, dene panyerat sampun saged ngrampungaken
e-book "Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom"
kangge para siswa Sekolah Menengah Pertama (SMP) /
Madrasah Tsanawiyah (M.Ts) nelakaken raos bingah ing
manah. E-book menika karakit adhedhasar buku paket
ingkang sampun wonten ugi tambahan materi saking
artikel jurnal ilmiah.

Kanthi wontenipun e-book "Teks Piwulang Serat
Wulangreh Pupuh Sinom" punika dipunajab sageda
mbiyantu para siswa SMP/M.Ts anggenipun ngleluri lan
marsudi Basa Jawi lan saged nglancaraken pendekatan
saintific. E-book menika minangka sarana tumrap para
siswa sinau lan gladhen ngrembakakaken pamikiranipun
para siswa. Ing pangajab mugi-mugi lumantar andharan
sapala menika saged mahanani lestantun
lanngrembakanipun basa Jawi ing tataran SMP lan ugi
M.Ts.

E-book menika dipunjumbuhaken kaliyan kompetensi
inti, kompetensi dasar, lan ugi materinipun, supados
pasinaon wonten ing E-book menika boten uwal saking
pranatan ingkang sampun dipuntemtokaken. E-book
menika sampun jumbuh kaliyan ancasipun kurikulum 2013
inggih menika siswa ingkang kedah langkung aktif ing
salebetipun piwucalan utawi student center, amergi e-book

i

menika ndadosaken para siswa saged sinau kanthi
mandhiri boten gumantung kaliyan gurunipun, para siswa
ugi saged sinau wonten ing pundi kemawon.

Panyerat sampun mbudidaya murih e-book menika
saged sampurna, ananging minangka manungsa limrah
sarta saking winatesipun kawruhipun panyerat, taksih
wonten kekiranganipun. Pramila panyerat tansah
mbetahaken pamanggih sarta pamrayogi saking para
pamaos ing reh basa Jawi kangge nyampurnakaken e-book
" Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom" menika.
Awit saking sedaya pamanggih lan pamrayogi kala wau,
panyerat ngaturaken panuwun. Mugi-mugi Gustu ingkang
Murbeng Dumadi tansah njangkung lan nyengkuyung
pangetrapanipun e-book punika tumrap kemajengan lan
lestarinipun piwucalan Basa Jawi. Matur nuwun





Kediri, Nopember 2021
Panyerat

ii

DHAPTAR ISI



Atur Sapala.............................................................................i
Dhaptar Isi............................................................................iii
Kompetensi Inti, Kompetensi Dasar, Indikator................iv
Tujuan Pembelajaran...........................................................v
Petunjuk Belajar...................................................................vi
Mbabar Wawasan................................................................1

Pasinaon 1: Serat Wulangreh pupuh Sinom
tembang Macapat................................................................2
Pupuh Sinom lan Strukture Pupuh Sinom........................3
Maca Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom......5
Uji Kompetensi.....................................................................8

Pasinaon 2 :
Pitutur Luhur sajrone Serat Wulangreh Pupuh Sinom
Basa ing Tembang Macapat..............................................12
Pitutur Luhur ing Tembang Sinom...................................17
Gladhen Golek Pitutur Luhur ing Tembang Sinom........19

Pambiji.................................................................................21
Rubrik Penilaian.................................................................22
Rangkuman.........................................................................23
Daftar Pustaka....................................................................24

iii

Kompetensi Inti :

4. Mencoba,mengolah,dan menyaji dalam ranah konkret
(menggunakan,mengurai,merangkai, memodifikasi, dan
membuat) dan ranah abstrak (menulis ,membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan
yang dipelajari di sekolah dan dumber lain yang sama
dalam sudut pandang/teori.

Kompetensi Dasar

4.2 Menanggapi isi teks Piwulang Serat
Wulangreh pupuh Sinom dengan ragam krama

Indikator

1. Membaca teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom
2, Menganalisis nasihat atau pitutur luhur yang terdapat
teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom

iv

Tujuan Pembelajaran



1.Setelah memahami dan menganalisis struktur teks
tembang Sinom, peserta didik dapat menjelaskan struktur
teks tembang Sinom dengan benar.
2. Setelah memahami dan menganalisis bahasa serta
menjawab pertanyaab “apa”, “siapa”, “kenapa”, lan
“bagaimana” pada tembang , peserta didik dapat
menjelaskan pitutur luhur dalam teks piwulang serat
Wulangreh pupuh Sinom dengan benar.

v

Petunjuk Belajar




Bagi Siswa

Bacalah KD, Indikator, dan tujuan pembelajaran pada
bahan ajar ini.
Bacalah dan pahami secara seksama uraian-uraian
materi yang ada pada masing-masing kegiatan belajar.
Jika belum memahami materi yang disampaikan,
bertanyalah kepada guru.
Kerjakan semua tugas formatif (soal latihan) untuk
dapat mengetahui prosentasikepahaman terhadap
materi.

Bagi Guru

Jelaskan petunjuk pembelajaran e-book.
Jelaskan kegiatan yang harus dikerjakan oleh siswa.
Pantaulah kegiatan siswa dan bantulah siswa yang
menemukan kesulitan.
Berikan umpan balik terhadap siswa berdasarkan pada
hasil tes siswa.
Catatlah perbaikan atau penyempurnaan pada e-book
untuk evaluasi e-book.

vi

Ayo Miwiti Pasinaon !

Mbabar Wawasan

Asil budaya Jawa akeh banget jinise lan umure uga wis
suwe. Salah sijine yaiku kasusastran kang awujud
tembang. Tembang Jawa ngandhut unsur etis, estetis lan
historis. Kaping pisan yaiku nilai etis utawa kasusilan kuwi
awujud unggah-ungguh, budi pakerti, tata krama ,
wejangan, wedharan, pranatan, lan duga prayoga. Unsur
estetis utawa kaendahane seni tembang bisa diweruhi
saka basa kang digunakake ing sajroning tembang kang
endah banget. Banjur ana usur historis, tembang
kabenthuk kanthi runtutan wektu kang suwe, proses
kabenthuke tembang kuwi nduweni carita utawa sejarahe
dhewe. Jinise tembang kuwi ana telu, yaiku Tembang
gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik utawa
tembang Macapat. Kabeh jinis tembang kuwi mau duweni
nilai-nilai luhur tumrap manungsa lan wigati banget kita
nyinaoni tembang jawa supaya oleh nilai-nilai becik kang
mupangati.

1

Pasinaon 1:
Serat Wulangreh pupuh Sinom

Serat Wulangreh yaiku wujud karya sastra karangan Sri
Susuhunan Pakubuwana IV, Raja ke-3 Keraton Surakarta
Adhiningrat (1788-1820). Serat tegese tulisan/naskah,
wulang nduweni teges piwulang/ajaran, lan reh nduweni
teges becik. Bisa dimangerteni serat Wulangreh ngandhut
nilai budi pakerti. Serat Wulangreh kuwi awujud tembang.
Ing pasinaon iki kita ngrembug ngenani Serat Wulangreh
pupuh Sinom. Pupuh Sinom kuwi perangan saka tembang
Macapat utawa tembang cilik lan ngandhut ajaran
ngenani dhasar-dhasar tindak-tanduk sing pantes
diteladhani. Bisa dimangerteni yen serat Wulangreh
pupuh sinom ngandhut nilai pendhidhikan karakter
ngenani dhasar-dhasar tindak-tanduk sing pantes
diteladhani, kang cocog disinaoni dening masarakat uga
para generasi mudha ing jaman globalisasi iki.




Apa ta sing diarani tembang Macapat?

Tembang Macapat yaiku salah sijining karya sastra Jawa
arupa sumber tuntunan lan tatanan. Tuntunan lan
tatanan saka pesen kang tersirat kang disampekake
menyang pamaca. Mcapat yaiku jeneng jinis tembang
sing digunakake sajrone gubahan puisi asil karya sastra
Jawa anyar, kang nggunakake metrum tembang Jawa.
Metrum tembang Jawa ngugemi paugeran tartamtu, kang

2

asring sinebutan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Jinise tembang macapat ana sewelas yaiku
Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmarandana,
Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh,
Pucung. Kasawelas jinis tembang pucung kuwi nduweni
paugeran lan isi utawa makna beda-beda.

Ngenani Pupuh Sinom lan Strukture Pupuh Sinom

Sinom duweni tegese anom, enom, utawa timur. Saka
tegese bisa diweruhi yen tembang utawa pupuh Sinom
nggambarake kahanan manungsa nalika isih enom.
Nalika isih enom, manungsa kudu golek elmu utawa
kawruh saakeh-akehe sing becik kanggo sangune urip ing
tembe mburine. Tembang iki nduweni watak wantah.
Kayata sing wis dijlentrehake ana ing dhuwur yen
tembang macapat nduweni paugeran tartamtu, amerga
tembang Sinom perangan saka tembang Macapat dadi
Sinom nduweni paugeran.




Gatekna paugeran utawa struktur tembang Sinom
ing ngisor iki !

Tembang sinom duwe 33 pada.
Paugerane tembang sinom :
1. Guru gatra : 9
2. Guru wilangan: 8,8,8,8,7,8,7,8,12
3. Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a

3

Coba gatekna tegese guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu ana ing ngisor iki!

Guru gatra : cacahing gatra (baris) saben sapada (bait)
Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben
sagatra
Guru lagu : Tibaning swara ing pungkasaning gatra
(baris)

Informasi Pendukung :
Para siswa uga bisa sinau kanthi cara auditory utawa
ngrungokake materi ngenani teks piwulang serat
Wulangreh pupuh Sinom menyang you tube, ana ing
link ngisor iki
https://youtu.be/Ls7N5XwBfRI




4

Maca Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom

Ayo nyemak lan nembang bebarengan !

Sinom pada 1

Ambeke kang wus utama,
tan ngendhak gunaning janmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone dinokok ngayun,
pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit,
suka lila den ina sapadha-padha.

Terjemah pupuh Sinom pada 1 ing dhuwur kanthi
ragam krama

Tindak-tanduk tiyang kang sampun nggayuh

kasampurnan boten saged matesi utawi nyacadi

kapinteran tiyang lintunipun, kapinteranipun

dipundelikaken kamangka kabodhoanipun

dipunmedalaken supados dipuncacadi, ampun nganti

wonten ingkang ngarani panjenenganipun tiyang pinter,

panjenenganipun bungah nalika wonten tiyang kang

nyacadi panjenenganipun

5

Tembung lan teges ing pupuh Sinom pada 1

ambeg : watak
tan : ora
ngendhak : ngilangi

gunMab: mabuamrpWanagwatasan

janmi: manungsa
sasolahe : kabeh tingkah lakune
den alingi : ditutupi
dinokok: diseleh
ngayun : ngarep
den inaa: dienyek

Gladhen Maca/Nembang Tembang Sinom

Panuntun kanggo siswa :
Ana ing pasinaon wiwitan para siswa kudu bisa lancar
maca/nembang tembang Sinom. Para siswa bisa
nembang tembang Sinom sing dibisani utawa siswa bisa
milih tembang Sinom dhewe, banjur ditembangake
kanthi cara gentenan karo kanca. Menawa ana tembung
sing kokanggep angel cuba catheten, yen wis rampung
maca/nembang, tembung angel mau disuwunake pirsa
marang guru.

6

Gawe Ukara

Sawise maca/nembang tembang Sinom, tembung
sing kokanggep angel cuba catheten, yen wis
rampung maca/nembang, tembung angel mau
golekana tegese, banjur tembung angel kuwi mau
gawnenen ukara kaya tuladha ing ngisor iki!




7

Uji Kompetensi

I. Pilihen wangsulan sing paling bener!

1. Serat Wulangreh yaiku wujud karya sastra karangan

sapa..

a. Yasadipura I b. Sri Susuhunan Pakubuwana IV

c. Yasadipura II d. Sri Susuhunan Pakubuwana III

2. Awujud apa Serat Wulangreh kuwi..

a. parikan b. paribasan
c. karya sastra d. gancaran

3. Tembung Wulangreh duwe teges apa …

a. basa kang endah b. donya akhirat
c.urip mulya d. piwulang becik

4. Rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang
pangucape kudu nggunakake kagunan swara diarani … .

a. tembang b. paribasan
c. bebasan d. gancaran

8

5. kepriye paugerane tembang Sinom…

a. 8a,8i,8a,8i,7i,9u,7a,8i,12a
b. 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8a,12a
c. 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
d. 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a,10i

6. Sinom duweni tegese apa..

a. enom b. paribasan
c. mulya d. kapinteran

7. Semaken serat Wulangreh pupuh Sinom pada 3 ana ing
ngsisor iki !

Tur duk ingsun maksih bocah
Akeh kang amituturi
Lakoning wong kuna-kuna
Lelabetan ingkang becik
Miwah carita ugi
Kang kajaba saking ngepuk
Iku kanga aran kojah
Suprandene ingsun iki
Teka nora nana undhaking kabisan

9

Guru wilangan lan guru lagune gatra kalima tembang ing
dhuwur yaiku … .

a. 8a b. 11i
c. 7i d. 12u

II. Wangsulana kang patitis!

Sinom

Sinom Samangsane pasamuan,
mamangun marta martani,
Sinambi ing saben mangsa,
Kala kalaning asepi,
Lelana teki-teki,
Nggayuh geyonganing kayun,
Kayungyun eninging tyas,
Sanityasa pinrihatin,
Puguh panggah cegah dhahar lawan nendra.

1. Kepriye guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
tembang ing dhuwur? Terangna!
2. Kanggo ngerteni isine tembang Sinom ing dhuwur, coba
gawenen gancarane kanthi ragam basa krama!






10

Pasinaon 2 :
Pitutur Luhur sajrone Serat Wulangreh Pupuh

Sinom

Pasinaon ing bab iki, gegayutan karo tembang Sinom.
Kanthi nyinau teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh
Sinom kaangkah para siswa bisa ngandelake sipat
jujur, andhap asor, disiplin, tanggungjawab lan sipat-
supat kang becik liyane. Kaendahan uga nilai-nilai
luhur kang ana ing Serat Wulangreh Pupuh Sinom
minangka karya asli susastra Jawa kaajab bisa nuntun
para siswa marang budi pekerti luhur kang migunani
ing pasrawungan bebrayan masarakat.

Sadurunge dibacutake, wangsulana pitakon ing
ngisor iki!

2) Urip kudu tansah becik lan duweni tata krama marang
sapa wae?
3) Pitutur luhur Jawa iku yen karo agama mikuwati apa
lelawanan? Terangna!
5) ”Ing jaman saiki akeh wong Jawa wis ilang Jawane”.
Miturutmu apa bener mangkono? Terangna!
8) miturutmu “wong Jawa” iku kepriye? Terangna!
5) tumindak becik apa sing wis koklakoni marang wong
tuwamu?

11

Basa ing Tembang Macapat

Sandhi Asma
Sandi asma yaiku jeneng pangripta kang sinandhi ing
karya utawa didelikake. Panganggonan sandi asma kanthi
cara jeneng pangripta dipisah -pisah wandane utawa
hurupe lan dilebokake menyang gatra syair tembang.
Sandhi asma kang panggonane ana ing ngarep gatra
luwih gampil dianggo. Tuladhane sandhi asma kang
manggon ing ngarep gatrane bisa kajinggleng ing ngisor
iki.

MEGATRUH

Iya tenan yayi aneng kalbu ingsun
Ning tyas amung ana yayi
Duh wong ayu manis madu
Aneng netra amung yayi
Hapsari awujud uwong

Sengkalan
Sengkalan isa diarani ukara kang nduweni teges angka
taun. Sengkalan yaiku tetembungan utawa gambar bisa
uga awujud pepethan (pathung) kanggo mengeti
kadadean kang wigati sing mujudake angka taun.
Sengkalan uga diarani pengetan wektu kang mawa
kedadeyan utawa lelakon wigati, kang lumrahe anggone
mengeti cacahing tahun ora katulis nganggo angka,

1
2

Sengkalan isa diarani ukara kang nduweni teges angka
taun. Sengkalan yaiku tetembungan utawa gambar bisa
uga awujud pepethan (pathung) kanggo mengeti
kadadean kang wigati sing mujudake angka taun.
Sengkalan uga diarani pengetan wektu kang mawa
kedadeyan utawa lelakon wigati, kang lumrahe anggone
mengeti cacahing tahun ora katulis nganggo angka,
ananging nganggo tetembungan utawa gambar.
Sengkalan iki perlune supaya olehe gawe pengetan
(sengkalan) bisa kalarasake unen-unen karo lelakon kang
dipengeti lan gampang anggone ngeling-eling, lan angel
laline.
Tuladhane sengkalan :

a. Dwi hasta ngesti ratu, = 1882
b. Tri janma manembah gusti, = 1213
c. Sirna ilang kertaning bumi, = 1400
d. Angesti rasaning janma, = 168
e. Obat asta kalih, = 226
f. Wirara katon kembar, = 229
g. Buta lima manah jagad, = 1555
h. Rasaning pandhita gapuraning jagad, = 1976
i. Soroting wanodya terus ing nala, = 1982
j. Loro naga rasa tunggil, = 1682

Pedhotan
Pamedhoting wanda ing tembang manut tembunge.
Pedhotan sajroning tembang macapat diperang dadi loro,

13

ku pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan
kendho manggon ing pungkasaning tembung, yen
pedhotan kenceng. Pamedhoting wanda tanpa
nggatekake tegese tembung. Pedhotan kenceng ora
manggon ing pungkasaning tembung. Pedhotan kendho
arupa pedhotan kang apik saroning tembang macapat.
Pranatan sajroning Pedhotan kendho dinyatakake sagatra
arupa 5 wanda, pedhotan wandane yaiku 2.3/3.2.

Tembung Kawi
Tembung kang asale saka basa Jawa Kuna, kanthi
etimologis tembung "kawi" asale saka tembung Sanskerta
‚ kavya‛ kang nduweni teges puisi atau syair. Ing India kawi
dikenal minangka pawongan kang nduweni pamawas
kang jembar. Sajroningkesusastraan ‚kawi dikenal
minangka pujangga. Adhedhasar andharan etimologis
kasebut bisa dimangerteni yen basa kawi yaiku basane
para pujangga. Basa kawi arupa ragam tulis sajroninh
basa Jawa kuna.

Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa
meh padha tegese dianggo bebarengan. Tuladhane yaiku
abang mbranang, adhem ayem, campur bawur, kabur
kanginan.

14

Tembung Garba loro kang
Tembung garba yaiku tembung
kagandhengkanthi nyuda cacah wandane.
Tuladhane :

1. Ana + ing = Aneng
2. Nara + indra = Narendra
3. Lumebu + ing = Lumebeng

Baliswara
Baliswara yaiku ukara kang diwalik papan panggonane
kanggo nuhoni guru lagu. Baliswara arupa urutaning
tembung kang sinusun walik. Tembung ingkang suka
katrangan manggon ing sangarepe tembung kang
katerangake. Tembung Baliswara lumrahe dianggo ana
ing tembung kang duweni karep supaya bisa njumbuhake
guru lagune. Padatane ana ing tembung kawi, lan pancen
ora akeh digunakake ana ing tembung lumrah (tembung
kang dienggo saben dinane).
Tuladha:

1. Raja Putri, tegese putrine raja
2. Surya Putra, tegese putrane Dewa Surya

Purwakanthi
Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng.

15

Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa
tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa
tembung ing saburine.
Tuladha :

1.Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
2.Ana dina ana upa, ana awan ana pangan.
3.Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing

kalen kilen kula.
4.Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kretasana.

Ing ukara kapisan kasebut ana swara kang runtut saengga
kepenak dirungokake yaiku swara “ur”.
Ana ing ukara kapindho ana swara
kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.
Ing ukara nomer telu lan papat sing runtut aksarane
(tulisane) utawa sastrane. (ka lan la ).

Purwakanthi ana werna telu yaiku :
1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut
swarane.
2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang
runtut sastrane utawa tulisane.
3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani
purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge
ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.
Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan.
Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang
nganggo pathokan swara.

16

Pitutur Luhur ing Tembang
Sinom

Cara kanggo nemokake pitutur luhur ing tembang Sinom
yaiku kanthi mangsuli ukara pitakon kang nggunakake
tembung pitakon “apa”, “sapa”, “geneya/ya‘apa”, lan
“kepriye/ya‘apa”.

Gatekna tuladha ing ngisor iki!

Dhandhanggula

Nora eca dahar lawan guling,
ibu nira rumeksa ing sira,
dhahar sekul uyah bae,
tan ketang wejah luntur,
nyakot bathok dipunlampahi,
saben ri mring bengawan,
pilis singgul kalampahan,
ibu nira rumeksa duk sira alit,
mulane den rumangsa.

Wangsulan :
1. Sapa sing ora eca dhahar lan sare? Ibu nira.
2. Sapa sing direksa Ibu? (kula) putrane
3. ya apa kang dilakoni Ibu? Wejah luntur, nyakot bathok,
pilis singgul kalampahan dening Ibu.
4. Kepriye kudune anak iku? Mulane kudu rumangsa

17

Yen wis diwangsuli pitakon kuwi mau banjur kita bisa
ndudut pitutur luhur kang ana ing tembang kasebut,
yaiku :
Pitutur luhure Ibu sengsara ngreksa putrane. Prasasat
wejah luntur, nyakot bathok, pilis singgul kalampahan.
Anak kudu bisa rumangsa marang wong tuwa lan anak
kudu bekti marang wong tuwa (ibu) amerga ibu sing wis
kanthi ikhlas nresnani welas asih marang kita.

Informasi Pendukung :
Para siswa bisa ngunduh aplikasi kamus Jawa Bausastra
kanggo nggampangake nindakake pasinaon Teks
piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom. Bisa diunduh
ing link ngisor iki
https://play.google.com/store/apps/details?
id=com.kamusjawa




18

Gladhen Nggolek Panutur Luhur

Panuntun kanggo siswa :

Ana ing pasinaon wiwitan para siswa wis sinau
maca/nembang tembang Sinom. Para siswa uga wis
gladhen golek,negesi, lan nggawe ukara saka tembung
sing angel sajroning tembang Sinom. Ana ing pasinaon iki,
siswa maca tembang Sinom kang wis dicawisake. Siswa
mangsuli pitakon kanthi tembung “apa”, “sapa”,
“geneya/ya‘apa”, lan “kepriye/ya‘apa” sajroning tembang
kang wis dicawisake kasebut.

Dudutan Pitutur

1) Tembang ing ngisor iki wacanen kanthi setiti !
2) Gawea ukara pitakon kanthi tembung “apa”, “sapa”,
“geneya/ya‘apa”, lan “kepriye/ya‘apa”, paling sithik 3
pitakon !
3) Wangsulana pitakon-pitakon sing kokgawe kuwi!
5) Tulisen maneh wangsulanmu, dadi dudutan pitutur
luhur kang ana ing tembang kasebut !

19

Sinom
Tur duk ingsun maksih bocah
Akeh kang amituturi
Lakoning wong kuna-kuna
Lelabetan ingkang becik
Miwah carita ugi
Kang kajaba saking ngepuk
Iku kanga aran kojah
Suprandene ingsun iki
Teka nora nana undhaking kabisan

20

PAMBIJI

Sawise sampeyan nyinaoni ngenani teks piwulang serat
Wulangreh pupuh Sinom lan mangsuli gladhen-gladhen
ing dhuwur , cuba wangsulana wacanen tembang Sinom
pitakonan ing ngisor iki kanthi setiti banjur wangsulana
pitakonane!

Sinom

Punika laku utama
Tumindak sarta kakalir
Nora ngatingalke lampah
Wadine kang den alingi
Panedyane ing batin
Pan jero pangrahipun
Asore ngemu rasa
Prayoga tiniru ugi
Anak putu aja na ninggal lanjaran

1. Kepriye guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
tembang ing dhuwur? Terangna!
2. Kanggo ngerteni isine tembang Dhandhanggula ing
dhuwur, gawenen gancarane kanti ragam basa krama!
3. Tembang Sinom ana ing dhuwur terangna apa pitutur
luhure!

21

Rubrik Penilaian

22

RANGKUMAN



Serat Wulangreh yaiku wujud karya sastra karangan
Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja ke-3 Keraton
Surakarta Adhiningrat (1788-1820).
Serat Wulangreh pupuh sinom ngandhut nilai
pendhidhikan karakter ngenani dhasar-dhasar tindak-
tanduk sing pantes diteladhani, kang cocog disinaoni
dening masarakat uga para generasi mudha ing
jaman globalisasi iki.
Tembang Macapat salah sijining karya sastra Jawa
arupa sumber tuntunan lan tatanan.
Tembang Macapat nduweni paugeran utawa struktur
teks yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Guru gatra : cacahing gatra (baris) saben sapada (bait)
, guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben
sagatra, guru lagu : Tibaning swara ing pungkasaning
gatra (baris)
Sinom nggambarake kahanan manungsa nalika isih
enom
Cara kanggo nemokake pitutur luhur ing tembang
Sinom yaiku kanthi mangsuli ukara pitakon kang
nggunakake tembung pitakon “apa”, “sapa”,
“geneya/ya‘apa”, lan “kepriye/ya‘apa”.

23

DAFTAR PUSTAKA

Oktavia,Laela.2017 Etika dan Estetika Pada RubriK
Macapat Majalah Djaka Lodang Tahun 2014. Program
Studi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Vol. / 10 / No.
01 / April 2017
Purnomo ,Bambang,dkk.2015.Sastri Basa Adhedhasar
Pergub Jatim No.19 Taun 2014 Muatan Lokal Bahasa
Daerah Provinsi Jawa Timur Lan KTSP 2013 Kanggo
SMA/MA/MAK Kelas XI .

Purnomo ,Bambang,dkk.2015.Sastri Basa Adhedhasar
Pergub Jatim No.19 Taun 2014 Muatan Lokal Bahasa
Daerah Provinsi Jawa Timur Lan KTSP 2013 Kanggo
SMA/MA/MAK Kelas X

Darusuprapta.Macapat dan Santiswara. Pendahuluan-
Kapustakan.

Haryatmo,Sri. dkk. 2003.MACAPAT MODERN DALAM
SASTRA JAWA: ANALISIS BENTUK DAN ISI. Pusat Bahasa
Departemen Pendidikan Nasional Jalan Daksinapati Barat
IV Rawamangun, Jakarta 13220.

Romdonah. 2014.MEDIA KARTU FOTO GROUPFEI
BERBASIS TEKNIK AKROSTIK SANDI ASMA DALAM
PEMBELAJARAN MENULIS PUISI BERBAHASA JAWA (
GEGURITAN). PEDAGOGIA : Jurnal Ilmu Pendidikan.

24


Click to View FlipBook Version