MODHUL
TEKS EKSPOSISI
Adhedhasar Kurikulum
Muatan Lokal Wajib
DENING: Kelas
DEWI KHARISMA
VIII
Semester Ganjil
Tingkat SMP/MTs sadrajat
ATUR SAPALA
Buku “Modhul Basa Jawa” menika kalebet buku ingkang ngemot
piwulangan kangge tingkat SMP/MTs sadrajat. Wonten pundi,
isinipun adhedhasar saking Kurikulum 2013. Isinipun buku punika
sampun slaras kaliyan kurikulum enggal ingkang dipunginakaken
wonten sekolah-sekolah wekdal samangke. Isinipun buku punika
sampun kasusun lelandhesan kaliyan Standar Kompetensi Lulusan
(SKL) sarta Kompetensi Dhasar (KD).
Kangge sampurnaning buku “Modhul Basa Jawa” menika, kula
sanget mawantu-wantu pamanggih, pamrayogi, saha panyaruwe
saking sinten kemawon. Kanthi mekaten, buku ingkang badhe
kababar salajengipun saged maremaken sakehing pamaos. Kangge
para sanak kadang dalah kulawarga ingkang sampun mbiyantu arupi
tenaga utawi materi menapa kemawon, kula ngaturaken panuwun
ingkang tuhu agung.
Wasana, mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged
mbiyantu para siswa, kadang dwija, lan sutresna Basa Jawi
anggenipun marsudi basa, sastra, lan kabudayan Jawi supados
saged ngrembaka lan lestantun.
Nganjuk, 1 November 2021
Pangripta
Basa Jawa VIII
WULANGAN I
Kompetensi Dasar : Indikator :
Menulis teks eksposisi tentang 1.1. Menganalisis struktur teks eksposisi
budaya Jawa. 1.2. Menyusun teks eksposisi
1.3. Menulis teks eksposisi tentang
pagelaran seni pertunjukan Jawa
Pandom Pasinaon :
1.Wacanen lan pahamana kanthi becik materi kang disajekake ing
saben-saben kagiyatan pasinaon. Yen ana materi kang kurang
cetha utawa kurang kokpahami bisa ditakonake marang guru.
2.Garapen saben kagiyatan dhiskusi, gladhen kanthi trep kanggo
nglatih kemampuan panguwasan konseptual lan literasi.
3.Sawise rampung, balekna piranthi lan modhul ana ing
panggonane.
Kagiyatan 1: Nganalisis Struktur Wacan Eksposisi lan Nyusun
Wacan Eksposisi
Ing wulangan iki arep disinaoni babagan wacan eksposisi, yaiku
wiwit saka struktur, nyusun wacan eksposisi, nganti nulis wacan
eksposisi. Kanthi nyinaoni wacan eksposisi, diajab bisa jembarake
wawasan lan mangerteni uga paham ngenani wacan eksposisi.
Mbabar Wawasan
Wacan eksposisi yaiku wacan kang njlentrehake utawa
medharake sawijining bab kanggo pamaca. Karangan eksposisi
asipat menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga, utawa
ngandharake sawijining bab.
Sajroning wacana eksposisi dijlentrehake anane analisa proses
nganggo cara narasi. Narasi kang mangkono mau diarani narasi
ekspositoris/narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan
ngenani sawijining kedadeyan kang dijlentrehake. Dadi ancase
wacana eksposisi yaiku maparake, jlentrehake, ngaturake informasi,
mulang lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya
pamaca bisa nampa utawa narima.
1 Basa Jawa VIII
Bab-bab kang prelu dimangerteni sajrone teks eksposisi :
a. Dhata faktual, tegese kahanan kang bener-bener kedadeyan, ana
lan bisa asipat historis magepokan karo prastawa kang bisa
kedadeyan utawa liyane.
b.Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang sawijining
fakta.
Fakta ngenani pawongan sing duwe keyakinan kang teguh.
Struktur teks eksposisi :
a. Tesis (idhe utawa panemu)
Tesis ngemot gagasan utama utawa ide pokok arupa gambaran
panulis ngenani sawijining prakara kanthi landhesan fakta.
b. Argumentasi
Argumentasi njlentrehake tesis kanthi gambling adhedhasar
bukti kang valid. Panulis jlentrehake fakta-fakta kang akurat kanggo
dhasar argumene.
c. Dudutan utawa panegasan ulang
Dudutan kang dikarepake minangka panguat saka idhe kang wis
dijlentrehake dening fakta-fakta kang diandharake sadurunge.
Gladhen 1: Nyemak Wacan Eksposisi
Wacanen tuladha wacan eksposisi ing ngisor iki kanthi permati!
Kendhang
Kendhang kalebu salah sawijining piranthi gamelan Jawa
kanggo ngatur irama. Kendho, alon, cepete bantere tempo irama
manut swarane kendhang. Kendhang kang wujude silinder ana
cagake. Banjur, bageyan kiwa tengen ana lelapisan kulit kewan
amrih nalika ngunekake tangan ora lara. Kendhang kawentar ana
loro, kagawe saka kayu lan tembaga. Nanging kang luwih kawentar
ing masarakat kendhang saka kayu.
2 Basa Jawa VIII
Cara ngunekake kendhang nganggo tangan ora piranthi utawa
alat nuthuk. Cara ngunekake kendhang, epek-epek tangan kiwa
mapan ing sisih kiwa kendhang. Dene epek-epek tangan tengen
mapan ing sisih tengen kendhang. Epek-epek tangan nuthuk utawa
ngeplak kendhang amrih ana swara utawa irama.
Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakon ing
ngisor iki!
1.Apa tema wacan eksposisi ing dhuwur?
2.Apa wacan eksposisi ing dhuwur wis ngemot struktur wacan
eksposisi kang trep?
3.Coba gawea siji tuladha wacan eksposisi!
Pepeling :
Wacan eksposisi biyasane digunakake kanggo jlentrehake
pangerten, definisi, lakune sawijining kagiyatan, metode, cara, lan
proses dumadine sawijining kadadeyan utawa bab. Wacan eksposisi
asipat ilmiah utawa nonfiksi.
Titikane teks eksposisi
a.Kanggo njlentrehake sawijining bab
b.Gaya panulisan asipat informatif
c.Panulisane adhedhasar fakta utawa kahanan sabenere kang nyata
d.Migunakake basa kang baku lan ringkes
Kagiyatan 2: Nulis Wacan Eksposisi Ngenani Pagelaran Seni
Pertunjukan Jawa Kanthi Mandhiri
Kang kudu digatekake nalika nulis wacan eksposisi, yaiku :
a.Bab utawa perkara kang arep ditulis ing teks eksposisi kudu
dimangerteni/dipahami dening panulis.
b.Teks eksposisi mung ngupaya kanggo njembarake kawruh utawa
wawasane wong kang maca marang sawijining bab, tanpa ana
panemu pribadhi apa maneh tujuwan ajak-ajak.
c.Isi kang ditulis kudu adhedhasar dhata/kawruh kang bener, aja
nganti menehi informasi kang luput lan ora bener.
Wacan karantam kanthi runtut, kawruh dijlentrehake kanthi cetha,
supaya gampang dimangerteni.
3 Basa Jawa VIII
Bab kang perlu digatekake sadurunge nulis teks eksposisi
a.Nemtokake tema utawa topik
b.Nemtokake ancas/tujuwan
c.Nglumpukake dhata/informasi ngenani tema kang arep ditulis
d.Ngrantam cengkorongan/kerangka tulisan
e.Mbabar utawa njlentrehake adhedhasar cengkorongan dadi
paragraf eksposisi
f.Menehi bukti kongkrit
g.Ing sajrone wacan, bisa katambahan gambar, tabel, utawa grafik
kang bisa kanggo gegambaran/ilustrasi kanthi cetha bab katrangan
kang diandharake
Gladhen 2: Nintingi Wacan Eksposisi
Wacanen wacan eksposisi kanthi irah-irahan “Seni Pagelaran
Jawa” iki kanthi permati!
SENI PAGELARAN JAWA
Ing tanah Jawa iku ana maneka seni pagelaran utawa seni
pertunjukan kang bisa kanggo tontonan ananging uga ngemot
babagan tuntunan. Iki nuduhake manawa wong Jawa iku kalebu
kreatif. Seni pagelaran Jawa ana kang diarani, kethoprak, lodrug,
wayang kulit, wayang uwong, lan liya-liyane.
Ing bab iki bakal dirembug luwih dhisik ngenani pagelaran
Wayang. Wayang iku ora mung tontonan, nanging uga tuntunan.
Lire, wayang iku sawijining pagelaran yen ditonton bisa nyenengake
ati, nanging uga isi piwulang mungguh ing urip ing satengahing
bebrayan. Wayang iku ora mung nduweni nilai estetis, nanging uga
nilai etis. Seni sing adiluhung iku ora mung endah lan edi, nanging
uga nduweni bobot religius lan filosofis. Seni sing adiluhung iku bisa
nambah sesurupan, nggugah kasadharan, lan bisa aweh pepadhang.
4 Basa Jawa VIII
Tontonan wayang iku nuwuhake rasa endah. Kaendahan sing
bisa dirasakake nalika nonton pagelaran wayang kulit iku werna-
werna, upamane endahing iramaning karawitan binarung empuk lan
wileting swara waranggana; critane ki dhalang nalika nggambarake
swasananing pasewakan, pacrabakan, lan papan-papan liyane,
suluke ki dhalang sing bisa nuwuhake greget swasana sereng,
prihatin, lan sedhih.
Kabeh mbokmenawa mujudake tuntunan kang narik kawigaten
utawa ndudut ati, senajan ora mung mligi kaendahan visual, nanging
uga kaendahan kang tinampa liwat pangrungu sing sabanjure diolah
dening pamikir lan pangrasa.
Bausastra :
Mungguh : manggon, dumunung
Bebrayan : padha rerukunan
Bobot : wawrat, aboting barang
Sesurupan : kawruh
Pasewakan : panggonan, pasowan
Pacrabakan : pamulangan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1.Apa tema wacan ing dhuwur?
2.Kenapa pagelaran wayang dianggep ora mung dadi tontonan, ning
uga tuntunan?
3.Kaendahan apa sing bisa dirasakake nalika nonton pagelaran
wayang kulit?
Gladhen 3: Nulis Wacan Eksposisi Kanthi Mandhiri
Ing kagiyatan pasinaon iki, sliramu bakal sinau nulis wacan
eksposisi kanthi cara mandhiri. Nalika nulis wacan eksposisi miliha
tema Seni Pertunjukan Jawa.
5 Basa Jawa VIII
Tugas 1: Ngidhentifikasi Wacan Eksposisi
Kanggo ngidhentifikasi wacan eksposisi, tindakna langkah-
langkah ing ngisor iki:
1. Goleka wacan bab seni pertunjukan Jawa sing saiki tansaya
luntur ing masarakat.
2.Dheskripsekna kanthi jingglengi bab kang perlu digatekake
sadurunge nulis wacan eksposisi.
Tugas 2: Nulis Wacan Eksposisi
Sawise langkah-langkah mau koklakoni lan apa sing diperlokake
wis sumadya, nulisa wacan eksposisi sing prasaja wae. Sajrone nulis
wacan eksposisi, jingglengana maneh kanthi permati struktur wacan
eksposisi sing karembug sadurunge.
Tugas 3: Maca Wacan Eksposisi
Asil tulisanmu wacanen ana ngarepe kanca-kancamu! Sawise iku
banjur kumpulna marang Bapak/Ibu gurumu kanggo tugas
portofolio.
Supaya luwih mangerteni lan paham ngenani materi wacan eksposisi,
para siswa bisa sinau mandhiri kanthi buka link kang wis sumedya
ana ing ngisor iki!
https://youtu.be/24aFEdQqCqQ
6 Basa Jawa VIII
Refleksi
Sawise maca, nyinaoni, lan mangerteni babagan wacan eksposisi,
kawruh apa kang kokpikolehi?, apa mupangate pasinaon iki?, ana
apa wae sajrone wacan eksposisi?, banjur kepriye anggonmu
mangerteni wacan eksposisi?. Jlentrehna panemumu ing saklembar
kertas kanthi jangkep lan gamblang. Yen wis rampung, kumpulna
menyang gurumu!
Dudutan
Wacan eksposisi yaiku wacan kang njlentrehake utawa medharake
sawijining bab kanggo pamaca. Karangan eksposisi asipat menehi
ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga, utawa ngandharake sawijining
bab.
Kang kudu digatekake nalika nulis wacan eksposisi, yaiku
mangerteni bab utawa perkara kang arep ditulis ing teks eksposisi,
teks eksposisi mung ngupaya kanggo njembarake kawruh utawa
wawasane wong kang maca marang sawijining bab, tanpa ana
panemu pribadhi apa maneh tujuwan ajak-ajak, isi kang ditulis kudu
adhedhasar dhata/kawruh kang bener, wacan karantam kanthi
runtut, kawruh dijlentrehake kanthi cetha, supaya gampang
dimangerteni.
7 Basa Jawa VIII
UJI KOMPETENSI
WULANGAN I
A. Pilihen wangsulan kang paling bener lan trep!
1.Apa tegese wacan eksposisi?
a. Wacan kang duweni ancas gawe pangerten kang luwih ciyut
b. Wacan kang njlentrehake prastawa ing jaman biyen
c. Wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab
kanggo pamaca
d. Wacan kang njlentrehake swasana ati pamaca
e. Wacan kang duweni ancas supaya pamaca mangerteni
2. Apa wae struktur wacan eksposisi?
a. Idhentifikasi, klasifikasi, dheskripsi bagian
b. Orientasi, komplikasi, resolusi, koda
c. Pambuka, isi, panutup
d. Tesis, argumentasi, panegasan ulang
e. Purwaka, andharan, panutup
3. Kepriye urutane gawe wacan eksposisi kang kaping pisan?
a. Nemtokake tema wacan
b. Nemtokake ancas
c. Gawe cengkorongan
d. Gawe judhul
e. Ngumpulake bahan
4. Sing ora kalebu seni pertunjukan Jawa yaiku ....
a. Jaipong
b. Campursari
c. Lodrug
d. Reog ponorogo
e. Kethoprak
5. Sing kalebu seni pertunjukan Jawa yaiku ....
a. Ondhel-ondhel
b. Keroncong
c. Sasando
d. Ukulele
e. Wayang kulit
8 Basa Jawa VIII
6. Kepriye urutane gawe wacan eksposisi kang kaping pindho?
a. Nemtokake tema wacan
b. Nemtokake ancas
c. Gawe cengkorongan
d. Gawe judhul
e. Ngumpulake bahan
7. Kepriye urutane gawe wacan eksposisi kang kaping telu?
a. Nemtokake tema wacan
b. Nemtokake ancas
c. Gawe cengkorongan
d. Gawe judhul
e. Ngumpulake bahan utawa dhata
8. Kepriye urutane gawe wacan eksposisi kang kaping papat?
a. Nemtokake tema wacan
b. Nemtokake ancas
c. Gawe cengkorongan
d. Gawe judhul
e. Ngumpulake bahan
9. Sing ora kalebu seni drama Indonesia yaiku ....
a. d.
b. e.
c.
10. Sing kalebu seni drama Indonesia yaiku ....
a. c. e.
b. d.
9 Basa Jawa VIII
B. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi trep lan
jangkep!
1. Apa bab kang perlu digatekake sadurunge nulis wacan
eksposisi?
Wangsulan : ......................................................................................
.............................................................................................................
2. Sebut lan jlentrehna titikane wacan eksposisi!
Wangsulan : .....................................................................................
............................................................................................................
3. Gawea tuladha wacan eksposisi kang isine ngemot argumentasi
kanthi singkat wae!
Wangsulan : ....................................................................................
...........................................................................................................
4. Gawea cengkorongan wacan eksposisi kanthi jingglengi
struktur wacan eksposisi! (tema budaya Jawa)
Wangsulan : ....................................................................................
...........................................................................................................
5. Sawise gawe cengkorongan, gawea wacan eksposisi kanthi
tema budaya Jawa kasebut saora-orane 2 kaca!
Wangsulan : ....................................................................................
...........................................................................................................
10 Basa Jawa VIII
KAPUSTAKAN
Atmodjo, S. Prawira, 1996. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan Djojo Bojo
Kosasih, E. 2017. Bahasa Indonesia SMP/MTs Kelas VIII. Kementerian
Pendidikan Kebudayaan, Jakarta. ISBN
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolter
Sawali. 2005. Bahasa dan Sastra Indonesia untuk SMP/MTs Kelas VIII.
Yogyakarta: PT Citra Parama Aji
11 Basa Jawa VIII