The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by manekhasukma, 2022-10-04 22:45:41

Teks Eksposisi Gamelan Jawa

Teks Eksposisi Gamelan Jawa

TEKS EKPOSISI GAMELAN
JAWA

KELAS XII MIPA DAN IPS
MANEKHA SUKMA ADITYA, S. Pd

SEJARAH GAMELAN JAWA

Gamelan iku salah sijine seni tradhisional asli saka Indonesia utamane ing pulo
Jawa, Madura, Bali, lan Lombok. Tembung gamelan asale saka basa Jawa yaiku
“gamel” kang duwe teges “tabuh”. Gamelan duweni melodhi kang magis utawa
daya supranatural, mula swarane gamelan diarani melodi utawa wirama perkusi
kang magis.

Gamelan kalebu peranganing kabudayan Jawa. Ing Jawa biyasane kanggo music
pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinise laras
gamelan ana 2 yaiku pelog lan slendro.

Musik gamelan duwe sejarah sung tuwa saumuran karo kasebare budaya Hindu
lan Budha ing nuswantara. Utamane nalika kawangune krajan-krajan gedhe kaya
Krajan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-
mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening
Sunan Bonang.

Ing ngisor iki pirang-pirang fungsi gamelan:

1. Bonang Barung 2. Bonang Barung

Bonang barung kalebu piranti musik Wangunan lan cara dolananke piranti
berpencu kang kagawe saka perunggu. iki padha karo bonang barung. Piranti
Piranti iki dithuthuk kanthi thuthukan iki minangka pangisi harmoni bonang
kayu awujud batangan sawijine barung. Kanthi wujud kang mirip
pucuke digubet kain. Piranti iki dadi nanging luwih cilik tinimbang bonang
pambuka sajrone dolanan gamelan. barung. Teknik dolananke uga luwih
Kajaba iku, bonang barung duweni cepet tinimbang bonang barung.
piguna minangka pamurba tembang
yaiku kang jejibahan miwiti sarta
ngiasi lumakune gendhing-gendhing.

3. Kenong 4. Kethuk lan kempyang

Kenong dimainake kanthi cara Piranti iki pigunane minangka piranti
ditabuh. Kenong pigunane minangka musik ritmis kang ngewangi kendhang
panentu wates-wates gatra sarta sajrone ngasilake ritme lagu. Kethuk lan
negesake wirama. Kenong kalebu kempyang dipapanake ing rancak kanthi
piranti kang kagawe saka logam kang posisi kethuk ing sisih tengen lan
luwih gedhe tinimbang bonang. Alat kempyang ing sisih kiwa. Swara kethuk
panabuh kenong padha karo bonang luwih endhek ketimbang kempyang.
yaiku kayu kang digubet kain. Kenong
dipapanake ngubengi pemaine yaiku
ing sisih tengen, kiwa, lan ngarep
penabuh.

5. Kempul 6. Gong

Kempul sinebut gong alit kang kapantha Gong duweni wujud kang mirip karo
saka maneka instrument kang digantung kempul nanging ukurane luwih gedhe
kanthi tali ing gayor (sanggan palang). tinimbang kempul lan paling gedhe
Kempul kang ukurane luwih cilik lan dhewe. Pigunane yaiku menehi tandha
duweni nada luwih dhuwur tinimbang pungkasan sawijine gatra. Miturut
gong. fungsine gong dibedakake dadi 2 yaiku
gong suwukan lan gong gedhe. Gong
suwukan pigunane minangka panutup
pungkasane gatra kang during rampung.
Dene gong gedhe pigunane minangka
panutup gatra pungkasane gendhing.

7. Saron Barung 8. Saron Panerus

Piranti iki didolanake kanthi dithuthuk Saron penerus utawa peking iku jinis
migunakake piranti kang kagawe saka saron sing paling cilik. Tabuh uga luwih
kayu kang atos. Saron kalebu pangisi cilik lan biasane digawe saka sungu
melodhi utama sajrone dolanan kebo. Wilah peking uga ana 7, sing
gamelan. Piranti iki kalebu piranti paling cilik dawane watara 18 cm lan
berbilah kanthi bahan dasar logam. ambane 4 cm. Peking duwe swara
Wilah saron ana 7, dawane watara 20 luwih dhuwur saka saron barung.
cm. Saron barung duwe swara luwih Pigunane kanggo menehi werna
dhuwur utawa luwih cilik sa-oktaf saka melodhi. Wirama peking yaiku ping
demung. pindhone wirama saka saron lan
demung.

9. Demung 10. Gambang

Wangunan lan pigunane padha karo Gambang iku wilahane kagawe saka kayu
saron, nanging demung duweni nada kang umum cacahe 17 nganti 21 wilah.
luwih endhek 1 oktaf tinimbang saron. Gambang kalebu instrument kang
Wilahan demung ukuran dawane kira- dimainake paling cepet sajrone
kira 35,5 cm lan ambane 9 cm. gendhing. Piranti iki duweni piguna
padha karo gender. Gambang dimainke
kanthi loro piranti penabuh kang dawa
gagange. Gagang iki kagawe saka sungu,
dene bagean kang ditabuhake kagawe
saka kayu kang wujude jaya rodha lan
dibebet kain ing sakupengane.

11. Slenthem 12. Gender

Slenthem iku kalebu kulawarga gender Gender iku duweni wilahan 11-12
utawa dijenengi gender panembung. wilah sing tipis lan kagawe saka
Nanging slenthem duweni wilahan perunggu, kuningan, utawa wesi.
cacahe padha karo wilah saron. Wilah gender ditata ana ing tali kang
Slenthem swarane (duweni oktaf) dipasang ing kayu. Ing sangisore wilah-
paling endhek yen katandhingake wilah mau dipasang bumbung sing
kelompok instrument saron. gunane kanggo kothak swara. Piranti
iki pigunane yaiku ngrembakake
melodhi saka saron.

13. Rebab 14. Siter

Rebab yaiku piranti gamelan kang Siter iki piranti gamelan sing dipetik
asale saka Arab (Timur Tengah). kaya gitar. Cacah senare ana 11
Piranti iki cara mainake digesek ing pasang utawa kadhang kala 12 pasang.
dawaine loro. Siter digawe saka dawai kang
dijembrengake ing sisih dhuwur lan
ngisor ing kothak kayu minangka
resonantor swarane.

15. Suling 16. Kendhang

Suling digawe saka pring. Suling Piranti iki dimainake kanthi cara
kadhapuk saka rong jinis yaiku suling ditabuh kanthi kaloro tangan ing saben
pelog lan suling slendro. Suling pelog sisihe. Kendhang minangka pemimpin
duweni 5 bolongan, dene suling wirama saka gamelan utawa sinebut
slendro duweni 4 bolongan. Cara pengatur wirama gendhing. Kendhang
mainke suling yaiku disebul utawa jejibahan miwiti, nyepetake,
didamu. Suling duweni fungsi kanggo nyuwekake, lan menehi tandha ing
nambah swara-swara ing melodhi. gendhing kanggo nerusake utawa
mandheg.

SUMANGGA DIPUNSINAONI LAN
DIPUNAPALAKEN PIRANTI GAMELAN.
BANJUR MANGSULI PITAKENAN
INGKANG SAMPUN SUMADYA!

NUWUN


Click to View FlipBook Version